Ratu Beruk, Garwa Padmi Pb III kang Nyipta Motif Bathik Truntum
Diposting oleh : Administrator
Kategori: Anyar Katon - Dibaca: 691 kali

ASMA paringan dalem Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Kencana garwa padmi Sunan Paku Buwono III (1749-1788) iki uga dikenal kanthi sebutan Ratu Beruk. Garwa prameswari kang siji iki disebut Ratu Beruk merga sifat welas asihe marang para ka­wula keraton Surakarta. Nalika jaman Pa­ku Buwono III, laladan Kasunanan Sura­karta lagi ketaman larang pangan, engga akeh para kawulane kang kaliren merga kurang pangan. Ya merga nyipati kahanan para kawulane iku, Ratu Beruk nyoba me­nehi bantuan beras kanthi takeran beruk utawa bathok saka klapa kan dadi sarana kanggo naker beras.

Ya saka sang ratu kang welas asih marang kawula iku, Ratu Kencana banjur dikenal kanthi sebutan Ratu Beruk. Ratu kang asring ngasta beruk isi beras kang diparingake marang para kawula ing wila­yah Kasunanan Surakarta kang kesrakat mer­ga paceklik gagal panen. Wektu kera­ton pewaris kerajaan Mataram iku ora aman, merga anane pemberontakan Pa­nge­ran Mangkubumi lan Mas Said.

Ahli sejarah saka Walanda kang naliti ngenani sejarah Keraton Mataram, H.J. De Graf nyathet menawa sadurunge ka­gar­wa Sunan Paku Buwono III, Ratu Ken­cana utawa Ratu Beruk iku minangka bakul areng ing laladan kampung Coyudan, Solo. Keng bapa Rartu Kencana ya Ratu Beruk asmane Ki Wirareja, ana ing Solo mon­dhok ing ndaleme sawijining abdi dalem kang kapatah minangka juru tembang ing Keraton Kasunanan Surakarta.

Ndilalahe ing sawijining wektu abdi kang kapatah minangka juru tembang iku sakit, engga ora bisa sowan menyang Ke­raton Kasunanan Surakarta. Lan Ki Wira­reja kasuwun nyulihi utawa ngganti tugas minangka juru tembang ana ing ing ke­raton.

Merga anggone nembang kaanggap mra­nani, Ki Wirareja diangkat minangka abdi dalem kang kapatah minangka juru tembang. Malah merga nalika sowan asring karo anak wadone, ya anake uga dikersake minangka penari bedhaya. Malah pranyata Kanjeng Sunan Paku Bu­wono kaping III iku kepranan marang ka­su­lis­tyane anak wadone Ki Wirareja ing­ga dipundhut garwa.Taun 1762 kaangkat minangka garwa padmi utawa prames­wari. Ki Wirareja uga banjur diparingi gan­jaran pangkat minangka Raden Tumeng­gung (RT) Wirareja.

Ya saka guwa garba Kanjeng Ratu Ken­cana iku mijil Raden Mas Subadya kang mengkone gumanti minangka Paku Buwo­no IV kang nglenggahi dhampar ing taun 1788-1820 Masehi. Ya PB IV iki kang dikenal minangka ahli politik lan pujangga. Salah siji anggitane kang kon­dhang yaiku Serat Wulangreh kang isine ngenani aja­ran moral kanggo para bangsa­wan utawa priyayi.

 

Keturunan Ki Ageng Karanglo

Ratu Kencana utawa Ratu Beruk pranyata isih keturunan kaping enem Ki Ageng Karang­lo. Yaiku sawijining piyayi kang mapag lan nyugata Ki Ageng Pemanahan lan Danang Suta­wij­a­ya (kang mengkone dadi Pa­nembahan Senopati) nalika arep mbukak Alas Mentaok ing tanah Mataram. Wektu iku Su­nan Kalijaga ngendika utawa ngramalake menawa Ki Ageng Karanglo ora bisa nik­mati kamukten nganti tekan keturunane kaping pitu. Na­nging pra­nyata ramalan Sunan Kalijaga ora ka­beh bener. Sebab nalika keturunan kaping enem ana ketu­runan Ki Ageng Karanglo kang bisa melu mukti yaiku anak wadone Ki Wirareja, ketu­runan Ki Ageng Karanglo kang kaping lima. Dening Paku Bu­wono III, Ki Wirareja kaangkat minang­ka Tu­menggung.

Ana ing jagad kerajinan bathik, Ratu Kencana utawa Ratu Beruk uga dikenal mi­nangka penggagas motif bathik kang diarani motif Truntum. Ratu Kencana nyip­­takake motif Truntum ana ing abad 18. Gagasan motif bathik iki saka akehe kembang tanjung padha gogrok ama ing pelataran keputren Keraton Kasunanan Surakarta. Wektu iku Ratu Beruk dhewe ora ngerti kepriye kok tuwuh gagasan kang­go mindhahake kembang-kembang  tan­jung ana ing lembaran kain kang wer­nane ireng. Engga Sinuhun Kaping III  ka­ton kepranan lan ngendika ngemu pitakon. Sing digambar iku apa, kepriye asal usule.

Kanthi polos, Ratu Kencana utawa Ratu Beruk mratelaake menawa piyambake uga ora mangerti mula bukane. Piyambake mung kepengin nggambar kembang-kem­bang tanjung kang padha gogrog ana ke­putren. Kaya lagi wae oleh wangsit, Sinu­hun Kaping Telu iku ngendika diwenehi tenger Truntum. “Kembang-kembang tan­jung iku kaya nggambarake rasa tresnaku marang dhiajeng kang tansaya nruntum (tuwuh) ana ing ati,”.

Ya saka iku lair motif Truntum. Trun­tum sacara harfiah nduweni arti semi iku dadi gambaran katresnan kang lagi ngem­bang. Motif bathik Truntum ora mung se­kadar endah wae, motif bathik iki uga asring diagem ana ing upacara penganten gaya Solo. Biasane motif bathik iki diagem dening wong tuwane pengantin. Motif ba­thik Truntum dadi populer ing kalangan ma­sya­rakat lan ora mung diagem nalika ana ing upacara penganten wae nanging uga acara-acara biasa. Merga motif Trun­tum ora klebu mo­tif larangan, ingga bisa diagem sapa wae. Ora kaya motif parang kang mung mligi kaagem sentana keraton.

Emane ora ana riwayat kang mi­­runggan mangenani kapan se­­da­ne Gusti Kanjeng Ratu Ken­ca­na utawa Ratu Beruk. Garwa padmi Paku Buwono III iki disa­rekake  ana ing Pasareyan Nitikan, Umbul­harjo, Yogyakarta. Pasare­yan kang wis ana ing jaman Ma­taram dilenggahi Sultan Ha­nyo­krowati. Ya ing pasareyan iki uga su­mare putra Panembahan Se­nopati, Raden Rangga. Sunan Pa­ku Buwono I, lan sawe­neh priyayi saka Keraton Kasunanan Sura­karta lan Kasultanan Yogyakarta.

“Tekan saiki pasareyan Ratu Kencana utawa Ratu Beruk isih akeh diziarahi para priyagung saka Kasunanan Surakarta. Merga pasareyan ing Nitikan kalebu wari­san saka Keraton Mataram. Pasareyan dijaga dening para abdi dalem saka Kasu­nanan Surakarta lan Kasultanan Yogyakar­ta,” ujare Muhadi, abdi dalem kang kapatah jaga ing Pasareyan Nitikan, Umbulharjo, Yogyakarta.

 

(Hamid Nuri)

Berita Terkait

img

Samak Minggu Ini

img

img

Sumber Semangat

Pawongan kang cedhak karo GUSTI ALLAH, ora ateges wis ora duwe luh maneh.

Klik

KUBURAN NDHUWUR LEMAH

Masyarakat Dayak Benuaq nduweni cara unik jroning ngramut jisim kulawargane kang wis tilar donya. Yakuwi ora mendhem si mayit nanging dilebokake ing kothak kayu banjur digantung. Sawise mataun-taun, kothak mau banjur dibukak. Tengkorake banjur dilebokake ing kayu kang dicagaki. Umume, saben kulawarga nduweni kuburan dhewe-dhewe, ora dikubur ing kuburan umum. (d/ist)***

Pethilan

Ngatutake publik jroning ngrembug amandemen

Swara rakyat mung dibutuhake na­lika pemilu

Kompromi politik manthengi mawujude kabinet

Kuwi rak asil proses politik

Pulisi nlesih kelompok kang gawe rusuh demo

Pancen wis tugase