Pemkot Surabaya Sajak Ngati-ati

Gedhong Balai Pemuda Surabaya sing nate kobong, nganti saiki pembangunane durung rampung

Gedhong Balai Pemuda Surabaya sing nate kobong, nganti saiki pembangunane durung rampung

Pemerintah Kota (Pem­­kot) Surabaya sajak ngati-ati banget anggone nerusake pembangunan Balai Pemuda tahap kapindho kang dijatah dhuwit Rp 5 miliar iku. Proyek tahap kapindho kasebut nglim­puti pembangunan re­renggan njero bangunan (interior) lan tambahan cungkup ndhuwur wuwung. Pemkot duwe alesan emoh nuwuhake protes saka masyarakat gara-garane pembangunan ge­dhong ora padha persis karo gedhong sing lawas.

Kepala Dinas Cipta Karya dan Tata Ruang (DCKTR) Su­rabaya Agus Imam Sonhaji ngandhakake, saiki pehake la­gi ngrampungake desain (gambar) interior gedhong Ba­lai Pemuda kang kobong dhek sawatara taun kepungkur. Ngrampungake desain iku dudu perkara kang gampang. Awit, desain iku kudu temen-temen slaras karo wujud asli­ne. Klebu bahan kang arep di­pasang ing interior gedhong.

Manut alumnus ITS Sura­baya kasebut, sasuwene iki referensi (buku pituduh) gega­yutan karo detail (perangan sing cilik-cilik) gedhong seja­rah iki sethithik banget.

“Mulane, aku kabeh kudu ngakeh-akehake nganakake konsultasi karo sakehing ahli lan Balai Pelestarian Pening­galan Purbakala (BP3) Trowu­lan. “Rampung sethithik wae dakkonsultasekake,” ujare.

Nerusake proyek Balai Pe­muda, tandhese Agus Imam Sonhaji, uga dudu barang sing gampang. “Mbleset sethithik wae, aku kabeh diprotes ma­sya­rakat. Mesthi umyeg. Mula saka iku, aku pilih ngati-ati banget. Ora ateges ora diga­rap,” kandhane.

Agus duwe pangira-ira yen lelang proyek kasebut nembe diwiwiti suk sasi Mei iki. Jadwal iku klebu rendhet yen ditan­dhingake karo proyek fisik liyane sing adate dianakake ing sasi Januari, Pebruari, lan Maret. Sanajan mangkono, Agus percaya proyek kasebut bakal rampung ing pungkasan taun iki.

Wis samesthine Pemkot Surabaya was sumelang. Se­bab, nalika kurange cungkup telu ing konstruksi wuwung Balai Pemuda wae, langsung nuwuhake sakehing protes. Malah, sakehing pehak kang peduli marang gedhong cagar budaya klakon nglapurake per­kara iki menyang kejaksaan.

Nanging, Ketua Komisi C DPRD Surabaya Sachiroel Alim Anwar ngandhakake ora per­caya klawan target kang wis ditetepake dening Pemkot kasebut. Dheweke nganggep jadwal iku cukup rendhet.

Manut Sachiroel, nutugake pembanguna gedhong, klebu desain interiore, mesthine wis dirampungake Pemkot pung­kasan taun kepungkur. “Yen Mei digarap, aku wani totohan mesthi bakal molor maneh kaya proyek pembangunan pa­yon biyen,” tandhese poli­tikus Partai Demoktar kasebut.

Sachiroel nambahake ma­neh, yen Pemkot kuwatir di­komplin masyarakat, ana be­cike rekanan kang ditetepake kudu temen-temen duwe pe­ngalaman ndandani bali cagar budaya. Upamane, rekanan kang nate nggarap gedhong Wismilak utawa House of  Sampoerna. Dheweke yakin ndandani bali gedhong cagar budaya uga akeh dumadi ing Indonesia. “Nanging, Pemkot kudu waspada marang bab iki. Aja nganti bab-bab kaya iki salah anggone milih rekanan, sing akhire bisa mbubrahi ta­tanan,” tandhese. (Bsh)

Pedagang Pasar Turi; Investor Nyulayani Janji

Pedagang Pasar Turi; Investor Nyulayani Janji

Anyar Katon, Yak Opo Kabare | Posted by | May 10, 2013

Spandhug sing isine protes marang pembangunan Pasar Turi dipasang ing posko Tempat Penampungan Sementara Rasa pegele pedagang Pa­sar Turi

Sapepake

Mbangun Underpass Kanggo Ngudhari Kemacetan

Mbangun Underpass Kanggo Ngudhari Kemacetan

Anyar Katon, Yak Opo Kabare | Posted by | May 6, 2013

Salah siji pojok dalan Mayjen Sungkono kang arep digawekake underpass Kemacetan ruwet nggre­met ing Jalan Mayjen Sungkono antuk tanggap

Sapepake

Lingkar Timur Dikuwasani Pengembang Ngawur

Lingkar Timur Dikuwasani Pengembang Ngawur

Anyar Katon, Yak Opo Kabare | Posted by | April 23, 2013

Lemah kanggo pembangunan Jalan Lingkar Luar Timur (JLLT) wis akeh kang dikuwasani dening pengembang16 Lemah kang bakal digunak­ake kanggo

Sapepake

Terminal Tambak Osowilangun Tetep Kelas A

Terminal Tambak Osowilangun Tetep Kelas A

Anyar Katon, Yak Opo Kabare | Posted by | April 16, 2013

Terminal Tambak Osowilangun (TOW) katon sepi jalaran bis Antar Kota Antar Propinsi (AKAP) wegah mlebu Wali Kota Surabaya Tri Ris­mahari

Sapepake

Page 1 of 1812345...10...Last »