Woow… Internetku banter banget !!

Aiti, Anyar Katon - Posted by on July 26, 2012

Browsing Internet kanthi kecepatan kang dhuwur banget mesthi nyenengake, mula maneka cara ditindakake amrih bisa nyepetake koneksi internet, apa kuwi migunakake software amrih koneksi internet dadi luwih cepet utawa migunakake settingan tinamtu kang diklaim uga bisa nyepetake koneksi internet.

Ing ngisor iki ana sawenehing tips kang bisa digunakake kanggo nyepetake koneksi internet :

A. Ngowahi setting bandwith ing windows (wis diuji ing Windows XP)

Biasane OS windows wis matesi bandwidth kanggo koneksi internet nganti 20% saka total bandwidth kang kudune bisa maksimal, yen kita pengin nambah bandwidth internet supaya koneksine krasa luwih cepet lan kenceng bisa kanthi cara ngurangi utawa ngosongake watesan bandwidth ksb supaya ing Windows kita bisa maksimal nalikane migunakake bandwidth kang wis ana. Mangkene carane:

1.    Klik Start

2.    Klik Run

3.    Ketik gpedit.msc

4.    Banjur klik Ok

5.    Sawise mlebu klik (bukak) Administrative Templates

6.    Banjur klik (bukak) Network

7.    Sawise kuwi bukak/klik QoS Packet scheduler

8.    Banjur klik Limit Reservable Bandwidth

9.    Lan sawise mbukak owahi setting dadi Enable

10. Banjur owahi Bandwidth Limite dadi 0

11. Klik Apply, lan terus Ok

12. Banjur metu lan Restart komputer

B. Migunakake browser Google Chrome utawa Apple Safari

Versi anyar saka browser Chrome lan Safari cepet banget yen dibandhingake klawan Firefox apadene Internet Explorer (wis dicoba lan kabukten pancen adoh bedane). Saran kita pigunakna Google Chrome merga saliyane cepet, Chrome luwih aman dibandhing karo Safari, senajan jroning sawenehing bab Safari kadhang luwih cepet saka Chrome.

Yen kita wis biasa migunakake Firefox lan ora pengin pindhah menyang browser liya, bisa tambahake Add-on “Adblock” kanggo ngblok iklan, gambar lan flash kang aktif. Ana sawenehing Add-on maneh saka Firefox kayadene NoScript kang bisa nyepetake akses internet, nanging emane yen kakehan Add-on malah kadhang ngrendheti akses saka browser Firefox kuwi dhewe.

C. Gedhekake cache browser engga 5% saka kapasitas Harddisk utawa 1 – 2 GB

Cara iki kabukten ampuh kanggo nyepetake akses browser. Logikane yakuwi browser ora perlu saben loading gambar lan thethek bengeke saben mbukak situs kang wis tau dibukak, merga yen situs wis tau dibukak bakal otomatis di-cache dening browser.

Cara iki mung lumaku yen kapasitas harddisk kita cukup gedhe. Umume saben browser ana kang bisa diset kapasitas cache-ne, ana kang otomatis. Yen browser kita ora ana pilihan set cache, tegese kita aja kerep-kerep (utawa ora perlu) clear history ing browser.

Gampang ta? (d)***