Wiwit Mei, Surabaya Nggagas Program Green Building

Anyar Katon, Yak Opo Kabare - Posted by on June 3, 2013

Kepala Dinas Cipta Karya dan Tata Ruang, Agus Imam Sonhaji nalika aweh sesorah ing acara Media Gethering

Kepala Dinas Cipta Karya dan Tata Ruang, Agus Imam Sonhaji nalika aweh sesorah ing acara Media Gethering

Sasuwene iki Surabaya wis kondhang klawan sembo­yane “Green” nandhakake mi­nangka kutha kang ramah ling­kungan. Ing antrane ana istilah green city, green school lan sa­panunggalane. Tetenger Sura­baya minangka ‘kota hijau’ iku malah wis kesohor nganti tekan manca. Ya merga saka iku, wiwit Mei iki Pemkot Surabaya bakal terus-terusan nepungake pro­grame sing anyar kang karan green building. Tegese, bangu­nan-bangunan ing Kota Pahla­wan kaya dene gedhong per­kan­toran, pusat belanja (mal), lan uga gedhong pemerintah, diajab kudu nduweni wawasan minangka bangunan kang ra­mah lingkungan.

Kepala Dinas Cipta Karya dan Tata Ruang Pemkot Sura­baya, Agus Imam Sonhaji ngan­dhakake, sasuwene iki Pemkot wis mbudidaya sarosane ang­gone nepungake program green and clean ing kampung-kam­pung, saengga padunungan ing Surabaya dadi luwih resik, asri lan edhum. Nanging, program kasile program kasebut durung diadopsi kanggo dherah per­kotaan.

“Mei iki kita biwarakake me­nawa gedhong kang dibangun kita arahake dadi green buil­ding. Kita bakal nggandheng sawatara ahli saka ITS,” ujare Agus ing acara ‘Media Gathering’ kanthi tema “Surabaya Single Window (SSW) lan Green Building, Rebo (24/4) kepungkur.

Manut Agus, wis wayahe ba­ngunan-bagunan ing Surabaya duwe ciri khas green building. Salah siji ukurane yaiku ge­dhong kasebut kudu irit energi. Apamaneh ing tembe klawan anane monorail lan trem, jelas Surabaya bakal mbutuhake energi listrik luwih akeh. “Rak lucu yen trem mandheg ing te­ngah dalan merga kekurangan tenaga listrik. Mula saka iku kudu diwiwiti saka saiki. Yen ora diwiwti saka saiki, akibate bakal krasa suk ing taun-taun can­dhake,” tambahe tilas Kabag Bina Program Pemkot Sura­baya iki.

Sawatara iku Maria Anitya­sari, ahli saka ITS nerangake, Surabaya wis dadi kutha kang ndhisiki anggone mawujud­ake green city lan eco city. Ditam­bah­ake, bangunan ge­dhong iku umure dawa, bisa 30-100 taun luwih. Yen bangunan kasebut ora didesain klawan konsep green building, bakal nyumbang pe­manasan global. Apamaneh adhedhasar data saka Leadership in Enviromental Desaign (LEED), bangunan gedhong nyumbang karbon engga 50 persen. “Supaya bisa kaya ngo­no, kang kudu ditindakake yaiku aweh bebana lan ukuman (reward lan punishment). Dene sing ora kalah wigatine, kegi­yatan iki dudu upaya kala-kala, nanging masyarakat kudu disa­dharake,” tandhese Maria.

Sawise nindakake kampanye green building, Pemkot Suraba­ya bakal nganakake Green Building Award 2013. Mesthine ditin­dakake klawan nganakake eva­lusi greenship marang bangu­nan-bangunan kang ana ing Su­rabaya. Kanggo tahap wiwitan, bangunan kang dievaluasi yaiku gedhong perkantoran lan mal. Sawise iku dianakake peren­canaan greenship lan gawe peta green building. Banjur disusun roadmap ngapikake mutune bangunan.

Ahli Komunikasi Unair Suko Widodo ngandhakake, gagasan green building iku narik banget, sebab sasuwene iki sing akeh ditandur ing Surabaya iku ba­liho. “Sing wigati, kepriye carane anggone ngleksanakake. Utawa carane sing duwe gedhong iku insyaf,” ujare.

Sawatara gegayutan karo Surabaya Single Window (SSW) mau, Agus Imam Sonhadji ngandhakake, program kasebut dilaunching kanggo mangsuli tudingan pelaku donyaning usaha jarene yen ngurus idin ing Pemkot ruwet lan mbulet kathik ragade akeh. Manut priya ke­lairan Kediri iki, SSW dirancang kanggo nggampangake metune idin sing sasuwene iki nyang­kutake sakehing dinas. “Iku dadi kawigaten kita. Mulane kita te­pungake modhel (SSW) kanggo mangsuli tudingan mau. Yen mengkone durung sampurna, ya merga gaweyane manungsa,” tandhese.

Agus aweh conto, perijinan bangunan restoran. Sasuwene iki ana sakehing perijinan nyang­kutake sakehing dinas kang kudu ditindakake kanggo ngurus idin restoran kasebut. Saliyane Ijin Mendirikan Ba­ngunan (IMB) ing Dinas Cipta Karya dan Tata Ruang, banjur idin gangguwan (HO) ing Badan Lingkungan Hidup lan uga idin Amdal Lalin ing Dinas Perhu­bungan. “Tujuwan kita, yen per­ijinan dadi gampang, mula in­vestasi bisa dadi apik. Lha, ja­laran lapangan kerja sumadiya, jelas akeh wong sing bisa kerja,” tandhese. (Bsh)