Wewadine Watu Item ing Undhag-undhagan Pasareyan Imogiri

Anyar Katon, Flash, Pasujarahan - Posted by on February 28, 2013

Ana sawatara warga kang nyoba miyak misteri watu item kang tinemu ing undhag-undhagan Pesareyan Imogiri. Ana kang ngarani watu item kuwi minangka tandha kuburane Tumenggung Endranata utawa kanggo mendhem mustakane R Trunajaya. Apa ya mangkono?

 

Sultan Agung

Sultan Agung

Lhah ing kene pangripta nyoba miyak wewadi kang nglimputi watu item kuwi mau, lelandhesan katrangan Babad Kraton anggitan RTg Jayaningrat taun 1777-1778 M ing jaman Kangjeng Sultan Hamengku Buwana I jumeneng nata (mirsanana I Panca Suyata, Babad Kraton 2 Jilid weton Djambatan Jakarta 1992).

Kacarita nalika semana Kangjeng Sul­tan Agung lenggah sinewaka kaadhep para putra sentana sarta abdi dalem reh jaba-jero pepak, ora keri para bupati manca nagari. Ing dalem pasowanan Kangjeng Sultan angandika

”Apa karaning Pathi, si Adhi Pragola nora katon seba, iki pepek wong pasisir, mancanegara ing kala mangsa iki.”

Tg Endranata kang kajumenengake minangka pangarsa tlatah Demak matur nembah.

”Amba miyarsa warti, nenggih rayi pa­duka, amba arsa balika, genti waris ing Metawis, amalik tingal, paduka den ayoni, apan mangke rayi dalem pradandanan nglurug mariki, pan negari paduka pasisir ler punika sedaya dipunirupi, Lasem, Yu­wana, Grobogan wus keni, nanging Demak kang maksih mepen ing kutha, Kudus ing Jepara Kalinyamat wus kena, Pajakungan Rembang keni, kawenang-wenang rayi dalem ing Pathi.”

Semu duka liringe Kangjeng Sultan

”Lah iya adhi Pathi, ngayoni pun ka-kang, lah uwa Purubaya samya pinikir ing galih, yogya tandhing perang lawan si adhi Pathi, wong Mataram den enggal padha dandana, besok ingsun tindaki.”

Para adipati atur sembah ‘sandika’

Pasareyan Imogiri yasan Sultan Agung kanggon nyarekake sawatara ratu Mataram

Pasareyan Imogiri yasan Sultan Agung kanggon nyarekake sawatara ratu Mataram

Sawatara kuwi ing Pathi uga dianaka­ke pasowanan. Para sentana kayata Kan­dhuruwan, Sawunggaling, Arya Sindureja, Tg Rajamenggala, Tg Tohpati, Wirasraya, Cakrajagat, padha prasetya bela marang Adipati Pragola. Ana saweneh mantri sepuh nama Mangunjaya matur sarya nangis.

”Adhuh angger gustiningwang dipun enget sampun kadhaharan atur pun Endra­nata punika, Endranata inggih ratu­ning belis Mataram, ratuning drengki.”

Adipati Pragola ngandika

”Lah uwis bapa menenga, apan ing­sun tan bisa gingsir sanggup, ujare den kaya semba, iya bapa sun labuhi.”

Enggaling carita, Kangjeng Sultan ma­ngarsani para wadyabala Mataram nedya nglurug ing Pathi. Tan winarna dumadi prang rame antarane wadyabala Mataram lumawan wadyabala Pathi. Sajrone pa­prangan Tg Endranata sabergada kasoran ing yuda, banjur keplayu lan malik tingal mbelani wadya Ad Pragola. Kaya wis pi­nesthi ing Ywang sajrone ulah yudha Adi­pati Pragola palastra sawise tinumbak nganggo tumbak Ki Baru dening lurah kapedhak Ki Nayaderma. Meruhi kahanan kaya mangkono Tg Endranata banjur malik tingal maneh lan mbelani wadya Mataram. Wadya Pathi tinumpes pupus. Wadya Ma­taram unggul yudha. Tan kawarnaa randha dalem Adipati Pragola banjur kaboyong menyang Mataram.

Sapraptane ing kedhaton, banjur tu­mama ing pura. Cundhuk lan Kangjeng Sultan. Meruhi rawuhe keng rayi, prames­wari dalem anjerit banjur rinangkul kang rayi.

Nulya Kangjeng Sultan ngandika, amariksa mring keng rayi.

”Sang dyah ayu, apa kang dadi jalarane adhimas Pragola ambalik, wani mring mami, ngayoni mring wong tuwa”. Sang Dyah sembah matur

”Abdi dalem Endranata, kang ngabeni mila arinta ambalik”. Mireng ature keng rayi langkung duka Kangjeng Sultan.

Liya dina nalika Kangjeng Sultan miyos lan lenggah sinewaka ing sitihinggil ka­adhep wadya andhawahake dhawuh nger­sakake sowane abdi dalem Martalulut lawan Singanagara. Kocap sapraptane abdi Kangjeng Sultan ngandika

Watu item ing undhag-undhagan

Watu item ing undhag-undhagan

”Sudukana si Endranata den mati ana ing pagelaran”. Wadya kabeh padha ajrih mirsani dukane Kangjeng Sultan, padha konjem mukane. Tan antara suwe Tu­menggung Endranata lampus, pan bine­dhel ususe, kinarya balabar aneng alun-alun Karta kunarpane. (Babad Kraton Jilid I pupuh LI Durma- LV Durma). Ngenani malik tingale Tg Endranata uga kacarita ing Babad Tanah Jawi Balai Pustaka, 1939-1941 Jilidan IX-X).

Dene ngenani lelampahane Trunajaya kacarita mangkene. Sawise Trunajaya ka­pikut, banjur kagawa menyang kedhaton Mataram. Prapta ing ngarsane Kangjeng Susuhunan Amangkurat, Trunajaya leng­gah tumungkul, lir konjem siti mukane. Kangjeng Susuhunan angandika.

”Heh bagia adhi Trunajaya, den kepara ngarsa kene” Trunajaya anuwun sarta sembah sumungkem sih.

”Lah ubayaningsun, adhi sira luwarana, iya ingsun ora duwe ujar kalih, ing mengko tampanana, dene ingsun dhingin wus ajangji lawan sira, yen arjaning lampah, sira jaba sun jero, rat Jawa sun tan weruh, darma bae dadi nrepati, sira kang duwe­nana, bangbang pangalum-aluming nagari, sun apasrah marang sira Adhi Trunajaya, ingsun tan ngawruhi, mangsa bodhoa sira”. Trunajaya sandika nuwun sih. Kangjeng Susuhunan alon ngandika.

”Padha seksenana kabeh, luware jang­jiningsun adhi Trunajaya sun srahi ngrat Jawa wus kelakon, iku kaulingsun, heh adhi Trunajaya kari  siji kang durung ingsun luwari, duk ingsun aneng Tegal, ingsun adhi aduwe punagi, mengko adhi sira luwarana, kerisku di Balabar iku, alawas tan sumarung, iya nora ingsun sarungi yen durung anyarunga adhi ing jajamu”

Sigra para adipati nyaosake Trunajaya ing ngarsa. Kangjeng Susuhunan tedhak seka dedhampar amerepeki. Trunajaya ginoco jajanya, anerus ing walikate, ludi­ranya sumembur. Kangjeng Susuhunan asru denya angling

”Heh sakehe para punggawaningwang, padha nguntala atine.”

Sigra sami rinebut dening sagung para adipati, kaduman nyawuku, mustakane wus tinigas lan katur sinandhing sangi­soring dhampar. Kunarpane cinacah cacah dening Tg Jangrana lan Tg Anggajaya. Bubar kuwi Kangjeng Susuhunan kondur angedhaton, mustakane binekta ing pasareyan kinarya kekesed padaning Kangjeng Susuhunan, para selir sarta kang padha sowan.

Liya dina Kangjeng Susuhunan lenggah siniwaka aneng dedhampar kaadhep putra sentana lan wadya. KS ngandika.

Salah sijine warga mlaku ngidak watu item

Salah sijine warga mlaku ngidak watu item

”He lurahing para nyai, samya bebeka mustakane Trunajaya jroning lumpang”  para selir lan para nyai enggal ambe­bek kang mustaka. (babad Kraton Jilidan II pupuh XCVI Dhandhanggula pada 39-52). Ing kono kasebutake mustakane Trunajaya kagawa ing pa­sareyan lan kinarya kekesed. Tembung pasareyan ing kono kang dikarepake yakuwi papan olehe sare Kangjeng Susuhunan ing dalem kedhaton Karta­sura lan ora ana sambung rapete lan pasareyan Imogiri.

Nasib kunarpane Tg Endranata sa­wise didunungake ing alun-alun apa­dene mustakane R Trunajaya sawise kabebek jroning lumpang ora kacarita dununge dening R Tg Jayaningrat. Te­gese dununge bisa ing ngendi papan.

Mirid seka kabiyasane wong Mata­ram tumrap para kang kumawani mba­lela ing Ratu, jisime para kang kuma­wani mbalela biyasane ingedohake saka Ratu sarta kedhaton Mataram. Kayata jisime P Dipanegara putra dalem KS HB III kapethak ing Makasar, banjur jisime Gusti Amat putra dalem KS HB V kapethak ing Menado. Ateges jisime Tg Endranata apadene mustakane Truna­jaya bakal ingedohake saka ratu lan ke­dhaton Mataram.

Mula manut pangrasaku dununge watu item ing undhag-undhagan pesareyan Imo­giri kuwi ora kanggo mendhem musta­kane R Trunajaya apadene kanggo ngubur ku­nar­pane Tg Endranata. Crita gepok seng­gole watu item lan R Trunajaya apadene Tg Endranata ora liya minangka tandha pengeling-pengeling tumrap kawula, pra­yoga ora kumawani mbalela ing ratu. Wasana nyumanggake. (*)