Werdine Kembar Mayang

Anyar Katon, Flash, Kawruh Sapala - Posted by on December 4, 2011

Kembar Mayang kuwi piranti kang tuhu wigati tumrape bebrayan Jawi. Utamane kanggo upacara adat, luwih-luwih ing acara manten. Akeh Pamengku gati (wong tuwane manten) kang nuntut piranti iki kudu ana ing upacara manten, mligine temu manten, lan bakal nesu yen uba rampe iki ora ana utawa ora padha karo kang dikersakake (kayata: janure wis bosok, wujude ora jangkep lsp).

Kalungguhan iki penulis kepengin melu urun rembug ngonceki, ana werdi apa ing sajerone Kembar Mayang, saengga dadi piranti kang wigati?

Wujude Kembar Mayang

Miturut para winasis wujude kembar mayang lumrahe ana unsur:

a.  Mayang (kembange jambe)

b. Wit gedhang (debog)

c. Ron klapa enom (janur) rineka: keris-kerisan, walang-walangan, payung-payungan, manuk-manukan lan pecut-pecutan.

d. Ron-ronan liyane: ron alang-alang, dhadap srep, wringin, kemuning

e. Kembang mawar, mlathi, kanthil.

f.  Woh nanas

g.  paidon

Arti literal (letterlijk)

Miturut harfiah, Kembar Mayang kuwi dumadi saka tembung Kembar kang tegese 1. padha rupane. 2. Rangkep, 3. Bocah kang lair bareng (S.A.Mangun Suwito 2002:99), lan tembung Mayang kang jarwane 1. kembange Jambe. 2. nglakokake wayang (Sudaryanto Pranowo 2001:570). Dadi yen ditegesi literal kang cocog karo wujude, tembung kembar mayang kuwi: “wewujudan piranti upacara manten Jawa cacahe 2 kang digawe saka unsur ron, kembang & woh kang diwenehi mayang minangka bakune lan digawe padha rupane”.

Kembar mayang gagrak Yogya, kang nggawa ibu-ibu kang wis ora nggarapsari (menopause)

Arti substansi

Leluhur Jawa nggawe kembar mayang kanggo piranti upacara manten Jawa, ora liya kanggo:

1. Pepasren (aksesoris)

Yen dinulu wangune kembar mayang iku endah banget lan cocog yen digathukake karo dekorasi nuansa Jawa liyane. Kayata kursi ukir manten, gebyok lsp. Yen ana dekorasi manten nuansa Jawa ora ana kembar mayange, prasasat kaya masakan tanpa uyah, cemplang.

 

2. Simbol/lambang

Wiwit kuna-makuna yen leluhur Jawa nduweni kabudayan kang sistim lan metode budayane nggunakake simbol-simbol utawa lambang-lambang minangka sarana/media nitipake pesen-pesen kanggo generasi peneruse. Paham/aliran tata pamikiran kang ndhasarake dhiri marang simbol-simbol iku sinebut: simbolisme. (Budiono Herusatoto 1984:5) saking rakete sesambungan kabudayan manungsa lan simbol-simbol saengga manungsa kuwi uga sinebut “makhluk bersimbol”. Malah ana sarjana kulon sing dhawuh “A man is animal symbolicum” (manungsa kuwi kewan kang bersimbol). Tegese, kang mbedakake manungsa karo sato kewan yakuwi, yen manungsa anggone mikir, ngrasa lan tandang tanduke bisa nggawe & nrima ungkapan-ungkapan kang ngandhut simbolis, yen sato kewan ora bisa (Ernst Cassirer 1944:11).

Sabanjure, Simbol/lambang apa kang arep dititipake leluhur Jawa liwat piranti Kembar Mayang, utamane ing babagan mangun bebrayan?

A. Manunggaling kawula lan Gustine

Mayang kuwi kajaba ditegesi kembange jambe, uga bisa diothak-athik gathuk jarwa dhosok Mayang = Manembah + Hyang (personifikasi saka Tuhan). (Inggris) = God, (Arab) = Ilah, (Jepang) = Shin, (Cina) = Thian, (Jerman) = Gott, (Mesir) = Amon, (Prancis) = Dieu, (Spanyol) = Dios. Dadi Kembar Mayang kuwi minangka pesen/piweling para leluhur Jawa/wong tuwane manten kanggo manten sakloron, anggone omah­omah kuwi minangka srana/dalan supaya bisa luwih tumemen manembah marang Gusti, dudu malah kosok baline, sarampunge temu manten lan mbangun kulawarga banjur lali marang Gustine. Bebrayane bakal adhem ayem tentrem lestari yen tingkah lakune cundhuk/keplok marang Dhawuh Gustine.

B. Bisa dadi wong kang Pluralis (sinau ngajeni liyan/nyaman urip ing keberagaman)

Manungsa ing jagad iki dititahake ora kembar/maneka warna Suku, Agama, Ras & Golongane (SARA), utawa karipta plural/jamak ora singular/tunggal.

Nadyan cinipta plural ning ora dititahake padha rebut unggul utawa malah ngasorake manungsa liya adhedasar SARA. Ing kitab suci difirmanake yen manungsa kang mulya kuwi ora dideleng saka SARA, ning saka tumemene panembah (takwa) marang Gusti (Qur’an: Al Hujuraat 13). Nadyan manungsa cinipta maneka warna ning kudu bisa ngajeni marang liyan adhedhasar rasa kamanungsan utawa ngurmati Hak Asasi Manusia (HAM). (HAM kuwi, hak-hak dasar/pokok kang diduweni kabeh titah manungsa wiwit lair procot ning jagad minangka peparing Gusti kang Maha Wikan.

Ing Jaman modern HAM bisa diperang dadi 6: 1. Personal Rights: bebas nggilut agama, bebas ngetokake pendapat lsp. 2. Property Rights: bebas nduweni, dol tinuku barang & jasa lsp. 3. Rights of Legal Equality: Hak pikoleh perlakuan kang padha ing masalah hukum. 4. Political Rights: hak ikut serta ing pemerintahan, hak pilih & dipilih ing Pemilu lsp. 5. Social & Culture Rights: hak milih pendidikan & ngembangake kabudayan. 6. Procedural Rights: hak pikoleh perlakuan tata cara peradilan & perlindungan. (Sunardi H.S & Mas’udi Asy 2004:88)

Yen ditarik ing masalah mangun bebrayan, lanang wadon iku, nadyan padha makhluk titahing Gusti ning beda jenis kelamine, mesthi wae beda cipta, rasa lan karsane. Para leluhur Jawa maringi piweling marang lanang wadon kang arep mangun bale wisma sarana Kembar Mayang iku, bisane manunggal dadi sawiji, kekarone kudu gelem ngakoni yen sejatine pasangane kuwi ora karipta padha kayadene dheweke, mula kudu gelem sinau ngajeni perbedaan, nylarasake/ngembarake cipta, rasa lan karsa sarta siap rumangsa nyaman urip ing keberagaman.

 

3. Tulak Balak

Miturut kacamata ilmu Fisika, ing ndonya iki Titahing Gusti kuwi dipilah dadi 2 macem yakuwi 1. barang urip (manungsa, kewan & tetuwuhan) & 2. barang mati. Barang mati kuwi wujude ana 3 yakuwi padat, cair lan gas. Kembar mayang kuwi bisa digolongake barang padat. Kabeh barang padhet kuwi kasusun saka atom. Atom kuwi nduweni inti Atom (nucleus) kang dumadi saka partikel-partikel kang ngemot muatan partikel-partikel Proton (positip) lan Neutron (netral) kang diubengi Elektron (negatip) kang obah terus-terusan. Elektron ing atom iku bisa mlebu-metu ing susunan Atom. Yen electron metu saka susunan atom mula jumlah Proton luwih akeh, saengga Atom sinebut bermuatan positip, mangkono uga kosok baline. Atom bisa duwe sipat Netral yen jumlah proton ing Nucleus padha karo jumlah Electron kang ngubengi inti Atom. Ana Hukum Fisika sing muni: sebuah benda netral dapat bermuatan listrik statis dengan jalan digosokkan (dihangatkan). Benda yang bermuatan listrik sejenis (positip­positip/negatip-negatip) bila saling didekatkan akan tolak menolak, sedangkan benda yang bermuatan listrik tidak sejenis (positip-negatip) bila didekatkan akan tarik­menarik. (Etsa Indra Irawan & Sunardi 2008:3).

Kembar Mayang ora mung digosok sarana piranti kang sipat lair (contone digepyokake pundhak kanan kiri manten kakung ing panggih gagrak Yogya) nanging uga digosok kang sipat batin kayadene mantra/dunga nyenyuwun marang Gusti kanthi tumemen bakal bisa bermuatan listrik statis, lan sedya ala (balak/electron) ing salirane pengantin sarimbit muga bisa tulak-tinulak, Addu’au dif’ul balaa’i dunga bisa nulak balak, mangkono dhawuhe para winasis, saengga pengantin bisa manggih rahayu.

Geneya leluhur Jawa milih sanepa nganggo Mayang kembange jambe, kok dudu Manggar kembange klapa kanggo upacara manten? Ora liya tanduran jambe kuwi wite tegak lurus lan kembange ya kuwi mayang 90% bakal dadi woh. Mula minangka lambang lan kekudangan yen gegayuhan kepengin kasembadan kudu madhep mantep mempeng lan lempeng anggone mbudidaya, ora wigah-wigih, ingah-ingih lan malang tumoleh.

Raminten anake Sura Menggala, cekap semanten piatur kula. Tuku kupat ing Ponorogo, yen lepat nyuwun pangaksama. (cuthel) **