Patih Sengkuni ing Antarane Duryudana lan Yudhoyono
TUMRAPE wong Jawa, Patih Sengkuni mono dadi lambang kadursilan. Mula yen jroning
era-eru Partai Demokrat Anas Urbaningrum nganti nyebut jeneng “Sengkuni”, iku sindhiran njarem marang para petinggi Demokrat kang nggoyang kalungguhane. Nanging yen Ngastina ana Prabu Duryudana, ing Partai Demokrat ana (Susilo Bambang) Yudhoyono. Kepriye sakarone anggone ngrangkani Sengkuni?

Patih Sengkuni, disimak model tangan lelorone
ING kaset-kaset lawas dhalang kondhang suwargi Ki Nartosabdo, Patih Sengkuni lan Raden Dursasana ing adegan pagelaran njaba kerep “curhat” utawa ngudarasa. Geneya bebrayan Jawa ora ana siji-sijia sing gelem majang wayang Sengkuni apa Dursasana kanggo rerenggan ruwang tamu. Tembunge Dursasana karo mbedholi wulu kelek, “Sing dipasang mesthi Gathutkaca, Werkudara apa Semar. Ho ho hoooooo……!”
Ing Jakarta, yen ta ana kompleks perumahan sing masang jeneng Sengkuni – Kartamarma – Dursasana kanggo jeneng, mbokmenawa mung Kompleks Dirgantara, Halim PK, Jakarta Timur. Kanggone bebrayan Jawa, genah kuwi “sengkring” ana kuping. Apa wis kekurangan jeneng tokoh wayang sing becik? Mbok menawa wae pihak sing ngemonah (developer) perumahan pancen ora mudheng bab sejarah wayang lan pribadine saben paraga mau.
Tokoh budi candhala
Ing antarane tokoh-tokoh dursila saka Ngastina utawa mligine Kurawa, Patih Sengkuni kang nom-nomane aran Harya Suman utawa Tri Gantalpati, mujudake kumpul lan manunggale sakehing tindak kadursilan. Dheweke mujudake paraga wayang sing drengki, srei, seneng ngathok, tukang mitenah kang uga ahli sajroning lembaga intrik & pengembangan isyu. Pendhita Durna pancen uga kondhang minangka tokoh sing dursila, ewa semono isih ana sipat becik lan luhure yen katandhing karo Sengkuni kuwi.
Diwawas saka wewujudan wayange, patih Sengkuni gagrag Yogyakarta utawa Surakarta kabeh digawe gusen, mringis setengah gumuyu, nanging gumuyu kang ora ekhlas, merga kebak ing pangreka daya. Gambaran rai ora cundhuk karo rasaning batin. Diwaspadakake uga modhel tangan lelorone. Sisih ngarep nuding, mengku teges yen Sengkuni mono dhemene nyalahake pihak liya utawa cari kambing hitam. Wondene tangan mburi, diwangun mirip tangan buta, kuwi nuduhake yen Sengkuni mujudake paraga sing srakah aluamah kaya dene raseksa.
Saben ana tindak kadursilan saka kulawarga Kurawa, ing kono mesthi ana Patih Sengkuni. Ing ndalem lakon Pendawa Dhadhu lan Bale Sigala-gala, dheweke uga sing dadi aktor intelektuale kanggo gawe cilakane kulawarga Pendhawa. Dalasan kalungguhan patih kang dikuwasani, uga mujudake asiling konspirasi (sekuthon) kebak kaculikan ing jaman panguwasane Prabu Pandhu Dewanata. Ing lakon Gandamana Luweng mau, Sengkuni sengaja njlomprongake Patih Gandamana saengga kecemplung luweng. Ning bareng kadenangan pokal culikane, Sengkuni diajar Gandamana nganti lenggek-lenggek. Saka kene iki banjur tuwuh jeneng Sengkuni, awit saka tembung: saka uni.
Sengkuni mono adhine Dewi Gendari, ibune kulawarga Kurawa kang 100 cacahe. Wiwit nom-nomane kang isih nganggo jeneng Harya Suman, dheweke cedhak banget karo kalangan istana Gajahoya, merga kala semana Prabu Dhestarastra dadi pejabat sementara raja Ngastina. Mula yen sabanjure Jaka Pitana -jejuluk Prabu Duryudana sawise dadi ratu Ngastina- ketularan atine ala, iku mujudake asiling kadherisasi watak Sengkuni, kanggo nglestarekake kalungguhan patih. Ning yakuwi, kanggo panebusing dursila lan budi candhala, ing ndalem Perang Baratayuda Sengkuni tiwas disuwek-suwek Werkudara, wiwit cangkem nganti dubur canthuka.
Sengkuni lan Demokrat

Kader Demokrat teken pakta integritas ing ngarepe Pak SBY
Jroning status utawa personal message blackberry messenger-e, Ketua Umum Partai Demokrat Anas Urbaningrum nulis bab “Politik para Sengkuni”. Dheweke ngakoni yen tulisane mau satemene ora katujokake marang sapa-sapa. Nanging ngelingi tulisan kasebut timbul ing satengahe era-eru politik Partai Demokrat, ora nggumunake yen banjur ana panduga menawa tulisan mau ngener marang para elit politik Demokrat kang mbudidaya nggoyang kalungguhane. Dadi pawadane Anas Urbaningrum kasebut pancen sinamun ing samudana.
Kabeh mau kawiwitan saka asiling survei SMRC (Saiful Mujani Research & Consulting). Saka sakehing partai kang mudhun elektabilitas (tingkat keterpilihan)-e jroning Pemilu 2014, disebutake yen Partai Demokrat terjun bebas bareng karo PKS. Yen ing Pemilu 2009 partai alambang bintang Mercy kuwi kasil ngirup suwara 27 %, ing Pemilu 2014 mbesuk mung nganthongi suwara 8,2 % wae. Ya wiwit kuwi bumine Partai Demokrat dadi gonjang-ganjing, nganti para petinggine padha kekes tintrim. Kaya dene Ruhut Sitompul ndhisik, Jero Wacik lan Syarifudin Hasan uga ndakwa yen amblege partai jalaran kesandera isyu korupsi kang nggubed sang Ketua Umum.
Mesthi wae Anas Urbaningrum grisinen kanthi stigma (cap) kasebut. Ing atase wis digaransi kanthi sesumbar “siap digantung di Monas” yen ta melu korupsi Proyek Hambalang, teka wong padha ora percaya? Ngugemi marang AD/ART partai, apa maneh antuk panyengkuyung saka para DPD (dewan pimpinan dhaerah); dheweke emoh mundur sapecak saka Ketua Umum. Malah kaya dene sing kacetha ing blackberry messenger-e, Anas Urbaningrum mung ngudarasa prakara “Politik para Sengkuni”.
Ing sisihe Sengkuni tansah ana Prabu Duryudana, lan ing Partai Demokrat ana (Susilo Bambang) Yudhoyono. Sipat laire sakarone pancen ora beda, padha dene gedhe dhuwur, gagah pideksa tur kebak pangaribawa. Nanging karakter utawa budi pakartine genah beda. Duryudana tansah dipengaruhi Patih Sengkuni, ora duwe adeg-adeg dhewe. Wondene Yudhoyono sing uga Presiden RI, salwiring prakara dilelimbang kanthi wening, dimenebake dhisik, banjur dipratelakake ing ndalem pidhatone kanthi ukara-ukara sing lembah manah kebak trapsila.
Minangka Ketua Dewan Pembina lan Ketua Majelis Tinggi, para kadher percaya yen amung panjenengane sing bisa dadi “Penyelamat Demokrat”. Jan-jane, adoh sadurunge survei SMRC mau, minangka priyayi Jawa kang njawani, Yudhoyono ngajap sapa wae kang katut uleganing isyu korupsi, bisa rumangsa. Tegese, banjur padha mundur karana aris saka jabatane, tanpa kudu Ketua Dewan Pembina tumandang. Kanyatane pos klowos kabeh, Andi Mallarangeng dhewe mundur sawise KPK aweh label anyar: tersangka.
Gajah ngidak rapah

Anas Urbaningrum
Sang Yudhoyono dhek minggu wingi wis nyoba nylametake Partai Demokrat sing kaya dene bayi ing pinggir waton mau. Bola-bali kae karang priyayi Jawa, panjenengane ngudhari reruwet iki ora uwal saka filosofi “menang tanpa ngasorake”. Amrih Anas ora kelangan rai, lan para pendhukunge ora kosek, jalan tengah sing ditemah yaiku: Anas Urbaningrum tetep Ketua Umum partai, nanging kabeh wewenange diliyer menyang Ketua Majelis Tinggi. Ing dalem Puri Cikeas, bengi kuwi Pak SBY ngendika, “Amrih Anas Urbaningrum bisa tuwajuh ngadhepi kasuse kang lagi diurus dening KPK.”
Sagrabyasan iki pancen bisa ngleremake swasana. Anas Urbaningrum sing kalungguhane dipronggoli, semune lila legawa donya ngakerat. Ketitik dheweke malah nggethu maca buku Mahabarata sing magepokan karo Patih Sengkuni. Dalasan rikala bali mulih menyang omahe ing Duren Sawit, dheweke mung weling karo para pendhukunge amrih aja lali padha maca buku Mahabarata lan neniteni karakter Patih Sengkuni. Ing kono pancen ana crita (lakon Pandhawa dhadhu – Red), Prabu Puntadewa kelangan kalungguhane minangka raja Ngamarta amarga kalah jroning kasukan dhadhu.
Apa Anas Urbaningrum ngrumangsani awake kayadene Prabu Puntadewa? Lha embuh ya! Sing genah lekase sang Yudhoyono anggone ngrangkani Anas Urbaningrum mau ora sepi ing kritik. Kalangan pengamat lan politisi DPR rumangsa gela, dene Pak SBY malah nambah-nambahi gaweyane ing atase dadi Presiden RI. Wektu-wektu sing kudune kanggo ngurus negara, akeh sethithike bakal kacuwil kanggo ngurusi partai. Mangka ing ndalem pidatone Pak SBY wis bola bali weling, mentri saka partai aja mung ketungkul ngurusi partai, kudu tuwajuh ngurusi rakyat. Jebulane….., iki rak bebasan gajah ngidak rapah! (*).
Ana Ngendi Dununge Wayang Iku?
Bathara Bayu Ing pedhalangan wayang kulit purwa, sing diarani “Kahyangan” iku mujudake papan palenggahane para dewa. Tembung kahyanga
Sethithik Ngonceki Tontonan Wayang Purwa (2)
5. Aji Candha Birawa Aji iki sing duwe sawijining begawan apengawak raseksa. Jenenge Bagaspati. Wusana aji Candha Birawa iki diturunake m
Sethithik Ngonceki Tontonan Wayang Purwa
Wayang purwa utawa sering disebut wayang kulit, sawijining tontonan kang umure wis cukup suwe. Ing dina saiki isih tetep lestari ...
Miyak Tuladhan Crita Wayang ing Serat Tripama
Yogyanira kang para prajurit, Lamun bisa samya anuladha, Kadya nguni caritane, Andelira sang Prabu, Sasrabahu ing Maespati, Aran Pa



