Tumbal Kaculikan (1)

Cerita Rakyat - Posted by on July 5, 2012

Wayah esuk  langite  su milak, ngrenggani desa Jenar Lor. Desa cilik sing dununge mung sawetara dohe saka sa­modra kidul. Saengga senajan lagi wektu esuk, nanging ha­wane wis krasa panas.

Nalika kuwi ngepasi dina Kemis Wage, sasi Sapar, lumebu ing petungan taun kawolulas mungguh etungan dina, sasi lan taun yasane Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Jala­ran nalika Sultan Agung kang ngasta bawat pusaraning adil, kejaba grengseng lan mempeng anggone lumawan bangsa Lan­da, panjenengane uga yasa pe­tungan taun lan pranata mangsa kang luwih njawani. Satemah je­neng dina, pasaran, sasi lan taun sing sakawit ngemu tem­bung Sansekreta, banjur diganti pocapan utawa tembung Jawa. Sadurunge ana petungan yasane Sultan Agung, dina Kemis Wage iku saka­wit aran Respati Cemengan, utawa Res­pati Kresnha.

Lan merga piwulang yasane Sultan Agung, ing bebrayan Jawa tuwuh padatan nyekar ing pasareyan-pasa­reyan. Mangkono uga sing dumadi ing desa Jenar Lor. Wong-wong padha ndli­dir merlokake tuku kembang lan uba rampe ing pasar desa Jenar We­tan. Desa Jenar iku cacahe ana telu. Yaiku Jenar Lor, Jenar Wetan lan Jenar Kidul. Dene kang minangka dadi wa­tesing desa tetelune mau mung dalan protelon. Sawetan dalan Jenar Wetan, sing sakulon lor dalan Jenar Lor. Mung­guh kang mapan ing sakulon kidul dalan iku Jenar Kidul.

Saka telung desa iku, sing ana pa­sare mung Jenar Wetan. Mula swasa­nane ajeg rame jalaran dadi papan kanggo dol tinukune para warga saka telung desa. Malah yen pinuju dina pa­saran, yaiku saben dina Selasa, Jemuah lan Ahad pasar Jenar Wetan rame ba­nget. Karana sing padha teka saperlu dol tinuku ora mung para warga saka telung desa wae nanging lanjan saka desa-nga­desa.

Plag, plag, plag, Srimastuti jengkel banget diuneni mangkono, mula tanpa taha-taha dheweke banjur napuki pipine priya ing ngarepe

Anehe ing kahanan regeng kaya ngo­no nanging kang dirasakake Srimastuti malah kesepen. Jalaran saben nyumurupi wong-wong kang padha nyekar ing ku­buran, dheweke banjur kaya diosikake marang lelakon ing wektu telung lapan kang wis kawuri.

Rikala semana dheweke uga pinuju nyekar karo Ratmono ing pesareyane Nyi Kaminten, embah buyute putri ing ku­buran Jenar Lor. Dumadakan kalane dhe­weke lan Ratmono kekasihe iku lagi ngunjukake donga kanggo ndongakake sing sumare, keprungu jumledhore be­dhil kaping telu nuli kasusul panguwuh sing ngagetake.

“Hayo Ratmono! Kowe pilih pasrah tak rangket apa suwala nanging modar dening bedhilku iki?!” Terus pating be­dhengus sawetara Kumpeni Landa kang dikinthil dening Rusdanto.

Kepeksa Ratmono lan Srimastuti ngle­reni anggone kirim donga, banjur gumregah ngadhepi sing nembe teka lan ngreridhu.

“Lho, kowe kok malah nggamblok Kumpeni, Dan?!” aloke Ratmono nlesih Rusdanto.

“Critane dawa Rat, nanging yen kowe pengin slamet lan mulya uripmu kaya aku, becike nggamblok wae karo Kumpeni”, Rusdanto mangsuli sajak tanpa sanggan, kepara malah katon mongkog.

Ratmono mungkat bruwalaning ati­ne. Mula tanpa taha taha wut…! Kam­ple­ngane Ratmono meh namper uwange Rusdanto yen ………