Tresnaku mung Sepisan (23)
Cerita Sambung - Posted by admin on July 5, 2012
Weruh lawang kamare Sudi Yatmini Putri menga, agahan dicedhaki. Diungak lan klecam-klecem nggleges weruh Sudi Yatmini Putri turu mlumah katone angler.
“Sida tetip ta gak?” pitakone Yatmono
Diambali nganti pindho, ora diwangsuli. Yatmono jumangkah mlebu.
“Sida ta gak?” Yatmono takon maneh, ora diwangsuli meneh.
Yatmono saya nyedhak. Sudi Yatmini Putri ora mobah ora mosik, merem rapet, lambe mesem, tangan loro-lorone tumumpang dhadha. Yatmono mencereng, mbungkruk arep mbisiki, nanging kandheg tengah dalan. Saka rumangsane ana sing kurang bener. Bathuke didemek krasa anyep. Dlamakan tangan ditamakake ngarep bolongan irung, ora krasa anane angin. Tangan disilakake uga krasa anyep. Kuping ditemplekake dhadha, ora krasa anane ambegan.
“Yatmi. Adhikku!” wuwuse makaping-kaping. Swarane serak abot. Banjur dirangkul, pipi diambungi. Klentreng klentreng marani wong tuwane sing isih jagongan. Lakune senteyoran kaya ora ngambah jubin. Panyawange klepyur-klepyur.
“Adhik?”
“Gak ndhik ngarep-a?” Sudarsih mangsuli, jalaran ngira yen Yatmono takon.
“Adhik” Yatmono ngambali banjur ndhingkluk.

Yatmi, Adhikku, wuwuse makaping-kaping banjur dirangkul lan pipine diambungi
“Kenek apa adhikmu?” Atmo Rejo takon ora sranta. Yatmono sing isih ndhingkluk mung gedheg-gedheg. Agahan Atmo Rejo ngadeg lan jumangkah. Sudarsih krengkangan nututi.
“Yatmi” Sudarsih njerit karo ngrungkebi. Dihoyog-hoyog diambungi. Lan kaya-kaya ora arep nguculi rangkulane. Atmo Rejo bekah-bekuh ora kuwawa kumecap, senajan lambe ndremimil. Yatmono njambaki rambute dhewe, lambe prembak-prembik. Krungu panjerite Sudarsih, wong-wong gemrudug mara. Estuningsih lan Tuminah tiba tangi ing ngarep lawang. Nurindah ngglolo sumendhe cagak. Suprihatin sesenggukan sadalan-dalan.
“Ibu-ibu?” mung kuwi sing dipocapake Kasian karo mewek-mewek.
Lonceng greja jam rolas awan gemontang ngrenggani kutha. Bekti Nagari sing lagi medhun saka mobil, nggloso dadi otong-otongan sawise weruh gendera Palang Merah ing pucuk gang. Bintarti tansah ndhingkluk karo nekepi bathuk. Luhe nrocos, sedhela-sedhela kumudu kejlungup. Tujune Misjan lan Tukiman enggal nggandheng sisih kiwa lan tengene. Kang Bandhil agahan ngukuti dhasarane. Bastari anggone genjot sepedhah kaya dioyak gendruwo.
Wong-wong banjur nggathuk-gathukake marang tumindake Sudi Yatmini Putri sing nyleneh. Kuwi tengara lan firasat, mung wae padha ora ana sing tanggap. Uga kelingan swara dares sing nganter wiwit sore ing wuwungan omah ngarep. Lan kabar anane Sudi Yatmini Putri sowan ing ngarsane Pangeran enggal sumrambah saindenging kutha lumantar tilpun sarana gethok tular. Malah sumebar nganti njaban kutha. Ing pasar, ing toko, pabrik lan kantor kantor padha ngrembug prastawa kuwi, padha takon tinakon apa larane. Lan wong wong padha ngungun sawise ngerti yen Sudi Yatmini Putri ora lara apa-apa, malah esuke isih kober gojeg, kober tutur-tutur.
Wong layat lunga teka ora ana enteke. Tilas lapangan badminton diwenehi terop lan lungguhan. Saleh Patik lan Broto Brewok mandhegani tata-tata ubarampe. Kagawa akeh sing nggandholi lan kepengin nyawang sing pungkasan, jisim kepeksa diinepake. Lan racake padha ngalembana yen Sudi Yatmini Putri saya ayu. Merem anteng, lambe mesem, mertandhani yen wis eklas lan sumarah. Rerangken kembang bela sungkawa dijejer-jejer ing emper ngarep.
Sesuke sarampunge jisim disuceni, turahan banyu kembang dinggo …..

