Tresnaku mung Sepisan (21)

Cerita Sambung - Posted by on June 20, 2012

Wektune rada longgar. Sudi Yatmini Putri ngaso ing emper pojok. Nyawang rembulan sing muntup-muntup. Nyawang kekembangan sing nyebar ganda arum, nyawang blum­bang iwak. Banjur unjal ambegan. Nganti sawetara suwe mung thenger-thenger, ngolak-alik pikiran. Diunggahake. Diun­dhunake. Perkarane Bekti Nagari kuwi lumrah. Umure wis cukup. Mangkono uga perkara yen sing dikarepake kuwi umure luwih tuwa sing kaceke umur ora adoh karo Sudi Yatmini, ora dadi pikiran nemen-nemen. Sing baku padha-padha tresnane, padha-padha ngerteni wewatakane, ndu­weni kamantepan. Sudi Yatmini Putri percaya yen Bekti Nagari wis bisa milih endi sing becik lan endi sing ala, endi sing bener lan endi sing luput. Gegaraning palakrami, dudu bandha dudu rupa, amung ati pa­wit­ane. Sudi Yatmini Putri kelingan pang­unen-unen kuwi. Pangunen-unen sing di­waca ing buku koleksine Yatmono. Dudu bandha dudu rupa ngemu teges yen donya brana apadene ayu lan baguse rupa ora bisa dinggo gondhelan tumrap wong sing arep mangun bale wisma. Sing diarani jodho kuwi ana ing antebe ati, runtut rujuk. Mula Sudi Yatmini ora bakal ma­langi. Ora arep munthes wiji katres­nan sejatine tresna. Sudi Yatmini dhewe sejatine isih durung entuk tamba. Cuwa larane ati jalaran ka­tres­nan, rasane ora bakal mari salawa­se. Lan ngajap lelakon ala kuwi ora nular marang liyan.

Mung wae sing rada ngganjel pikirane jalaran bakal bojone Bekti Nagari kuwi wong sugih. Warandha tanpa anak. Sing disumelangake yen nganti ana panduwa sing ngarani anane gelem rabi tuwa kuwi jalaran murih bandhane. Kamangka yen bab bandha, senajan ora mubra mubru, kepetung lumayan. Bisa ngentas Bekti Nagari nganti lulus Akademi Pemerintah­an Dalam Negeri, banjur Yatmono lan Rose bisa ngragadi Doni ing Fakultas Hukum, Silvi ing Fakultas Ekonomi Universitas Gajah Mada Jogjakarta, mertan­dhani yen uripe kecukupan.

“Ngelamun terus!” aloke Bekti Nagari sing weruh-weruh wis ngadeg ana sandhinge.

“Nggawa apa?” pitakone rada gragapan.

“Jare kepengin tahu lonthonge Wak Kalil”.

“Mbahmu?”

“Kabeh nem wungkus”, sumambunge karo nyelehake wungkusane ing meja.

“Lek ngono dipangan bareng ndhik kene ae!”

Bekti Nagari mingket. Let sedhela Yat­mono lan Rose marani. Banjur Atmo Rejo. Pungkasane Bekti Nagari nuntun Sudar­sih. Tuminah nyepakake piring sendhok lan ngombene. Wong nenem banjur ke­comak-kecamuk ngrasakake pedhes asine tahu lonthong kulon pasar Oro Oro Dowo sing pancen kondhang. Rembulane saya dhuwur lan saya ngalela, dikancani lintang pating klencar. Angin midid hawa krasa seger. Atmo Rejo lan Sudarsih mung sa­wungkus dinggo bathon. Sing sawungkus diwenehake Tuminah. Rampung mangan, Atmo Rejo lan Sudarsih ndhisiki mingket.

Ayu, batine Sudi Yatmini ngalembana

“Aku kate takon, tapi ebes aja mberik”, Bekti Nagari miwiti rembug.

“Durung ditarap kok wis divonis”, Yat­mono sing sumaur.

“Kate takon apa?” Sudi Yatmini Putri ngrombyongi.

“Ngene lo bes, lek ndelok akte ke­lairan, wong tuwaku iku Yatmono karo Rose”.

“Terus?”

“Lha sing ngurusi uripku kok memes Yatmi?”

Sudi Yatmini Putri mecucu lan nglirik Yatmono apadene Rose. Sing dilirik mang­gut-manggut. Wiwit Bekti Nagari isih bayi, wong saomah wis ndumuk, yen suwe suwe, Bekti Nagari arep nakokake bab kuwi. Mula……