Tradhisi Pitonan
Anyar Katon, Flash, Kejawen - Posted by admin on May 23, 2012

Ki Suroso, SH
Wiwit jaman kawuri, saben ana bocah dipitoni mesthi dirubung bocah akeh. Ing era global, tata upacara kasebut wiwit diowahi. Carane kabesut kajumbuhake karo swasana, adat ing saben panggonan. Semono uga ing laladan Kabupaten Tulungagung. Nanging kang baku, tumrap wong Jawa yen duwe putra umur pitung lapan mesthi dipitoni.
Upacara adat pitonan uga kinaran tedhak siti. Mungguh maknane, surasane ora liya, manungsa kuwi pancen isih ana hubungane, isih cedhak karo siti utawa lemah. Istilah Jawa mudhun menyang lemah. Dene yen ing Agama Islam wis disebutake yen manungsa mono, asale saka lemah, bakal bali menyang lemah (yen titiwancine puput yuswa).
Tradhisi pitonan saiki wis jarang banget. Wong pilih golek praktise lan irite. Bubar dipetri langsung didusi ana sumur, tanpa dianakake upacara adapt pitonan. Banjur dhenge dipitoni, uga akeh banget owah-owahane yen dibandhing jaman saiki. Ubarampe kanggo mitoni uga ora komplit. Apa maneh sing jenenge ayam panggang, endhog pitik kampung, cabuk katul, pelas, iwel-iwel, nagasari, lan pipis wis arang ana. Sing kalumrah saiki yen ana bocah dipitoni jajane roti sing diwadhahi kardhus, kaya jajan ulang taun. Dene mangane mung sega lawuh kentaki.
Sabanjure pakulinan lek-lekan sewengi natas uga wis luntur. Biyen, sadurunge dhenge upacara adat pitonan sorene ibu-ibu padha ibut nyiapake ubarampe kanggo pitonan. Ana sing ngenek-enek ripih, ana sing bungkusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis, sarta ubarampe liyane. Sabanjure dhenge upacara adapt pitonan, isih esuk uthuk-uthuk tangga teparo wis padha mara. Tekane ibu-ibu padha buwuh, dene tekane bapak-bapak lan bocah-bocah padha nekani undangan genduren. Bapak-bapak genduren ana jero omah, dene bocah-bocah genduren ana njaba omah. Apa maneh nalika jaman kawuri, tanpa ndadak diundang bocah-bocah wis padha mara. Ora kaya jaman saiki, yen ora diundang bocah-bocah padha isin mara.

Nalika bocah dikurungi, dening dhukune direngeng-rengengi nganggo donga, amrih slamet sateruse
Nanging tradhisi pitonan ing Desa Kacangan, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung nganti saiki isih dilestarikan. Tuladhane kaya kang mentas dianakake ing daleme Ki Suroso, SH durung suwe iki. Kang dipitoni yaiku putra wayahe, jenenge Gefanco Cahya Pratama. Dene sesepuh kang kapatah jejibah mandhegani upacara pitonan Mbah Sura Pairin.
Kang ngestreni upacara adat pitonan ing daleme Ki Suroso, SH dhek dina Minggu Pon, 19 Pebruari 2012 kepungkur udakara wong satus seketan. Kejaba diestreni tangga teparo lan kadang mitra uga dirawuhi tokoh-tokoh partai politik saka Kabupaten Tulungagung. Maklum, Ki Suroso uga kelebu priyatun kang ora baen-baen, sebab piyambake iku salah sawijining seniman lan tokoh politik kang ulet banget.
Ing donyane seni piyambake salah sawijining pengendhang kang misuwur. Kejaba wis ngendhangi dhalang-dhalang kondhang uga wis kasil ngripta tembang. Tembang reriptane kang kondhang yaiku “Mars Aris Jaya” lan “Tulungagung Guyub Rukun”. Wondene ing donyane politik piyambake minangka Sekretarise salah sawijining partai politik ing Kabupaten Tulungagung. Mula ya ora nggumunake yen ing upacara adapt pitonan kasebut uga dirawuhi para politikus kang wis kawentar.
Mapane upacara adat pitonan iku ana sakulone omah, papan kanggo ngedusi si bocah kang dipitoni. Dene kang ngestreni bocah-bocah, lan kang lenggah ing papan sacedhake kang nindakake pitonan, priyatun kang dipercaya dening eyange dalah wong tuwane si bocah kang dipitoni.

Topi janur ngemu teges, nur- cahya, kareben sorote cahya (srengenge) nyehatake bocah
Sajen kang baku kang kudu ana ing upacara adat pitonan yaiku: bak isi banyu, topi janur, kurungan, jarit sidomukti utawa sidaluhur, jadah werna pitu, andha saka tebu ireng, lan payung. Wondene prosesine yaiku: upacara adat pitonan bisa kawiwitan yen kabeh piranti wis cumawis ing papan upacara. Kejaba iku, kang kajibah uga wis samekta, lenggah ing papan upacara.
Ana ing upacara iki sing baku paring pangerten bab adicara upacara adat pitonan kang pancen wis pasa banget karo perkembangane bocah, kang secara insting, si bocah kang wis ngancik umur pitu utawa wolung sasi wis kepingin tepung karo alam sakupenge. Wong tuwa kari nambahi, ndhidhik amrih si bocah saya ngerti marang apa kang kudu ditindakake, nurut nalurine sarta kabutuhane si bocah dhewe.
Sabanjure, upacara adat pitonan kawiwitan sawise si bocah didusi. Banyune diwadhahi bak, diwenehi kembang setaman, kembang werna lima. Iki ngemu karep, amrih si bocah bisa suci atine, nduweni budi kang luhur. Dene kembang setaman ngemu teges: Amrih si bocah bisa tansah manembah marang Gusti Allah. Bekti asih marang wong tuwo. Sujut marang pinesepuh, simbah, budhe pakdhe, bulik paklik, lan sedulur tuwa. Ngurmati marang kabeh pihak kulawarga. Sarta sumrambah, rumaket, nyumadulur marang sapa wae kang ana masyarakat/tangga lsp.
Yen wis didusi, disalini penganggo anyar. Rampung kuwi banjur dicekeli cakar lan buku, sarta ditopeni nganggo topi janur. Cakar lan buku ngemu karep, amrih si bocah ing tembe mburi kejaba pinter anggone sekolah uga bisa ceker, pinter golek dhuwit. Topi janur ngemu teges, nur: cahya, kareben sorote cahya (srengenge) nyehatake bocah.
Yen wis disalini, banjur dikurungi, dilungguhake sedhela ana kurungan. Nalika bocah ana kurungan, dening dhukune direngeng-rengengi nganggo donga, amrih slamet sateruse. Ana njero kurungan si bocah dicekeli pitik lan pithi isi dhuwit receh. Pitik ngemu karep, mbesuke menawa wis diwasa, si bocah tansah bisa urip,lan krasan ana ngendi-endi papan.

Dicekeli buku lan cakar ngemu karep, amrih si bocah ing tembe kejaba pinter sekolah uga bisaa pinter golek dhuwit
Bubar kuwi, si bocah diwetokake saka kurungan, banjur diemban dening ibune nganggo jarit sidomukti, utawa sidoluhur. Kang maknane, bisa si bocah mbesuke bisa urip mukti, duwe drajad luhur, utawa kadunungan wahyu, uripe ayem tentrem bagya mulya.
Bapake kang mayungi, ana mburine si ibu, kang kirap ngubengi kurungan, kaping pitu. Kang maknane, pancen menawa isih bocah durung diwasa, si bocah isih ana gendhongane ibu, pinayungan, diayomi dening bapa. Kang kabeh mau linambaran tresna asih kang tulus, njalari si bocah rumangsa ayem atine, rumangsa entuk katresnan kang sejati saka wong tuwa.
Wondene maknane ngubengi kurungan kaping pitu, mbesuke menawa wis diwasa, si bocah mecaki panguripan kanggo nggayuh pepenginan, kudu wani rekasa. Paribasan ngubengi jagad, turut pinggire segara, liwat alas, munggah mudhun jurang paribasane, kudu gelem nampa kanthi ikhlas.
Sarampunge ngubengi kurungan kaping pitu, diterusake adicara ngedum dhuwit receh marang bocah cilik-cilik kang melu ngestreni undangan Upacara Tedhak Siti. Iki ngandhut makna, amrih si bocah mbesuke duwe watak seneng sedhekah (sodakoh), loman, seneng tetulung marang sapepadhaning tumitah.
Bubar kuwi bocah diuculi saka gendhongane ibune, banjur dening Mbah Dukune si bocah dituntun, dikongkon ngidak jadah werna pitu, abang, ijo, ireng, putih, kuning, bunder-bunder ditata tharik-tharik nuju menyang andha saka tebu ireng kang ana pitung tlundhakan, disendhekake ana kursi. Menawa wis ngidaki jadah, bocah mau banjur diunggahake menyang andha mbaka sak tlundhag, nganti tekan pucuk, terus digendhong ibune. Mungguh maknane iki ora liya, kanggo nggayuh pepenginan nganti klakon nduweni kalungguhan kang dhuwur, katekan sedyane, kudu wani nguwot ogal-agil, wani rekasa, gelem ngandhepi sandhungan apa wae, menawa si bocah mbesuke wis diwasa. Mula andhane dipilih tebu ireng, tebu: manteb ing kalbu. Tebu ireng ngemu teges, si bocah bisa nduweni jiwa kang tangguh, kuwat ngadhepi tantangan apa wae, tahan banting. Apa maneh yen si bocah mau lanang. Dene umbarampe kaya liyane, ana jajan pasar werna pitu, jenang abang, sengkala, tumpeng (buceng), minangka pangajap amrih si bocah sateruse bisa slamet nir sambekala, tansah pinayungan dening Gusti Allah.
Purnane adicara, sawise si bocah digendhong ibune tumuju omah, kairing bocah-bocah. Tekan ngarep omah dipapag lan digendhong dening bapake. Sabanjure dening bapake ditakoni, “Oleh-olehmu sekolah apa, Le?” merga si bocah durung bisa omong, banjur diwangsuli dening ibune, “Oleh-olehku sekolah kapinteran,Pak!”. (*)

