Temu Temanten Langkahan Masyarakat Tengger

Anyar Katon, Flash, Kejawen - Posted by on June 3, 2013

Tengen (temanten putri), kiwa (mbakyune temanten putri) ing acara dialog upacara langkahan

Tengen (temanten putri), kiwa (mbakyune temanten putri) ing acara dialog upacara langkahan

DATA historis wilayah Kabupaten Pasuruan nyawiji karo wilayah Kota Madya Pasuruan. Unike, wilayah kabupaten yaiku dhaerah Wono­kitri kang cedhak karo gunung Bromo lan Tengger, masyarakate manut tradhisi Tengger. Upacara tradhisi kang dakatur­ake iki asale saka Desa Pager, Kecamatan Purwosari. Upacara kasebut kinaran “Temu Temanten Langkahan” tegese salah siji saka pasangan temanten ke­peksa mlumpati sedulur kandhung kang kaprenah luwih tuwa. Kanthi ukara liya bisa dikandhakake yen mbakyune salah siji temanten durung krama, nanging adhi­ne arep nindakake upacara palakrama. Langkahan utawa lumpatan kang dimak­sud diwenehi tandha kanthi upacara mlumpat benang lawe lan mecah kendhi. Upacara sakral iki biyasane dipandhegani dening tokoh adat kang mumpuni, sebab upacarane sakral banget.

Perlengkapan lan ubarampe sesaji kanggo upacara “Temu Temanten Lang­kahan” sing kudu sumadya yaiku: benang lawe lan kain putih, Suruh ayu lan jambe ayu, beras kuning, gedhang ayu, beras, endhog mentah, klapa gula lan kopi, sarta cermin lan sisir.

Benang lawe lan kain putih, maknane temanten isih suci. Kendhi nglambangake rasa kurmat marang wong tuwa. Beras kuning minangka “tetulak” (tulak balak). Suruh ayu lan jambe ayu nglambangake temu temanten, ibarate asem ing gunung lan uyah ing segara pungkasane nyawiji ing kwali. Gedhang ayu minangka atur panuwun marang sakabehing kulawarga kang wis sabiyantu. Beras nglambangake yen temanten priya lan wanita nduweni dina-dina “naas” (sial). Endhog mentah nglambangake pihak priya bisa golek bahan mentah, nanging proses ngolahe ing tangane wanita. Klapa, gula, lan kopi nglambangake guyub rukun mbentuk kula­warga kang serasi, harmonis, bahagia. Pengilon lan sisir, pengare-arep amrih ka­loro temanten tansah mulat sarira hang­rasa wani (instropeksi) ing perjalanan uripe.

Perlengkapan prosesi (istilah kana pararakan) yaiku: tumbak, rara pangkon (tiron pitik jago), kembar mayang, bokor isi gedhang, kendhi isi banyu, wadhah uba­­rampe pawon (grabah), jodhang, kampil (dumadi saka beras lan klapa), sarta bukak kawah.

Kembar mayang pralambang temu temanten langkahan

Kembar mayang pralambang temu temanten langkahan

Tumbak, pioneer ngarep (cucuk lam­pah) pralambang ngusir rerendhet kang tansah dadi pepalang, rara pangkon nglam­bangake yen pasangan temanten padha-padha menehi lan nampani, kem­bar mayang pralambang temu temanten, bokor isi gedhang pralambang tanggung jawab priya marang wanita minangka ibu rumah tangga, kendhi isi banyu minangka pralambang pasangan temanten tansah nyimpen wewadi kulawarga, wadhah uba­­rampe pawon pratandha yen kaloro manungsa wis siap mbangun balewisma, jodhang lan isine njlentrehake yen pa­sangan wis dadi jodhone, diprayogakake kasil lan bisa nggayuh apa sing dikarep­ake, kanthi njlentrehake yen temanten priya siap menehi nafkah, sarta bukak kawah, isine ubarampe pawong kang di­gunakake ing balewisma.

Wondene perlengkapan “Temu Te­man­ten” yaiku: cuwo, woh-wohan, jenang abang, jenang tulak, sega kabuli, sarta tumpeng.

Cuwo isi banyu, endhog lan godhong kelor nglambangake kuwajiban pasangan temanten. Woh-wohan ngemu teges pe­penginan kang bakal digayuh. Jenang abang minangka seksi “sedulur papat lima badan”. Jenang tulak, kanggo tulak balak, ngusir maneka rerendhet kang bakal teka. Sega kabuli ngemu karep amrih pepengin­­ane bisa kasembadan. Tumpeng, mi­nangka pralambang slametane (metri) pasangan temanten.

 

Tata Cara Upacara

Urut-urutane pararakan (prosesi) te­manten priya tumuju papan temanten wanita. Ngarep dhewe pawongan kang ka­patah nggawa tumbak lan tugase mi­nangka cucuk lampah. Samburine, te­man­ten priya dikawal, ing samburine te­manten pawongan kang kapatah nggawa payung. Rombongan pangiring kang dumadi saka pawongan kang kapatah nggawa kembar mayang, talam, bokor kinangan, saprangkat alat rumah tangga, kampil lan bukak kawah. Wondene kang paling mburi dhewe yaiku tim pemain hadrah utawa “pemain terbang jedhor”.

Sawise tekan ing omahe temanten wanita, pasangan temanten dilungguhake ing papan tartamtu. Upacara temu teman­ten, sungkeman ditindakake sapungkure “pedhot lawe”.

 

Upacara Langkahan (Upacara Pedhot Lawe)

Wakil temanten putri (kiwa) lan pawongan kang kapatah nggawa rara pangkon (tengen)

Wakil temanten putri (kiwa) lan pawongan kang kapatah nggawa rara pangkon (tengen)

Upacara langkahan dipandhu dening pemangku adat, diawiti kanthi ngobong dupa karo ngucapake mantra. Saram­punge iku dianakake dialog antarane te­manten wanita (wakil temanten) lan mbakyune temanten (wakile mbakyune temanten) sing durung krama.

“Teja-teja, tejane wong anyar katon, ana teja sak sada lanang, ilang tejane, o…Dadi rika ta, Yu?” pitakone adhine.

“O, iya Dhik!” wangsulane mbakyune.

“Wah, mapan kebeneran Yu kepethuk rika, adhuh teka Sugih Waras, tak rewangi mlebu desa, munggah gunung mudhun gunung liwat alas gung liwang-liwung, peteng ndhedhet lelimunan, abot-abote nggoleki rika Yu”, kandhane adhine.

“Iya Dhik!”

“Rika dinane iku Yu dikongkon mulih wong tuwa sekarone”.

“O, nggak isa Dhik!”

“Apa sebabe kok nggak isa Yu?”

“Aku lak wis kandha, aku gelem mulih nang Sugih Waras, nanging lek wis oleh sangune urip ana alam donya ngembari wong tuwa sekarone”.

“Rika rewangi apa Yu?”

“Tak rewangi lunga dagang”

“Lho, dadi rika rewangi lunga dagang Yu? Lha, rika rewangi lunga dagang iki, apa oleh-olehe?”

“Kemiri kothong…”

“Isa nggak isa Yu, ayo mulih beba­reng­an karo aku!”

“Nggak isa Dhik, tetep aku nggak isa mulih, sebab isih durung oleh sangune urip”.

“Apa sebabe Yu, rika nggak gelem mulih?”

“Sebab aku isih ana rintangan”

“Mangkane Yu, tak rewangi yok apa rasane wong mangan, yok apa rasane wong turu, abot-abote nggoleki rika Yu. Sak iki rika wis kepethuk arep diajak mulih kok ora gelem!”

“Pancene durung wayahe kok Dhik!”

“Mangkane rika iku Yu, dulurku sing tuwa, ora ana wong tuwa lanang wadon, rika pinangka gantine wong tuwaku”.

“Wis ta lah Dhik, dikapak-kapakna aku tetep gak isa mulih”.

“Lak pancene rika gak gelem mulih Yu, mangkane rika iku dulur tunggal bapa tunggal biyung. Lak pancene rika bisa medhot iline banyu Yu, bisa medhot sedulur aku karo rika Yu!”

“La sak temene ana rintangan apa ta Dhik nduk omah?”

“Ngene lho Yu, sak wise akad nikahku, lo kate sungkem marang wong tuwaku sekarone, aku kesrimpet dalan. Ora ana Yu sing bisa mbabat dalan iki, jare wong tuwaku sekarone kajaba rika”.

“Lho, lek ngono Dhik tak deloke dalan iki, lak tanggungane mbakyu tak babat dalan iki, lek duduk aku balik nang papan panggonanku. O, dalan iki ta Dhik, le tak ngono pancen tanggungane mbakyu, beber wong tuwa sekarone”.

“Sak durunge dalan iki rika babat Yu, aku njaluk saksi karo rika”.

“O, dadi sak durunge dalan iki tak babat, koen njaluk saksi karo aku. Iki ana rupa dhuwit sak selawe tampanana”.

“Iya Yu tak trima, lha iki kanggone kanggo apa Yu?”

“Iki kanggone gawean nyambut gawe karo bojomu golek sandhang pangan. Sak wise kowe tak wenehi saksi Dhik, aku njaluk saksi karo awakmu”.

“Lha saksi apa Yu?”

“Nek semono, dulur papat lima badan, kaki temanten lan nini temanten njaluk rahayu slamet, dohne bilahine cepakna rejekine, dohne sengkalane, tekakna seger warase. Kang meruhi malih, bumi lan ang­kasa sing diambah rina kalawan wengi, kaki temanten lan nini temanten nedhi rahayu slamet.

Bethara Surya, lintang rembulan kang mayungi rina klawan wengi, kaki teman­ten lan nini temanten nedhi rahayu sla­met. Kang meruhi malih, kang maju pat ju­meneng wonten tengah, kaki resa bahu resa, jaler estri, kula suwun idine kaki temanten lan nini temanten, saba dalan tumekeng paron, pun sampek wonten alangan napa-napa. Kang meruhi malih, Bapa Adam lan Ibu Hawa, dinten pitu pe­kenan gangsal, rinten kalawan dalu, sing nyekseni sedherek kula jaler estri”.

Paripurnane “Upacara Langkahan” sa­wise mbakyune temanten (wakile mbak­yune temanten) ngucapake “Alahhumma Sholiallah Muhammad. Ora mbanting-mbanting kendhi, sing tak banting seng­kalane kaki temanten lan nini temanten” karo mbanting kendhi.

 

Temu Temanten

Sawise upacara langkahan paripurna dibacutake acara temu temanten, padha-padha mbalang suruh, salaman, mijiki sikile temanten priya, nuthukake endhog menyang bathuke temanten priya, lan dhadhane diciprati godhong kelor.

 

Acara Sungkeman

Ing acara sungkeman iki, pa­sangan wong tuwa lelorone wis lungguh ing papan kang wis sumadya. Pasangan te­manten sacara giliran sungkem marang rama lan ibu, diawiti saka wong tuwa te­manten priya. Ing konsep budaya lokal, figur wong tuwa yaiku “linantaran” Kang Maha Kuwasa nyipta manungsa. Mula saka iku, wong tuwa lelorone kudu dikur­mati. Ing pepatah Jawa ngandhakake: “Anak kudu bisa mikul dhuwur, mendhem jero asmane wong tuwa”.

Makna liya yaiku kalodhangan pihak temanten nyuwun donga pangestu marang wong tuwa, amrih bale wismane bisa lestari. Temanten pinaringan umur dawa, nganti tekan kaki-kaki lan nini-nini.

Upacara iku dipungkasi kanthi “maca donga lan slametan”. Upacara temanten “Langkahan” pungkasane paripurna.

(Langkung)