Diwiwiti saka : EMAN-EMAN

Direm nganggo        :    MENGKO DHISIK

Akhire kulina             :     CETHIL, MBETHITHIL

 

Yen akhire malaikat sing ngemongi bisa gawe sadhare, kanthi aweh panger­ten yen ora perlu eman-eman, toh Gusti Allah bakal paring ijol kang luwih becik, setan nyelani: “Mengko dhisik”. Karepe: sumenekna, tangguhkan! Pikiren sing te­nan. Apa yakin bakal oleh ijol? Yen saiki gelem weweh, mangka sedhela maneh ya ana sing mbu­tuhake diwenehi, lan se­dhela maneh ya ana maneh, mengko rak sida entek ngang­gur dhuwitmu iku! Akhire saka kuwate opposisi, banjur di­putus: liya dina wae weweh yen ana rezeki kang luwih akeh. Nanging bareng liya dina oleh rezeki akeh, setan panggah nyegah. Nganti makaping-kaping sidane ora klakon weweh, anulungi liyan. Kaanan mengkene iki suwe-suwe dirasa kok ya kepenak wae. Weruh wong liya weweh, atine ora ana osik (ora krungu osik) kang­go melu-melu weweh.

Dadine kepriye?

Akhire kulina cethil mbethithil!

Kabeh mau pokok sebabe saka olehe mung mentingake pribadine dhewe. Emoh kalong, nanging gelem tambah. Emoh weweh, nanging gelem nampa. Emoh tetulung, nanging seneng yen di­tulungi.

Kepriye bisane ngilangi watak cethil?

Kanggo mangsuli pitakonan iki, luwih dhisik perlu kita goleki, apa sebabe kok ati kita duwe rasa owel?

Sepisan: owel iki jalarane saka ru­mangsa isih kurang!

Mangka kita padha anguningani, yen tembung kurang iku ora ana watese! Semene kurang. Semono kurang. Dadi yen nuruti rasa kurang, nganti tumeka ing sakaratul maut ya isih tetep kurang!

Kapindhone: owel iku jalarane saka rasa wegah kelangan. Kelangan gengsi yen ta ngatonake ulat padhang. Kelangan bekelan “troefkaart” utawa “alat pemukul” yen nganti angapura kesalah­ane liyan. Kelangan prabawa lan kawiba­wan yen ta nganti gampang-gampang grapyak ma­rang wong sing sapepadhane utawa sangisore. Pantese sing digrapaki rak mung bapak-bapak lan ibu-ibu pim­pinan!

Katelune: owel iku jalaran saka rasa yen dhirine luwih mbutuhake. Luwih mbutuhake kawigaten. Luwih mbutuhake pakurmatan. Luwih mbutuhake pitulu­ngan. Luwih mbutuhake pelayanan. Lu­wih mbu­tuhake paweweh. Pangirane wong liya iku sing wajib migatekake dheweke. Wong liya sing wajib ngurmati dheweke. Wong liya sing kudune nulungi dheweke. Wong liya sing mesthine me­nehi dheweke. Iki je­nenge: egosentris­me! Dhirine dadi cen­tralpoint (titik pusat) sing kudu oleh ngene ngono saka wong-wong kabeh.

Kapapate: owel iku jalaran saka la­line marang piwulang agama! Utawa saka ora weruhe marang piwulang-pi­wulange Gusti Allah. Ora eling yen weweh ing kabecikan iku dalan kang tumuju marang swarga. Ora eling yen weweh ing kabecikan iku syarat mutlak kanggo nggayuh tata tentrem kerta raharjane ummat

Yen wong lagi lali, dikapakna maneh kejaba mung kudu dielingake? Fungsine tulisan-tulisan ing pers lan pustaka ya asung pemut mengkono iku. Kanthi pa­ngajab bisa katampa kanthi rila legawa!

Sawise kita yakin yen sumbere watak cethil iku rasa wegah kelangan, rumangsa isih kurang, rumangsa luwih mbutuhake tinimbang wong liya lan amarga saka lali utawa ora ngertine ing babagan piwulang agama, kita bisa gawe ringkesan bilih sejatine watak cethil iku sawijine akibat saka gedhene kawigaten lan katresnan marang kang sarwa kadonyan, nganti sing sarwa kadonyan mau ngaling-alingi komunikasine karo Gusti Allah lan ngaling-alingi asosiasine ma­rang akhirat.

Mbokmenawa ana sing nggalih: “Lha wong katone saben dina ya shalat, malah ana sing wis nindakake ibadah haji, lha kok nyatane isih kanggonan watak kang mengkono! Iku kepriye dhodhok selehe?”

Wangsulane:

1. Senajan ajeg shalate, apa dheweke wis kanggonan ruh shalat? Apa sing sha­late wis kasil bisa ngedegake komunikasi manther tumuju ing ngarasane Gusti Allah? Kita rak weruh wujud lahiriyahe sha­late thok. Dadi durung mesthi dhe­weke iku ora cinancang dening kadonyan!

2. Senajan wis nate ibadah haji, kita rak ora weruh kaanan batine nalika nin­dakake haji mau. Apa ing nalika iku wis kasil bisa ngedegake komunikasi manther tumuju ing ngarsane Gusti Allah? Kita mesthine rak wis nate krungu, yen ing an­tarane wong-wong sing mulih saka ibadah haji, kewetu critane: E, tibane munggah kaji iku kok ya mung ngono wae! Tembung “ngono wae” iku nggam­barake yen jan-jane ngono sing munggah kaji iku lagi ba­dan wadage. Dheweke durung nate nga­lami geter jiwane sing sifate ghaib, sing disebabake olehe wis kasil olehe kontak karo sesembahane kang sejati, ya Allah swt. Yen uwis, mes­thine dheweke wedi ba­nget, wedi banget yen ta nganti ora nindakake piwulang-piwulange Gusti Allah. Pancene dheweke durung bisa nguculi bebandane katresnan marang kadonyan!

Samengko banjur cetha menawa kita kepengin ngilangi watak cethil, kudu wani mbaka sethithik nguculi tali-taline be­bandan mau. Syukur yen ikhlas nindakake kanthi radikal. Insya Allah bakal becik un­dhuh-undhuhane, amarga saka rila le­ga­wane gondhelan lan pepayung Gusti Allah mligi! (*)

 

Diwiwiti saka : EMAN-EMAN

Anyar Katon, Tasawuf | Posted by | May 6, 2013

Direm nganggo           :    MENGKO DHISIK Akhire kulina              :    CETHIL, MBETHITHIL   Cethil mbethit

Sapepake

Pepeteng ing Ati kang Perlu Dibirat

Anyar Katon, Tasawuf | Posted by | April 23, 2013

Mula sejatine, yen kita banget temenan olehe kepengin nggayuh maujude cita-cita masyarakat kang tata tentrem kerta raharja, pirbadi kita dhe

Sapepake

Drengki Srei, Pepetenge Ati kang Perlu Dibirat

Anyar Katon, Tasawuf | Posted by | April 16, 2013

Ing basa Jawa, meri tegese: kepengin nduwe utawa ngalami kanikmatan kaya dene sing diduweni utawa dialami wong liya. Kanikmatan sing ...

Sapepake

Mangkel, Ora Becik yen Dibacut-bacutake!

Anyar Katon, Tasawuf | Posted by | April 1, 2013

Penulis saka Malang kang asmane Bp. Moh Abdai Rathomi, nyerat sawijine buku kang isine becik banget. Judhule: 3 Se­rangkai sendi ...

Sapepake

Page 1 of 1712345...10...Last »