Bondhan Paksa Jandhu (1)

Swuh rep data pitana. Ingkang kinarya bebukaning kandha, yaiku negara Astinapura, Gajahoya, ya Limanbenawi. Sanyata nagara kang panjang punjung pasir wukir gemah ripah loh jinawi, tata lan raharja. Kang jumeneng narendra ing Astina jejuluk Prabu Duryudana, Suyudana, Kurupati, Jakapitana, Gendarisuta, ya sang Trimamangsah. Nuju ari sajuga, sang nata nganakake pasewakan agung. Kang minangka warangkanata ing Astina kapernah ingkang paman pribadi, awasta Patih Harya Sangkuni, Harya Suman ya Trigantalpati. Dene kang sowan ana wurinira yaiku ingkang rayi satriya ing Banjarjungut kekasih Raden Arya Dursasana miwah ingkang rayi ing Tirtatinalang kekasih Raden Kartamarma. Alon wijiling pangandika sang Prabu Duryudana:

“Paman, paman ing Plasajenar, paman Harya Suman”.

“Kawula nuwun anak Prabu. Kapareng animbali ingkang paman ing kepatihan. Kepareng cumadhong dhawuh, anak Prabu”, ature Sangkuni miwiti kanthi alon pratitis.

“Ya jagad ya dewa bathara. Kang dak penggalihake muhung matine Werkudara. Nalika semana bubar dhedhaupane yayi Dursilawati antuk yayi Jayadrata, yayi Werkudara diajak ngombe waragang nganti wuru, temah kacemplungake ana sumur Jalatundha dening kadang-kadangku para Kurawa. Apa wus cetha kalamun Werkudara bener-bener mati, apa amung klenger, paman?”

“Kawula nuwun. Manawi paduka ingkang Sinuwun andangu malih dhateng kawontenan punika, saking petang saha kasunyatan sampun cetha bilih Werkudara sampun pejah. Inggih awit sanget-sanget anggenipun mendem karana kekathahen waragang, temtu raganipun remuk rempu. Saderengipun Werkudara kacemplungaken ing sumur kemawon, raganipun sampun mboten mobah, ilining getih sampun mandheg. Dados mboten tidha-tidha malih menawi Werkudara genah sampun palastra. Punika ingkang kula uningani, Sinuwun”.

Paman Harya enggeh, yayi Dursasana kepriye

Paman Harya enggeh, yayi Dursasana kepriye

“Paman Harya enggih. Yayi Dursasana kepriye? Apa si adhi uga nyumurupi sekarate Werkudara?”

“Hia ha ha ha. Inggih kaka Prabu, kula tingali jinggleng sarendheng, cetha yen si Werkudara pun pejah. Pundi tiyange sing kiyat nandhang rusaking raga amargi kekathahen waragang, napa malih kacemplung-aken sumur, mesthi mboten badhe saget wangsul malih. Wiwit sakniki, Pandhawa saya ringkih amargi kekiyatane wonten Werkudara, tiyange pun pejah, hla, hia ha ha ha. Kantun kaka Prabu Duryudana gadhah rancangan kados pundi, mumpung pandhawa wiwit ringkih, kula nok non”.

“Kaka Prabu, kaparenga ingkang rayi pun Kartamarma sumela atur”.

“Yayi Kartamarma kepriye?”

“Wekdal ingkang prayogi punika sampun ngantos paduka lirwakaken. Pandhawa klilip bebuyutan kaliyan para Kurawa. Bebasan negor wit, bongkoting wit punika Werkudara, sakpunika bongkoting wit sampun ambruk, dados kantun maprasi pang-pangipun, tentu langkung gampil. Bebasan mijet wohing ranti”.

“Bener aturmu yayi Kartamarma. Paman Harya Suman, panemune si paman kadiparan?”

“Kawula nuwun, menggah ingkang Sinuwun andangu dhateng pamanggih ingkang bapa kepatihan, mboten benten kaliyan………

Prita Mustika Yadhawa (3)

Prita Mustika Yadhawa (3)

Pedhalangan | Posted by | June 3, 2013

Raden Harya Suman kang nyumurupi kadange tumekeng pralaya banjur arsa sabela pati kanthi tetandhingan yuda.  Nanging sang harya Suman uga .

Sapepake

Prita Mustika Yadhawa (2)

Prita Mustika Yadhawa (2)

Pedhalangan | Posted by | May 28, 2013

“Yayi Kunthi Nalibrata ka-dangku sing ba-nget dak tresnani yayi. Senadyan abot dikaya ngapa si adhi kudu tetep njaga aruming nusa ...

Sapepake

Prita Mustika Yadhawa (1)

Prita Mustika Yadhawa (1)

Pedhalangan | Posted by | May 24, 2013

Swuh rep tidhem permanem madyapada minangka ko­caping kang cinarita lan punjering kandha. Mugi ti­nebihna saking sukerta lan siku dendha k

Sapepake

Setyawati abuh Pati (3)

Setyawati abuh Pati (3)

Pedhalangan | Posted by | May 10, 2013

Sigra budhal Dewi Setya-wati menyang Te­gal Kurusetra, nitih kreta amung nganthi emban Sugandini abdi­ne kang kinasih. Rikat playuning kre

Sapepake

Page 1 of 1712345...10...Last »