Getih Sri Panggung (3)
Mobil loro mlebu kompleks Taman Panglipur Surabaya saka regol kulon. Sing ngarep sedhan rupa oranye, payone mawa lampu kelap-kelip. Ditutwuri mobil jinis station werna ireng kopi. Lakune kebat njujug mburi gedhong, mandheg pas sangarepe kios papane Praharsini ditemoke tanpa nyawa. Pulisi umur-umuran patang puluh taun mencolot mudhun saka jok ngarep. Dedege atletis, pakulitan resik, kawimbuhan rupa nggantheng. Sing telu mudhun saka jok mburi. Kabeh mawa busana preman. Mung supire sedhan oranye dalah rowange wae sing nganggo sragam pulisi jangkep.
Bandiyah sakanca kang isih pating trintip sendhepel ana lawang kios age-age nyisih aweh dalan marang sing gumrudug teka. Pulisi nggantheng bablas mlebu. Wicitra mlongo.
“Bapak saking kapulisen?”
“Leres. Kula Pamungkas, Kapolsek Tambaksari. Njenengan?” pitakone mawa basa krama ganep.
“Kula Wicitra, pimpinan kethoprak.”
“Pripun niki wau critane?”
“Nun?”
“Niki wau lho, dospundi mula bukane kok ngantos wonten rajapejah?”

Weruh kledhange wong mara, kirik loro nyingkir karo terus jegog-jegog
“Kita sedaya mboten sumerep. Ngertose saempune lare kula lapuran bilih Praharsini pejah. Pramila kula lajeng kengkenan Murdanu supados tumunten lapur dhateng kapulisen.”
“Sinten Murdanu niku?”
“Anggota kula.”
Komisaris Pamungkas manthuk-manthuk. Dheweke banjur nyasmitani andhahane telu supaya mlebu kios lan nitipriksa kahanane kunarpa. Tetelune saka satuan reserse kriminal. Sing rambute rada klimis kepala unit, arane Inspektur Satu Nursodiq Gunaryo. Wondene andhahane loro aran Faturahman lan Simon Hindarto. Pamungkas aweh prentah Gunaryo supaya kios tumuli dipageri garis pulisi. Minangka pratandha menawa ora ana sing dipalilahi nyedhaki jisim kejaba petugas sing arep nandangi olah tempat kejadian perkara.
“Niki wau kethoprake napa ajenge main?” Pamungkas miterang karo niling-nilingake unine gendhing sing keprungu lamat-lamat saka njero gedhong.
“Leres mas… eh pak. Sasampunipun prei radi sawatawis dangu, saweg dalu menika kita pikantuk anggaran saking Dinas Kabudayan kangge main.”
“Prayoginipun dibatalne mawon!”
Wicitra ndengengek. Mripate kethap-kethip, dhadha krasa seseg. Lambene umak-umik kepengin caturan nanging ora ana ukara sing kawetu.
“Penontone ken bibar. Terserah sampeyan sukani alasan napa. Niki kedadosan dharurat. Rajapejah,” sumambunge atos.
“Upami kabibaraken menapa malah mboten njalari rame?” pawongan jaketan peteng kang kawit mau jinem nrambul rembug.
Komisaris Pamungkas noleh. Mripat mencereng. Nom-noman sing mentas……….
Gelem Dibojo
Yu Sarinten lan Kang Wakijo wis ana sepuluh taun anggone mbangun brayat, ewadene durung pinaringan momongan minangka wohing katresnan. Anggo
Kepalu Ketutu
“Dhik, wong sampeyan sing nglakoni…, jan-jane tayub kuwi apa, ta?” pitakone Hartadi wektu lagi teturon karo Mona. “Weleh, weleh
Wewadi Topeng Kayu (18)
Petungane Ki Buyut ora mleset. Saka njero gubug ngliwati lawang butulan Sukra mlaku lon-lonan nyedhaki Ki Buyut. Ki Buyut aj





