Yesus Miyos Pindha Menungsa Papa
D h a n d h a n g g u l a
1. Betlehem ing wanci tengah ratri
Para pangon anèng ara-ara
Samya anjagi kéwané
Kagyat dupi andulu
Ana lintang padhang nelahi
Sumorot ingkang cahya
Sajak ngajak iku
Para pangon datan krasa
Ngiring sang kartika nuju kandhang sapi
Nyeksèni sang Pamarta
2. Para pangon kabèh anut sami
Lintang ageng amadhangi marga
Ginarebeg ing swarané
Rerepén kang keprungu
Malaikat angidung sami
Binarung swara ménda
Ingkang sami anut
Kadi suka pari suka
Abyor lintang-lintang padhang anèng langit
Mahargya miyosira
3. Yesus miyos anèng kandhang sapi
Pindha manungsa papa sangsara
Papan dunung datan duwé
Lamun imané kukuh
Allah mesthi badhé maringi
Tata tentrem raharja
Lan sedayanipun
Maryam datan campur priya
Mudha Yusuf ingkang kedah angampingi
Malékat dhawuhira
4. Makaten kapethik saking Injil
Prajanjian Anyar nyerat cetha
Yesus Kristus duk miyosé
Nèng kandhang sapi niku
Para pangon kang sowan sami
Inggih kanggé pratandha
Ing tembé puniku
Sri Yesus paring tuladha
Para pangon tansah anjangkung ngawati
Sedaya ummatira
5. Wonten sarjana tiga kang tebih
Ugi sami andhèrèk mahargya
Miyosira Sang Pamasé
Sami atur pisungsung
Emas, dupa lawan mur ugi
Punika werdinira
Sang bayi ing bésuk
Dipun sembah kadi raja
Wasis paring tamba sedaya sesakit
Nging ing tembé sangsara
6. Purna sampun Éyang nyerat niki
Muga-muga nora dipun wada
Sepuh péngin cawé-cawé
Amaringi pitutur
Kanthi mbabar crita ing nguni
Ingkang ngemu tuladha
Sarta puji sukur
“Sugeng Natal” ing wasana
Katur sedaya sedhèrèk Kristiani
Tentrem salaminira.
Kidung Mangayubagya Riyadi Idul Fitri 1433 H
D h a n d h a n g g u l a 1. Déwangkara ngujiwat mrih manis Lir sukèng tyas myat ...
Limang Perkara Pepesthening Hyang Suksma
D u r m a 1. Dha èstokna dhawuhing para sujana Sarjana hamumpuni Dadiya rambatan Miwah tekening janma Napak wewa
sinau nembang mawa notasi
K e t e r a n g a n : Tembung Juru Demung iku yèn cara wantahé lan miturut Baoe-Sastra ...


