Getih Sri Panggung (5)

AStrea Prima mesat kaya diuber dhemit, nembus Lurung Kusuma Bangsa sing wiwit sela dening umpel-umpelane kendha­raan. Nanging arepa sangebut-ngebute  wong ya jenenge kendharaan tuwa. Nadyan gas wis diuntir ngepol  parandene  playune presasat banter bekecot. Mesin nggereng, lakune ngaya. Prapatan Ku­suma Bangsa – Wijaya Kusuma ditrajang wani nadyan lampu lalu lintas ngepasi murub abang. Dipapag Toyota Camry ireng meles  saka Lurung Ambengan. Sopire njola, midak rem sakayange. Sedhan kinyis-kinyis mandheg jegreg, bane nyeret nyuwara nyicit. Meh wae Daihatsu Xenia ing mburine nubruk bokonge Camry.

Pawongan numpak Astrea Prima sing njalari meh cilakaning liyan iku kaya ora duwe dosa. Bablas ngibrit  mengidul tanpa noleh. Sopir Camry ngudhunake kaca lawang. Lanang pidegsa, menganggo stelan safari biru dhongker, rambut cepak. Rai abang mangar-mangar, atine kemro­pok. Rekane arep ngoyak wong nung­gang Astrea Prima sing murang tata. Yen wis kecandhak  banjur diantemi ngeng­gon. Ben kapok, ben ora byayakan.  Nanging ndulu sepedha motor reyot sing ngutahake keluk nggembuleng  saka kenalpote, kekarepan nguber diwurungake. Keluk  kumelun saka ke­nalpot iku  ngganda nyegrak, ambune oli kobong. Sajake pir sekere Astrea kuwi wis lodhok merga kepangan umur.

 Klambi safari mikir, tanpa guna ge­geran karo pawongan sing ora duwe urus kuwi. Apa maneh yen pawongan mau je­bule rada mencleg pikire. Tiwas mbuwang-mbuwang tenaga.  Menang ora kondhang kalah kewirangan. Saka mburi ke­prungu klakson saut-sautan, ngongkon amrih Camry kinclong  enggal mbacutake laku. Karo maspadakake Astrea Prima sing wis ilang kesilep kendharaan-kendharaan liyane, sopir stelan safari ngelus dhadha.

“Dhasar wong kenthir, gemblung, sem­pel!” pisuhe ndrindhil karo ngoper pres­neleng lan njejak gas alon-alon.

Panah ndhisiki nenggel poke gulu engga butul tekan githok

Panah ndhisiki nenggel poke gulu engga butul tekan githok

Astrea kuwuk terus mamprung, laku­ne zig-zag nyalipi mobil-mobil sing mlaku rendhet krana Lurung Wijaya Kusuma mengidul dalane isih rada padhet. Tekan ratan paju telu, pawongan dhepah nyuda kecepetan. Sengaja golek dalan nyempal  kanthi menggok menyang Lurung Pacarkeling. Nuli mecaki sadawane ratan sing sepi remeng-remeng merga lampune dalan padha mlereg tur antarane lampu siji lan sijine jarake adoh. Sakiwa tengene lurung dheretane loji-loji kuna. Saben platarane loji  tinanduran wit gedhe ngrembuyung, mahanani swasana sangsaya singup.

 Ujaring crita, loji-loji kuwi biyen omah dhinese wong Landa kang makarya dadi pegawe pamong praja Surabaya. Sawise Indonesia mardika engga seprene, loji-loji lawas iku malih dadi omah dhinese pegawe kejaksaan. Sok mengkonowa arang kadhing jeksa sing gelem ngeng­goni omah dhines  singlu. Pilih manggon omahe dhewe sing peni. Arepa isih jeksa golongan ngisor, nanging omahe racak wis padha mentereng.

Mungkur larikan loji kuna, lakune Astrea Prima ngliwati dalan kenceng sing diapit tembok dhuwur ing sisih kiwa lan tengene.  Lebar iku lurunge rada nikung, banjur ngliwati  gedhong bongkor kusem ing kiwa dalan. Gedhong iku  mujudake kandhange gerbong-gerbong sepur rusak sing pancen wis wayahe pensiun. Katon rungseb ing pandulu awit wesi-wesi ndlu­jur tilase ril dalah kayu-kayu bantalan  sing wis gapuk tumpuk undhung pating sleng­krah. Mbokmenawa merga dadi pang­gonane gerbong-gerbong mangkrag,  ratan iku nuli katelah Lurung Gerbong.

Astrea Prima nylingker mlebu gang cilik ing pepete gedhong  bongkor. Ing totogane lurung cilik iku ana ………

Getih Sri Panggung (4)

Getih Sri Panggung (4)

Cerita Sambung | Posted by | May 6, 2013

Kethoprak pari purna. Tanpa Praharsini  pagelaran tetep lumaku rancag. Setyawan ngalembana jroning batin. Kabeh pemain nindakake ayahane ka

Sapepake

Getih Sri Panggung (3)

Getih Sri Panggung (3)

Cerita Sambung | Posted by | April 23, 2013

Mobil loro mlebu kompleks Taman Panglipur Surabaya saka regol kulon. Sing ngarep sedhan rupa ora­nye, payone mawa lampu kelap-kelip. Ditutw

Sapepake

GETIH SRI PANGGUNG (2)

GETIH SRI PANGGUNG (2)

Cerita Sambung | Posted by | April 16, 2013

WIcitra Wirya ora jenjem.  Tari Angon Bek benyedhaki rampung.  Para paraga kang arep miwiti adegan  “Arya Penangsang Gugur”  wis sam

Sapepake

Getih Sri Paggung (1)

Getih Sri Paggung (1)

Cerita Sambung | Posted by | April 1, 2013

Sepedhah motor Honda Astrea Prima kawak  mlebu liwat mburi,  bablas mlipir ngiringane gedhong sing surem. Lampune mlereg, mesin nggereng n

Sapepake

Page 1 of 1712345...10...Last »