Wewadi Topeng Kayu (20)
Ora uwal saka panggraita, tamu saka Landhoh mesthi Bagus Sukri. Nyatane temenan. Nyedhaki wektu Dhuha nedhenge srengenge satumbak dhuwure, putra Demang Landhoh wis tumeka ing pondhok Geneng. Ana perkara loro sing nyebabake Bagus Sukri enggal sowan ing ngarsane Ki Buyut Geneng. Sepisan arep mangsuli panyuwune calon sisihane. Kaping pindho, bisa sapatemon adu arep lan adu pandeng klawan Rara Santi, wanita pepujaning atine. Ya bab kang kaping pindho iku sing luwih diutamakake sing nyengkakake enggal tumeka ing pondhok Geneng.
Senadyan wis ditata atine, kawistara isih ngatonake rasa gugup nalika Bagus Sukri meruhi Rara Santi mecak pelatarane omah bebarengan Ki Buyut. Sawise mangsuli salam, Bagus Sukri njur ngadeg mapag rawuhe Ki Buyut lan putune. Tangane Ki Buyut njur diambungi. Dene Rara Santi mung nlakupake epek-epeke ana ngarepe dhadha sarta ndhingluk aweh pakurmatan. Sing kaya ngono mau uga ditindakake Bagus Sukri. Bagus Sukri mung cukup marem bisa nyawang calon sisihane sakeplasan, awit wanita ayu iku sing tansah diimpekake.
Ing kalane wektu adu pandeng sawetara, Rara Santi isih bisa weruh praupane Bagus Sukri sing bener-bener padha persis klawan praupane Sukra. Sing mbedakake mung kedhok kayu cendhana lan brengos tipis sing thukul ing sandhuwure lathine Sukra.
“Wis sawetara suwe Gus?” pitakone Ki Buyut, mbukani rembug.
“Mboten Ki Buyut, katemben kemawon. Salam lan taklimipun bapa Demang saha biyung katur dhumateng Ki Buyut”.
“Iya…iya. Rak ya padha slamet ta?”
“Pikantuk pangestunipun Ki Buyut, sedaya kulawarga kademangan Landhoh sami pinanggih wilujeng”.
“Alhamdulillah…”. Sebute Ki Buyut. Banjur pitakone: “Ijen apa ana rewange”.

Iya bener dhi, aku linairake kembar, nanging wis kapundhut
“Bapa lan biyung mboten tega kula kesah piyambak. Pramila dipun dherekaken tiyang setunggal. Namung pendherek kalawau, kula lilani mampir wonten krabatipun ing Jagatamen”.
Sawetara Ki Buyut mung manthuk-manthuk ora ngendika, Bagus Sukri enggal sumela atur.
“Nuwun sewu Ki Buyut, kepareng sumela atur sawetawis”.
“Arep duwe atur apa?”
“Inggih nyuwun pangapunten saderengipun. Dhateng kula ing pondhok Geneng kejawi silaturahmi, kula badhe caos wangsulan bab panyuwunipun adhi Rara Santi”.
“Oohh…yen perkara kuwi, mengko kandhakna dhewe karo bocahe, karo gendhuk Santi. Sebab dudu aku sing nduweni penjaluk”.
“Ooh? Mekaten Ki Buyut”, wangsulane Bagus Sukri kalegan atine campur rasa acles lan bungah merga keturutan bisa sapejagong ketemu Rara santi. Pungkasane Bagus Sukri ora matur apa-apa ing ngarsane Ki Buyut, kejaba mung wangsulan saperlune waton Ki Buyut takon.
Rada goreh pikirane Bagus Sukri, sebab sawetara Ki Buyut ora enggal nimbali putune. Nanging……….
Wewadi Topeng Kayu (19)
Sholat Subuh kawiwitan, Kyai Sakheh meksa Ki Buyut supaya njumenengi dadi imam. Kawitan Ki Buyut ora kersa, awit ngrumangsani dadi ...
Wewadi Topeng Kayu (18)
Petungane Ki Buyut ora mleset. Saka njero gubug ngliwati lawang butulan Sukra mlaku lon-lonan nyedhaki Ki Buyut. Ki Buyut aj
Wewadi Topeng Kayu (17)
Ki Wiguna ora selak. Mbenerake pitakone Ki Buyut Geneng, manawa Sukra kuwi anake Demang Landhoh. “Sing dadi tandha pitakon, ngapa bayi ..





