Bubruk

Isih turu kemulan brukut, HP modhel lawas kang gemlethak ing meja muni think-think… think-think… tandha ana SMS mlebu. Ora tak gape. Karo ngulet ngiwa aku nglirik jam kang tememplek ing tembok. Jam papat kurang seprapat. Lagi penak-penake mancal kemul.

“Isih esuk banget”, batinku karo mbe­nakake kemul. Karepku arep ngeremake mripat maneh, nanging wis ora bisa. Aku banjur kelingan, uwong kirim SMS ing wayah esuk banget kaya mengkono iku biyasane aweh kabar penting. Kerep-kerepe berita lelayu. Embuh saka sedulur apadene kanca lan relasi. Kelingan sing kaya mangkono aku gumregah tangi. HP warna biru sing wis kluwus tak ranggeh. Isih lungguh ing kasur, tak waca isine SMS. Pranyata saka Pamuji, adhiku sing lagi neng Ponorogo. Wis rong dina dheweke ana kana, jagong mantene Mamiek, anake Mas Sargiwo kangmas ipene Pamuji.

“Mas, iki Ponorogo udan awu. Gunung Kelud njeblug”, ngono unine SMS saka Pa­muji. Durung nganti tak wangsuli dheweke wis nyusuli SMS maneh.

“Begja banget, Mas. Mas Sar wis ram­pung-rampungan nggone kagungan kersa. Jogja piye?”

“Tenang, Ji. Jogja kang istimewa. Ora-orane yen awu gunung Kelud tekan kana,” wangsulanku liwat SMS uga. Terus tak susuli.

“Lali pa kowe karo pelajaran Ilmu Bumi biyen? Gunung Kelud tekan Jogja iku dohe rak rongatus kilometer luwih.”

“Ya syukur, Mas. Nek bisa baliku mengko awan.”

“Ngati-ati nang ndalan,” welingku mung­kasi SMS.

Jam liwa luwih sepuluh menit aku tangi. Sedhela matur Gusti. Ngaturake panuwun dene aku lan brayatku isih dikeparengake mecaki dina lan panguripan anyar. “Mugi-mugi Gusti tansah anjampangi lampah kawula ing dinten menika. Amin”. Bubar kuwi aku banjur marani cendhela kamar. Sreeet….! Kordhen cendhela tak geret mengiwa. Cendhela tak bukak amba.

Mangga mlebet mawon, mboten dikunci kok, ujarku ora mingsed

Mangga mlebet mawon, mboten dikunci kok, ujarku ora mingsed

Gandrik! Aku kaget. Babarpisan ora ngira yen ing njaba udan deres. Dudu udan banyu nanging udan awu. Gage aku mbukak la­wang ngarepan. Teras ngarep, gang kam­pung ngarep omah, lapangan badminton ing kiwa omah, wit-witan gedhe-cilik, lan gendheng omahe tangga kiwa-tengen, ka­beh kebyukan awu. Warnane kabeh padha. Klawu. Ora ana siji wae sing kalis.

Agahan aku golek informasi. Pesawat televisi tak urubake. Pranyata stasiun-stasiun televisi wis rame ngabarake yen gunung Kelud erupsi nalika dina Kamis bengi jam sepuluh seket menit. Material wujud krikil, pasir, lan awu vulkanik mumbul dhuwur, muncrat munggah saka kawahing gunung Kelud nganti sepuluh kilometer. Bali mudhun maneh lan awune sumebar mrana-mrene manut arah tumiyuping angin. Kahanan dadi sepi nyenyet. Ing dalan-dalan kampung apadene dalan gedhe mung siji loro uwong sing liwat. Esuk jam enem swasanane isih peteng kaya jam papat Subuh.

“Eh, Ji, jebul Jogja ya udan awu. Deres ba­nget. Lha iki wis jam enem kliwat isih peteng,” Pamuji tak telpun. Tak kabari kahanan Jogja.

“O…nek ngono bocah-bocah dipenging…………

Deal

Deal

Cerita Cekak | Posted by | September 10, 2014

Adzan Subuh saka mesjid Al Huda lagi wae rampung. Parak esuk sing atis, krana udan sing telung dina telung bengi ...

Sapepake

Direktur Anyar

Direktur Anyar

Cerita Cekak | Posted by | September 2, 2014

Perusahaan panggonane Kasmono nyambutgawe kahanane oling keterak krisis ekonomi sing ora rampung-rampung. Manut critane kan­ca-kanca bageya

Sapepake

Jago Kluruk

Jago Kluruk

Cerita Cekak | Posted by | August 22, 2014

Ibu Ninik Suwandito, sesasi kepungkur mengeti dina ulang taune kang kaping patangpuluh pitu. Sepuh durung, nanging uga wis ora di­sebut ...

Sapepake

Kenthong Muni Pisan

Kenthong Muni Pisan

Cerita Cekak | Posted by | August 15, 2014

Taun pitungpuluhan, Desa Purwanegara, Kecamatan Purwanegara durung klebon listrik, yen bengi isih peteng. Omah-omah mung nganggo lampu teplo

Sapepake

Page 3 of 3212345...102030...Last »