Lancang

Putrane bapak-ibuku mung telu. Aku minangka anak pembarepe lan adhiku loro wadon kabeh. Sing gedhe Ayu Nurhayati lan sing ragil Tri Anu­honi. Wis rong taun bapak urip ijen merga tininggal seda ibu. Bapak limbung. Peng­galihe tumlawung. Sesasi rong sasi se­dhihe bapak isih nabet ing ati.

Aku lan adhiku kabeh wis mentas. Ora mung wis padha cekel gawe nanging uga wis omah-omah. Sing durung mung kari si ragil kang saiki mapan ing Denpa­sar minangka karyawati ing sawijining hotel berbintang. Dene Ayu, adhiku cer, manggon ing Tangerang ngetutake bo­jone kang ambyur ing kegiyatan wira­swasta.

Gandheng adhiku loro kabeh padha misah adoh karo wong tuwane, mung kari aku lan sisihanku sing ngancani ba­pak. Iku wae ora nunggal dadi saomah. Aku manggong perumahan ing pinggir kutha. Sisihanku kurang sreg yen jejere wis du­we gendera dhewe isih nemplek marang maratuwa.

Aku sing kerep nyambangi bapak bisa ngrasakake sepi, kemba, lan nglangute. Sedina-dina anane mung sepi lan sepi. Kang Parmin tukang srabutan kang mang­gon ing mburi daleme bapak, asring ngancani. Jalaran pancen tak pa­srahi ngawat-awati wong tuwaku kase­but. Anakku sing wis SMP ora gelem na­lika tak tari ngancani eyange.

“Eyang priyayine streng, kaku. Ngene ora pareng, ngono dipenging,” ujare anakku lugas.

Saben-saben nyawang bapak kang kasepen, aku trenyuh. Apa maneh bapak nate ngendika, “Aku paling wegah yen kudu nekani resepsi manten, Pras. Kete­mu kanca, kepethuk mitra sing isih padha komplit, sarimbit karo sisihane, atiku ne­langsa. Gawang-gawang gambare ibu­mu cumithak ing pikiranku.”

Isih lumayan dene bapak duwe ko­mu­nitas padha-padha pensiunan. Paling ora saben sesasi sepisan ngadani pate­mon. Ya ing patemon mau atine bapak bisa kelipur. Kadhang bisa curhat-curhatan. Sang­gan kang nyum­pel ing dhadha bisa ka­suntak. Nanging, patemon sing kaya mengkono mesthi wae ora bisa dumadi ing saben dina. Lan wektune ya mung wi­nates. Yen wis kondur tekan dalem, rasa se­pi mau nggubel ma­neh.

***

Tak jabel Pras pranyatanku sing wingi kae

Tak jabel Pras pranyatanku sing wingi kae

“Ayu, aku kepe­ngin omong-omongan karo kowe. Kapan awakmu bisa golek wektu rada seng­gang? Rembugan nge­nani bapak,” ujar­ku marang adhiku sing nang Tangerang lumantar HP.

“Lho ngapa, Mas? Bapak kan sehat-sehat wae ta?” jawabe Ayu entheng.

“Lha ya ora ngapa-ngapa. Nanging, aku iki sing saben-saben ketemu, saben-saben meruhi, melu ngrasakake kese­dhihane bapak. Ditinggal ibu, bapak durung kuwawa mbuwang sedhihe. Ya maklum wae bapak iku rak klebu priyayi lugu, ora remen neka-neka. Tresnane mung marang ibu sawiji, ginawa mati”, kandhaku. “Aku pengin berbuat sesuatu kanggo Bapak, Yu. Ancasku kanggo ngentheng-enthengi sanggane. Mula nek bisa muliha neng Yogya, tak jak rem­bugan bab iki. Luwih cetha yen ketemu adu arep. Ora mung liwat telpun ngene iki,” sambungku.

Sepuluh dina sawise iku, Ayu Nurha­yati teka njujug omahku. Diampingi sisihanku aku crita akeh-akeh ngenani……..

Ningsih Anakku

Ningsih Anakku

Cerita Cekak | Posted by | October 24, 2014

Wiwit budhal saka Semarang udane prasasat disuntak saka langit. Lakune bis sing dak­tum­paki rendhet, apa maneh sedhela-sedhela mandheg sa

Sapepake

Pasien

Pasien

Cerita Cekak | Posted by | October 20, 2014

Wektune wis ngarepake jam sanga bengi. Ing njaba udane isih nggre­jih, njalari hawa dadi kerasa kekes. Swara wong watuk cekrah-cekreh ...

Sapepake

Ya Ben Aku Rapapa

Ya Ben Aku Rapapa

Cerita Cekak | Posted by | October 13, 2014

Omah cekli madhep ngetan. Pinggir lurung cilik, durung kambon aspal. Pager wesi ireng dikombinasi tembok rupa oranye. Sanajan mapane neng ..

Sapepake

Mung Irah-irahan

Mung Irah-irahan

Cerita Cekak | Posted by | October 10, 2014

Sawijining sore, Prasojo mlebu toko kelontonge Pak Marno arep golek alteco kanggo nge­lem sepatune kang wis mangap-mangap. Ketemune dheweke

Sapepake

Page 1 of 3112345...102030...Last »