Ngambung Jrangkong
Umure wis ndungkap pitung puluh loro taun. Dhasar piyayine isih energik, kaya-kaya ora tau susah, tansah seneng. Najan wis purna tugas, rutin olahraga tenis lapangan seminggu ping pindho lan renang sepisan. Nanging jarene ora renang, mung ciblon ing kulah. Sebab renange paling mung kuwat limalas meter dohe. Dhek isih mudha taruna mbiyen yen nglangi ing kali Karanggeneng, ambyur saka dhuwur kreteg sepur, nglangi ing segara wiwit saka gisiking Taman Kartini nganti tekan Pandean kuwat bae.
Sepuluh taun kepungkur Pak Dul purna tugas. Jan nggumunake, sajroning pensiun kok ya isih ana wong-wong, sedulur, kanca-kanca, kang isih mbutuhake jasane, padha ngelesake putra, wayah utamane kelas nem SD. Lese sistem privat. Pak Dul kersa ngrawuhi siji mbaka siji, door to door menyang omahe bocah sing dilesi mau, emoh yen ditekani. Alasane yen bocah sing teka ing daleme Pak Dul bayare kang mung selawe ewu rupiah. Lha yen Pak Dul sing ngrawuhi mbayare bisa tikel ping sepuluhe. Jenenge bae privat, dadi pertemuane face to face.
Jroning sak sapatemon, ngelesi luwih saka cah siji mesthi dadine guyon, ateges ora kasil. Pak Dul ora kersa ngelesi bocah pinter. Sing dilesi kudu bocah bodho. Pak Dul njamin bocah bodho, kesed, yen dilesi dadi pinter. Pak Dul duwe cara sing praktis lan efektif yaiku sistem drill. Nyatane kasil. Alhamdulillah nganti dinane iki tansah pinaringan seger kuwarasan lan slamet nir ing sambekala. Nanging ya iku nek wis kumat jiwa petualangane, yen mirsani cewek genit atine isih kroncalan mripate isih jelalatan, dhasar si Dul.

Kowe mau saka ngendi cah ayu, pitakone Pak Dul karo nyiwel pipi
Dina iku Pak Dul netepi wajib, kaya biyasane, ngrawuhi siji mbaka siji. Wiwit jam 15.30 ngelesi Ica ing Kebalen, terus menyang Kabongan Kidul ngelesi Ela. Surup prepet-prepet ngliwati prapatan Jaini. Ing pojokan prapatan kuwi akeh bakul-bakul jajanan, antara liya bakul jajanan gedhang goreng caramel. Bakule randha enom, ayu, kuning merak ati karan mbak Nates. Pancen ya bakul…, mbak Nates iki grapyak karo sapa bae. Dhasar Pak Dul saben-saben tuku pisang caramel ngguyoni sembrana pari kena, malah kerep ndolani nyang omahe.
Embuh dina iku kok ora ana katon dodolan. Pak Dul olehe ngentha-entha ngigit-igit marang mbak Nates nganti kepati-pati, kepriye bisane kaleksanan kencan intim embuh priye carane, lan reka dayane tansah ditindakake. Tekade kerek diedhunake, ora kenek didhukunake. Wis sesasi iki Nates ora dodolan, dene Pak Dul yen dhong tilik omahe mesthi tutupan. Pak Dul nutugake laku bablas nyang Sumberjo ngelesi Dwi Antoni. Rampung ngelesi Dwi Antoni banjur bablas menyang Nina, omahe mburi Sam-Sat, rampunge udakara jam sanga bengi. Biyasane terus omong-omangan karo Pak Hargo, bapake Nina nganti jam sewelas. Gayeng olehe kongkow-kongkow karo Pak Hargo. Theng jam sewelas. Pak Dul enggal nyengklak sepedha motore, mengulon parane. Tekan protelon mak bleber ana cewek nyepedha ngalor.
“Lho… kok kaya Nates… Dewi Nates”, aloke Pak Dul sing pirang-pirang sasi kepingine kencan karo cewek pepujane mau. Motor dienggokake menengen. Kepara rada adoh cewek sepedhahan iku isih katon.
“Bener Dewi Nates pepujanku. Ketara rambute sing dawa ngore nutupi geger. Iki kesempatan mumpung ketemu ijen padha ijen”, Pak Dul wis kebius, lali purwa duksina. Saka ngarep ana mobil, lampune sumorot padhang mblerengi panyawange Pak Dul. Mobil liwat, Pak Dul ngegas motore nututi kenya kang sepedhahan kuwi. Ketututan sakiki.
“Dhik Nates…, saka ngendi… ayo tak dherekake”, Pak Dul sapa aruh.
Kenya kuwi mung mesem ngujiwat. Dumadakan…
Lestari
Wis meh rong sasi Galuh ora nggarap sawah. Sawise parine dipangan wereng sawahe ditogake-tog. Arep nandur pari maneh gemang, tur ...
Nyekel Thuyul
Prawan ayu lencir kuning kuwi pancen katon tambah ayu yen rambute sing ireng ngandhan-andhan dikrembyakke memburi. Kena sumilire angin
Gelem Dibojo
Yu Sarinten lan Kang Wakijo wis ana sepuluh taun anggone mbangun brayat, ewadene durung pinaringan momongan minangka wohing katresnan. Anggo





