Ngambung Jrangkong

Umure wis ndungkap pitung puluh loro taun. Dhasar piyayine isih energik, kaya-kaya ora tau su­sah, tansah seneng. Najan wis purna tugas, rutin olahraga tenis lapangan se­minggu ping pindho lan renang sepisan. Nanging jarene ora renang, mung ciblon ing kulah. Sebab renange paling mung kuwat limalas meter dohe. Dhek isih mu­dha taruna mbiyen yen nglangi ing kali Karanggeneng, ambyur saka dhuwur kre­teg sepur, nglangi ing segara wiwit saka gisiking Taman Kartini nganti tekan Pan­dean kuwat bae.

Sepuluh taun kepungkur Pak Dul pur­na tugas. Jan nggumunake, sajroning pen­siun kok ya isih ana wong-wong, se­dulur, kanca-kanca, kang isih mbutuhake jasane, padha ngelesake putra, wayah uta­mane kelas nem SD. Lese sistem privat. Pak Dul kersa ngrawuhi siji mbaka siji, door to door menyang omahe bocah sing dilesi mau, emoh yen ditekani. Ala­sane yen bocah sing teka ing daleme Pak Dul bayare kang mung selawe ewu rupiah. Lha yen Pak Dul sing ngrawuhi mba­yare bisa tikel ping sepuluhe. Jenenge bae privat, dadi pertemuane face to face.

Jroning sak sapatemon, ngelesi luwih saka cah siji mesthi dadine guyon, ateges ora kasil. Pak Dul ora kersa ngelesi bocah pinter. Sing dilesi kudu bocah bodho. Pak Dul njamin bocah bodho, kesed, yen dilesi dadi pinter. Pak Dul duwe cara sing praktis lan efektif yaiku sistem drill. Nyatane kasil. Alhamdulillah nganti dinane iki tansah pinaringan seger kuwarasan lan slamet nir ing sambekala. Nanging ya iku nek wis kumat jiwa petualangane, yen mirsani cewek genit atine isih kroncalan mripate isih jelalatan, dhasar si Dul.

Kowe mau saka ngendi cah ayu, pitakone Pak Dul karo nyiwel pipi

Kowe mau saka ngendi cah ayu, pitakone Pak Dul karo nyiwel pipi

Dina iku Pak Dul netepi wajib, kaya biyasane, ngrawuhi siji mbaka siji. Wiwit jam 15.30 ngelesi Ica ing Kebalen, terus menyang Kabongan Kidul ngelesi Ela. Su­rup prepet-prepet ngliwati prapatan Jaini. Ing pojokan prapatan kuwi akeh bakul-bakul jajanan, antara liya bakul jajanan gedhang goreng caramel. Bakule randha enom, ayu, kuning merak ati karan mbak Nates. Pancen ya bakul…, mbak Nates iki grapyak karo sapa bae. Dhasar Pak Dul saben-saben tuku pisang caramel nggu­yoni sembrana pari kena, malah ke­rep ndolani nyang omahe.

Embuh dina iku kok ora ana katon do­dolan. Pak Dul olehe ngentha-entha ngi­git-igit marang mbak Nates nganti kepati-pati, kepriye bisane kaleksanan kencan intim embuh priye carane, lan reka daya­ne tansah ditindakake. Tekade kerek diedhunake, ora kenek didhukunake. Wis sesasi iki Nates ora dodolan, dene Pak Dul yen dhong tilik omahe mesthi tutup­an. Pak Dul nutugake laku bablas nyang Sum­berjo ngelesi Dwi Antoni. Rampung ngelesi Dwi Antoni banjur bablas me­nyang Nina, omahe mburi Sam-Sat, ram­punge udakara jam sanga bengi. Biyasa­ne terus omong-omangan karo Pak Har­go, bapake Nina nganti jam sewelas. Ga­yeng olehe kongkow-kongkow karo Pak Hargo. Theng jam sewelas. Pak Dul eng­gal nyengklak sepedha motore, mengulon parane. Tekan protelon mak bleber ana cewek nyepedha ngalor.

“Lho… kok kaya Nates… Dewi Nates”, aloke Pak Dul sing pirang-pirang sasi kepingine kencan karo cewek pepujane mau. Motor dienggokake menengen. Ke­para rada adoh cewek sepedhahan iku isih katon.

“Bener Dewi Nates pepujanku. Ketara rambute sing dawa ngore nutupi geger. Iki kesempatan mumpung ketemu ijen padha ijen”, Pak Dul wis kebius, lali purwa duksina. Saka ngarep ana mobil, lampune sumorot padhang mblerengi panyawange Pak Dul. Mobil liwat, Pak Dul ngegas motore nututi kenya kang sepedhahan kuwi. Ketututan sakiki.

“Dhik Nates…, saka ngendi… ayo tak dhe­rekake”, Pak Dul sapa aruh.

Kenya kuwi mung mesem ngujiwat. Dumadakan…

Getih Sri Panggung (6)

Getih Sri Panggung (6)

Cerita Sambung | Posted by | May 24, 2013

Hirno bablas tumuju teras. Sumurup Wicitra lagi wawan rembug serius karo detektif Setyawan, dheweke mandheg mangu. Arep nrambul  sung­kan.

Sapepake

Prita Mustika Yadhawa (1)

Prita Mustika Yadhawa (1)

Pedhalangan | Posted by | May 24, 2013

Swuh rep tidhem permanem madyapada minangka ko­caping kang cinarita lan punjering kandha. Mugi ti­nebihna saking sukerta lan siku dendha k

Sapepake

Wewadi Topeng Kayu (21)

Wewadi Topeng Kayu (21)

Cerita Rakyat | Posted by | May 24, 2013

Nratab pikire Bagus Sukri weruh raine paraga mau ketutupan kedhok kayu. Persis kaya sing dicritakake Rara Santi. Sandhang penganggone lan ..

Sapepake

Angin Sore

Angin Sore

Cerita Cekak | Posted by | May 24, 2013

ANGIN sore sumilir tipis, nggogrogake godhong-godhong garing saka pang pengkuh, kang sasuwene iki dadi gondhelane. Hawa panas wis ora rinasa

Sapepake

Page 1 of 9112345...102030...Last »