Suluk Linglung Sunan Kalijaga Ngemot Tauhid lan Makrifat (2)

Anyar Katon, Babad, Flash - Posted by on March 20, 2012

Winastan Suluk Linglung

Makam Sunan Kalijaga, ora sithik kang padha sujarahan

Raden Mas Said, ya Kanjeng Sunan Kalijaga, nalika iku, wus golong-gilig penggalihe, nedya ngupadi ngelmu kang dadi gegebengane para Nabi. Lan kasunyatan Sunan Kalijaga nalika iku, wus kasil mancat tataran tauhid kang dhuwur.

“Lurua ngelmu, senajan kudu nyabrang segara geni…!!” ngono dhawuh dalem Kanjeng Nabi. Raden Mas Said, nalika semana, penggalihe, tinalasak rasa mamang lan bingung. Kayadene Linglung lan kalimput penggalihe. Jalaran, kabeh ngelmu kang wus dimangerteni, dipahami, lan dingamalake, kanthi kebak rasa kuma­-wula marang Allah, nanging Raden Mas Said (rumangsa) isih gampang kagiri godha dening napsune, lan (malah), kayadene, ora kuwawa nduwa. Maneka werna kupiya, wus katindakake, murih uripe mengkone, bisa nglerem pamo-thahing napsune, aja nganti nglantur, kang mung kayadene rumangsa marem, mung dhahar lan sare Nanging Raden Mas Said, tetep wae, kayadene, penggalihe kalah perang nglawan napsune. Puntone Kanjeng Sunan pasrah marang Allah, karana ya mung Allah, minangka pungkasaning pe-pasrah.

Kanjeng Sunan nyuwun marang Allah, supaya penggalihe enggal ka-bukak, murih penggalihe dadi istiqo-mah, jumbuh kelawan pangajaping penggalih, tumuju menyang dalan sembah lan puji. Kanjeng Sunan tan kendhat tansah manekung kebak ing pandonga, senajan sinartan rasa-ru-mangsa, yen manungsa, ora bisa uwal saka dosa, kang tinindakake duk rikala taruna, kang mbokmenawa Allah du-rung kepareng paring pangapura. Se-najan wus sawetara anggone nindaka-ke bab kasebut, ewasemono, kok kaya-dene durung ana pratandha yen dongane pinaringan Kabul. Tundhone Kanjeng Sunan mawas-dhiri. Yagene kok laku-lampah kang kang wus katindakake semono lawase, kok hida-yah saka ngersa dalem Allah durung tumurun. Apa ana saweneh laku-lam-pah kang luput?

Tekan tataran wektu kasebut, Kan-jeng Sunan anane mung kendel/me-neng. Piyambake banjur “uzlah” (ning-galake prekara donyawiyyah). Woh saka laku-lampah kang keri iku, kaya dene ana wewisik. Ing penggalihe, kayadene ana suwara cacah loro kang dumeling, yaiku siji suwara Malaikat, siji suwara syetan, kang padha pepadon. Senajan suwara mau serone ora kaya lumrahe pepadon, nanging kukuh ora ana lerene. Kanjeng Sunan uga sadhar, yen perkara ala lan becik iku, wus sak pase, yen padha rebut papan, rebut unggul.

Gandheng rumangsa yen laku-lam-pah uzlah, durung ana tandha-tandha yen tumurun pituduhe Allah, tundhone Kanjeng Sunan anteb-anteban, nedya nindakake laku ngothongake padhara-ne, tegese nindakake ngelih-ngelak. Bubar iku, Kanjeng Sunan protes lan nagih marang Allah “opahe” laku-lam-pah kasebut. Nanging Allah kayadene mung kendel, ora paring jawaban.

“Lha iya wus samesthine ta ya, yen aku nagih marang Allah, sengara kapa-ringan wangsulan, wong Allah pancen ora utang…!! Lha ya sengara nglunasi ta ya,… wah…!!!” ngono pangandikane ana penggalihe Kanjeng Sunan. Punto-ne Kanjeng Sunan mutusake, yen nedya meguru marang Sunan Bonang. Temen-an. Kanjeng Sunan sawise iku, banjur nindakake laku sumingkir, ing desa Bonang. Kanjeng Sunan banjur nglebur tapak asta, lan nyuwun supaya didu-nungake marang hakekating urip kang haqiqi. Dening Sunan Bonang, Sunan Kalijaga kadhawuhan mangsah semedi, nindakake tapa-brata, sarana nunggoni wit gurda, lan ora dikeparangake jugar, sadurunge kadhawuhan jugar.

Wiwit wektu iku, kanjeng Sunan, dadi priyayi kang tuhu ngedab-edabi. Kekarepane kang teguh santosa, kang tanpa kendhat ambudidaya, mula ora mokal, karana idin saka Ngarsa Dalem Allah SWT. Wiwit iku uga rasa “ling-lang-ling-lung” mbaka sithik bisa uwal saka hanggane Kanjeng Sunan.

Kejaba iku, karana Kanjeng Sunan uga maksih turun priyayi adharah luhur, yaiku putra saka Kanjeng Adipati Tuban, ya panjenengane Wilatikta. Ya karana kawitane saka rasa “ling-lang-ling-lung”, mula wewarah kasebut winas-tan Suluk Ling-lung. (Cuthel)