Suluk Linglung Sunan Kalijaga Ngemot Tauhid lan Makrifat

Anyar Katon, Babad, Flash - Posted by on March 9, 2012

Makame Kanjeng Sunan Bonang ing Tuban

Sunan Kalijaga, mujudake manggala, saka saweneh Wali Sanga, kang kaloka raket kelawan kaum muslim, karana ka­wegigane nglebokake pengaruh Islam, ing jroning tradhisi jawa. Akeh kang nela­kake, yen Kanjeng Sunan Kalijaga iku, yus­wa­ne, luwih saka 100 taun. Sunan Kalijaga kagungan andhil, sajrone peme­rintahan Majapahit, Kasultanan Demak, Kasultanan Cirebon, apadene Banten. Malah-malah uga Krajan Pajang, kang lair taun 1546, sarta kawitaning Krajan Ma­taram, kang pinarentah dening Panem­bahan Senopati. Kanjeng Sunan uga ndhe­rek ngrancang pembangunan Masjid Agung Demak. Saka “tatal”, mujudake sa­weneh pilar utama Masjid, mujudake kreasi Sunan Kalijaga.

Sunan Kalijaga miyos, udakara taun 1450, kanthi asma Raden Said. Kanjeng Sunan, putra saka adipati Tuban, kekasih Tumenggung Wilatikta (ana saweneh kang nyebutake Wilwatikta), utawa Raden Sahur. Sunan Kalijaga, uga kagungan asma seje, kayadene: Lokajaya, Syekh Malaya, Pangeran Tuban, apadene Raden Abdurrahman.

Bab asal-usul Kanjeng Sunan, ana sawetara penemu. Ana kang mratelakake, yen Kanjeng Sunan iku maksih keturunan Arab. Nanging, uga ora sithik, kang nan­dhesake, yen Kanjeng Sunan Kalijaga iku, Jawa asli. Van Den Berg, nelakake, yen Kan­jeng Sunan Kalijaga iku, (pancen) ke­turunan Arab, kang sarasilahe, nganti tekan Rasulullah SAW. Sawetara iku, mi­turut Babad Tuban, nelakake, yen Aria Teja aliyas “Abdul Rahman, wus kasil ng-Islam-ake Adipati Tuban, Aria Dikara, lan nikahi putrane. Saka perkawinan kasebut, nglair­ake putra, sesilih Aria Wilatikta. Miturut cathetan Tome Pires, panguwasa Tuban, taun 1500 Masehi, mujudake wayah saka panguwasa Islam kawitan, ing Tuban. Sunan Kalijaga aliyas Raden Mas Said, putra saka Aria Wilatikta. Sejarawan seje, kayadene De Graaf, mbenerake, yen Aria Teja, kagungan sarasilah kelawan Ibnu Abbas, paman dalem Kanjeng Nabi Muhamad SAW.

 

Suluk Linglung

Suluk Linglung riptane Kanjeng Sunan Kalijaga, awujud Sekar Kinanthi, sapupuh, kedadeyan saka 7 pada. Watake Sekar Kinanthi, yaiku: seneng, tresna, mathuk kinarya mulang-muruk, apadene sipat ang­gulawenthah, kang ngemu rasa tresna. Saperangan gedhe, galihing tembang kasebut, ngemot rasa Tauhid apadene Makrifat Dene Suluk Linglung kang wujud Tembang Kinanthi mau, yaiku:

 

Pada 1.

Birahi ananireku/aranira Allah jati/ tan ana kalih tetiga/ sapa wruha yen wus dadi/ ingsun weruh pesthi nora/ ngarani namanireki.

Saka kersa dalem Allah, andadekake wujudira, kanthi anane wujudira, mra­tandhani bab anane Allah kanthi sayekti. Mokal Allah iku sipat loro, apamaneh nganti cacah telu. Sok sopoa kang wus mangerteni sangkan paraning anane, mesthi iku wong mokal nedya nyungarake dhirine.

 

Besetane:

Yen Allah ngersakke sawiji-wiji, mung ngendika”kun-fayakuun”, mangka banjur ana wujud. Saweneh saka sipat wajib Allah, kang 20, kang sepisanan aran “Wujud”, kang maknane Allah iku ana. Allah minangka “Sang Kholiq”, dene ma­nungsa minangka (saweneh) “Makhluq” Kholiq, tegese kang nyipta, Makhluq, ka­siling ciptan. Ing kawitaning Surat Ikhlas, yen katerjemahake, maknane”Dhawuha sira Muhamad, yen Allah iku siji”. Dadi mokal, yen Allah iku ana loro, utawa telu. Ing kene diajap, manungsa supaya kuma­wula, lan ngabekti/ngibadah marang Allah. Ing Surat Adz-Dzariyat, ayat 56, Allah paring dhawuh:”Lan Ingsun nyipta jin lan manungsa, mung supaya padha nyem­bah marang Ingsun”.

Ing kene mengku werdi, yen ma­nungsa minangka titah, kudu pana, lan rumangsa, yen ana kang anitahake. Ma­nungsa cinipta minangka makhluk kang saendah-endahe makhluk. Nanging yen ora pinter njaga drajat ke-insaniyahan-e, bakal didhunake sacendhek-cendheke drajat titah. Kejaba kang iman lan gelem ngamal sholeh.

 

Pada 2.

Sipat jamal ta puniku/ingkang kinen angarani/ pepakane ana ika/ akon ngarani puniki/ iya Allah angandika/ mring Muhamad kang kekasih.

 

Besetane:

Satuhune sipat bagus utawa endah tur pinuji, iku, yaiku sipat kang tansah mbu­didaya nyebutake, yen hakikate, anane dheweke, karana ana kang maujudake. Mangkono pangandikane dalem Allah, marang Muhamad kekasih Dalem. Allah iku Maha Endah, lan remen (marang) ka­endahan. Yen gelem metani kanthi njli­met, yektine ing saben epek-epeking ma­nungsa kiwa lan tengen iku, tinemokake angka Arab 18 lan 81, kang yen ka­gung­gung, ana 99, yaiku kang aran ”Asma’ul Husna”.

 

Pada 3.

Yen tan ana sira iku/ ingsun tan ana ngarani/ mung sira ngarani ingwang/ dene tunggal lan sireki/ iya ingsun iya sira/ aranira aran mami

 

Besetane:

Yen tan ana sipat titah, ya durung katon araning sipat kang hanitahake. Karana ana sipating titah, banjur ketemu kang hanitahake. Gampanging kandha, ana wujud barang, mesthi ana kang nyipta, utawa ana kang gawe. Karana ananing sira (kang wujud manungsa), mangka ya manungsa kang nyebut marang Ingsun. Ya Ingsun Allah kang nyipta sira (kang wujud manungsa). Wujudira, mracihna­kake wujud Ingsun (Allah).

Kita minangka titah, kudu eling ma­rang kang hanitahake. Keplasing tumrap tata ngelmu pasrawungan sosial, yen sira rumangsa tinuntun dening lelabuhaning sepadha-padha, sawise sira kasil dadi wong kang mulya, aja lali marang lelabuh­an kasebut, (senajan upamane, kang lelabuh, ora njaluk pinwales). Ana unen-unen, yen sira ngeyub ana sangisor­ing wit kang gedhe (tur eyub), aja lali marang kang nandur wit kasebut.

 

Pada 4.

Tohid hidayat sireku/ tunggal lawan Sang Hyang Widhi/ tunggal sira lawan Allah/ uga donya uga akhir/ rumangsa­nana pangeran/ ya Allah ananireki.

 

Besetane:

Pituduh bab anane Allah Kang Sipat Siji, iku nyawiji apadene manunggal marang Allah, tansah cecaketan marang Allah (taqarruban illallah), iman iku nalika isih ana alam donya, apadene mengkone sawise ana alam kasedan jati. Lan kudu rumangsa yen Allah iku ana ing hangga­nira.

Pada iki mengku pasemon, yen sawise katitahake, manungsa kudu manembah marang kang hanitahake. Yaiku kanthi mbudidaya, tansah nindakake apa dhawuh dalem Allah, lan mbudidaya, nyingkiri, apa kang dilarang dening Allah, lan yaiku kang ingaran taqwa. Allah iku didohi, ya sang­saya adoh, dicedhaki, ya sangsaya cedhak. Tembung manunggal, utawa nyawiji, ing kene mengku werdi, supaya manungsa tansah cecaketan marang Allah, tegese tansah eling (dzikir) marang Allah, wiwit ana donyane, jalaran, sawise mati, wus mung kari nampa wohing pakarti nalika ana donyane. Kabeh pakarti kang ana donya, bakal diundhuh ana akherat.

 

Pada 5.

Ruh idhofi neng sireku/ makrifat ya den arani/ uripe ingaran syahdat/ urip tunggil jroning urip/ sujud rukuk panga­sonya/ rukuk pamore Hyang Widhi.

 

Besetane:

bab Ruh Idhofi. Ing jagading Ngelmu Kebatinan, ing jroning badaning manungsa tinemokake ruh cacah 9, yaiku Ruh Idhofi, Ruh Robbani, Ruh Rohani, Ruh Nurani, Ruh Kudus, Ruh Rohmani, Ruh Jasmani, Ruh Nabati lan Ruh Haya­wani. Dene tembung Makrifat. Makrifat, yektine saka aksara Arab, utawa panulise Ma’rifat. Ma’rifat, saka tembung ya’rifu-irfan- ma’rifat, kang tegese kawruh, utawa pengalaman.

Nanging uga bisa dimaknani kawruh bab rahasia hakikating agama, yaiku ngelmu kang luwih manjila, katimbang ngelmu padatan umume, mligine, kang magayutan, kelawan batiniyyah. Uripe ing­aran syahdat. Tinulis, “syahdat”, (wutuhe “syahadat”), karana kanggo njum­buhake guru wilangan, ing saben gatra, tumrap tembang kasebut, ing kene mengku teges, manungsa minangka seksi, apadene anekseni, yen setuhune ora ana pangeran kejaba Allah, lan Nabi Muhamad minangka utusan Allah. Sawise ngucapake kalimah syahadat Tauhid lan syahadat Rasul, urip tunggil jroning urip, uripe, yekti mung angakoni syarengat sawiji, banjur, sujud rukuk pangasonya. Tegese, pepaese, kanthi nindakake pang­ibadahan kanthi sholat. Nindakake sholat, ateges, (mbudidaya), tansah cecaketan kelawan Allah SWT.

 

Pada 6.

Sekarat tan ana nyamur/ ja melu, yen sira wedi/ lan ja melu-melu Allah/ iku aran sakaratil/ ruh idhofi mati tan na/ urip mati mati urip.

 

Besetane:

Ruh Idhofi, uga winastan “Johal awal suci”. Manut kapitayan, ya karana Ruh Idhofi, manungsa bisa urip. Yen Ruh ka­sebut, uwal saka badane manungsa, mangka manungsa bakal nemahi tiwas. Ruh kasebut, mujudake Ruh utama, kang duwe wenang mrentah ruh sejene. Mula ing ngarep kasebutake “tan ana nyamur”, tegese ora sisib. Ja melu yen sira wedi. Ana unen-unen “Yen wedi aja wani-wani, yen wani, aja wedi-wedi”. Iku nari karep­ing ati. Yen ana piweling lan ja melu-melu Allah, tegese, yen nedya “melu” Allah, ya aja nganggo mamang, tegese, temen-temen ndherek dhawuh, lan nyingkiri larang­an. Sakaratil, yaiku titimangsa, tetkala­ne manungsa meh ajal. Ya iku kang padha diwedeni. Nanging, tumrap kang wus iman, anane mung pasrah, karana umur manungsa, iku uga kagungan Ndalem Allah. Urip mati, mati urip. Ing kene, jlentrehe, yektine mati iku, dudu pungkasaning urip, nanging purwakaning urip langgeng. Tegese, ing mengkone, sawise mati, bakal ana urip candhake, yaiku alam seje kang langgeng, nalika ma­nungsa tekan titimangsa ngundhuh wohing pakarti nalika ana donya, ya kang ingaran alam akherat. Ing kana ma­nungsa bakal nampa siksa apa nugraha, gumantung pokale.

 

(Ana Candhake)

Winastan Suluk Linglung

Raden Mas Said, ya Kanjeng Sunan Kalijaga, nalika iku, wus golong-gilig penggalihe, nedya ngupadi ngelmu kang dadi gegebengane para Nabi. Lan kasumyatan Sunan Kalijaga nalika iku, wus kasil mancat tataran tauhid kang dhuwur.

“Lurua ngelmu, senajan kudu nyabrang segara geni…!!” ngono dhawuh dalem Kanjeng Nabi. Raden Mas Said, nalika semana, penggalihe, tinalasak rasa mamang lan bingung. Kayadene Linglung lan kalimput penggalihe. Jalaran, kabeh ngelmu kang wus dimangerteni, dipahami, lan dingamalake, kanthi kebak rasa kumawula marang Allah, nanging Raden Mas Said (rumangsa) isih gampang kagiri godha dening napsune, lan (malah), kayadene, ora kuwawa nduwa. Maneka werna kupiya, wus katindakake, murih uripe mengkone, bisa nglerem pamothahing napsune, aja nganti nglantur, kang mung kayadene rumangsa marem, mung dhahar lan sare Nanging Raden Mas Said, tetep wae, kayadene, penggalihe kalah perang nglawan napsune. Puntone Kanjeng Sunan pasrah marang Allah, karana ya mung Allah, minangka pungkasaning pepasrah.

Kanjeng Sunan nyuwun marang Allah, supaya penggalihe enggal kabukak, murih penggalihe dadi istiqomah, jumbuh kelawan pangajabing penggalih, tumuju menyang dalan sembah lan puji. Kanjeng Sunan tan kendhat tansah manekung kebak ing pandonga, senajan sinartan rasa-rumangsa, yen manungsa, ora bisa uwal saka dosa, kang tinindakake duk rikala taruna, kang mbokmenawa Allah durung kepareng paring pangapura. Senajan wus sawetara anggone nindakake bab kasebut, ewasemono, kok kayadene durung ana pratandha yen dongane pinaringan Kabul. Tundone Kanjeng Sunan mawar-dhiri. Yagene kok laku-lampah kang kang wus katindakake semono lawase, kok hidayah saka ngersa dalem Allah durung tumurun. Apa ana saweneh laku-lampah kang luput?

Tekan tataran wektu kasebut, Kanjeng Sunan anane mung kendel/ meneng. Piyambake banjur “uzlah” (ninggalake prekara donyawiyyah). Woh saka laku-lampah kang keri iku, kaya dene ana wewisik. Ing penggalihe, kayadene ana suwara cacah loro kang dumeling, yaiku siji suwara Malaikat, siji suwara syetan, kang padha pepadon. Senajan suwara mau serone ora kaya lumrahe pepadon, nanging kukuh ora ana lerene. Kanjeng Sunan uga sadhar, yen perkara ala lan becik iku, wus sak pase, yen padha rebut papan, rebut unggul.

Gandheng rumangsa yen laku-lampah uzlah, durung ana tandha-tandha yen tumurun pituduhe Allah, tundhone Kanjeng Sunan anteb-anteban, nedya nindakake laku ngothongake padharane, tegese nindakake ngelih-ngelak. Bubar iku, Kanjeng Sunan protes lan nagih marang Allah “opahe” laku-lampah kasebut. Nanging Allah kayadene mung kendel, ora paring jawaban.

“Lha iya wus samesthine ta ya, yen aku nagih marang Allah, sengara kaparingan wangsulan, wong Allah pancen ora utang…!! Lha ya sengara nglunasi ta ya,… wah…!!!” ngono pangandikane ana penggalihe Kanjeng Sunan. Puntone Kanjeng Sunan mutusake, yen nedya meguru marang Sunan Bonang. Temenan. Kanjeng Sunan sawise iku, banjur nindakake laku sumingkir, ing desa Bonang. Kanjeng Sunan banjur nglebur tapak asta, lan nyuwun supaya didunungake marang hakekating urip kang haqiqi. Dening Sunan Bonang, Sunan Kalijaga kadhawuhan mangsah semedi, nindakake tapa-brata, sarana nunggoni wit gurda, lan ora dikeparangake jugar, sadurunge kadhawuhan jugar.

Wiwit wektu iku, kanjeng Sunan, dadi priyayi kang tuhu ngedap-edapi. Kekarepane kang teguh santosa, kang tanpa kendhat ambudidaya, mula ora mokal, karana idin saka Ngarsa Dalem Allah SWT. Wiwit iku uga rasa “ling-lang-ling-lung” baka sithik bisa uwal saka hanggane Kanjeng Sunan.

Kejaba iku, karana Kanjeng Sunan uga maksih turun priyayi adharah luhur, yaiku putra saka Kanjeng Adipati Tuban, ya panjenengane Wilatikta. Ya karana kawitane saka rasa “ling-lang-ling-lung”, mula wewarah kasebut winastan Suluk Ling-lung.