Sisihane Walikota Salatiga Kesandhung Perkara

Anyar Katon, Dredah Masalah - Posted by on June 20, 2012

Titik Kirnaningsih, sisihane Walikota Salatiga iki dinuga lagi kesandhung perkara

Kahanane kantor Walikota Salatiga, Jawa Tengah wiwit dina Selasa (17/4) kepungkur katon sepi mamring. Ora ngira babar pisan yen bo­jone walikota ditangkep dening polisi Reskrimsus Tipikor (Reserse Kriminal Khu­sus Tindak Pidana Korupsi) Polda Jateng.

Titik Kirnaningsih (44) sing uga ti­nang­genah minangka anggota DPRD Sa­latiga iki dinuga kesadhung perkara ko­rupsi pembangunan jalan lingkar selatan (JLS) kutha Salatiga taun 2008, saka APBN kang  gedhene Rp 49,6 milyar. De­ne kapitunane negara yen ditilik saka asil paniti­prik­sane Badan Pemeriksa Keu­angan dan Pem­bangunan (BPKP) Jawa Tengah, cacahe dhuwit sing dikorupsi kehe nganti Rp 12,23 milyar.

Perkara korupsi kasebut wis ditangani dening penyidik Tipikor Polda Jateng wi­wit taun 2009 kepungkur. Nanging nembe taun 2011 wingi, bojone walikota, Titik Kirnaningsih kang wektu iku minangka Direktur PT Kuntjup Salatiga ditetepake minangka salah sijine tersangka. Dene tersangka kang liyane, yaiku tilas Kepala Dinas Pekerjaan Umum (DPU) Kota Sala­tiga, Ir Saryono, nglakoni ukuman jalaran perkara liya, lagi ndhekem ing Rumah Tahanan (Rutan) Salatiga.

Ora beda karo perkara-perkara korup­si liyane, alesan lara sajak dadi ‘senjata’ kang ampuh kanggo ngendhani pemerik­saan. Bab iki uga ditindakake dening Titik – pa­raban akrabe – Titik Kirna­ningsih. Na­nging, nalika iku dheweke kepeksa diga­wa menyang Semarang saperlu dirawat ing rumah sakit Bha­yangkara, jalarane dheweke sambat jare lara nemen. Uda­kara wis rong minggu iki dhe­weke nginep ing salah sawi­jine kamar rumah sakit ka­sebut minangka tahanan Polda Jateng.

Ibu peputra loro kasebut banjur bi­sane mung gumle­thak lumah-lumah ana ing kamar rumah sakit karo nunggu pro­ses hukum sing isih lumaku. Manut ka­trangan kang kasil dikumpulake PS, Titik dijupuk petugas, jalaran berkas perkara korupsi jalan lingkar selatan (JLS) Salatiga iki wis P-21 (leng­kap), lan berkas kasebut arep dipasrahake menyang Kejaksaan Tinggi (Kejati) Jawa Tengah.

“Tersangka dijupuk kanthi peksan ja­laran berkase wis lengkap. Bu Titik dira­wat ing rumah sakit Bhayangkara Sema­rang,” pratelane penyidik Unit III Dires­krimsus Polda Jateng, Kompol Sitorus marang wartawan nalika dipethuki ing RSUD Salatiga, mentas iki.

Jalan Lingkar Selatan JLS kang anggarane dinuga dikorupsi

Dwi Heru Wismanto Sidi, SH kang ti­nanggenah minangka pengacarane Titik Kirnaningsih ngan­dhakake, rikala nam­pa surat pe­nangkapan saka pe­tugas Polda Ja­teng ing omahe Mer­deka Utara, ku­tha Salatiga, klien-e kaget lan klakon semaput. Mulane dheweke gegancangan digawa menyang rumah sakit.

“Bu Titik semaput banjur digawa me­nyang rumah sakit  Salatiga,” mangkono kandhane Heru Wismanto Sidi marang wartawan durung suwe iki.

Nanging, sanajan klien-e nandhang la­ra, dheweke ora bakal mlayu. Dene yen wis dinyatakake waras dening dhokter, dheweke sawayah-wayah siyap nindak­ake penyidikan.

Walikota Salatiga, Yuliyanto SE, MM nalika ditemoni wartawan, ngandhakake yen penahanan marang bojone iku mi­nangka proses hukum kang lumaku ing Indonesia. Dheweke minangka warga ne­gara kang mituhu marang hukum, tetep ngajeni anane proses kasebut. Nanging, minangka wong lanang, ora bisa diselaki yen atine uga susah jalaran bojone nan­dang urusan karo polisi.

“Kedadeyan lan proses hukum iku bisa namani marang sapa wae, lan sing wigati aku wis mbudidaya lan ndedonga marang Gusti Allah supaya masalah kasebut enggal rampung kanthi becik. Aku ora bisa nyelaki yen atiku uga susah jalaran Bu Titik kuwi bojoku. Sing wigati ayo ngajeni marang azas praduga tak bersalah,” ujare Yuliyanto.

Dheweke nambahake, mi­nangka walikota aku ngajab marang para PNS ing Pemkot Salatiga tetep saiyeg saeka pra­ya, kerja sing apik lan nguta­mak­ake kepentingan masya­rakat.

“Aku tetep nyambut gawe lan mimpin Pemkot Salatiga kanthi apik lan amanah. Aku nyu­wun marang kabeh supaya nyengkuyung lakune pemerin­tahan kanggo masyarakat akeh ing kutha Salatiga iki,” tandhese. (Bagoes)