Satleraman bab Kembang
Anyar Katon, Flash, Taman Wanita - Posted by admin on July 5, 2012

Kembang mawar
WIwit jaman kuna-makuna nganti tumekaning wektu saiki iki, kembang kuwi tansah ana lan mekar ngrebda ngrembaka ing sa-lumahing bumi sakurebing langit tum-raping urip sadina-dina, bebarengan karo manungsa, flora, apadene fauna. Kembang duwe lan nggawa sejarah dawa. Jinise, wangune, sipate, werna-ne, sarta aroma gandane maneka-warna.
Kulawarga (family), jinis (Genus), Spesies, dalah Subspesies-e paribasan tanpa wilangan akehe. Terra Ch. Tri-wahyuni lan Abdul Kadir (2010: VI-X) ngarani 133 jinise kembang nganggo istilah mligi manut kodhifikasine.
Kayata : 1. Acalypha 2. Acanthus 3. Adenium 4. Aechmea 5. Allamanda…
64. Ixora 65. Jasminum 66. Jatropha 67. Justica 68. Kaempferia…
103. Rosa 104. Ruellia 105. Russelia 106. Sagittaria 107. Samanea…
129. Wedelia 130. Wrightia 131. Zentedeschia 132. Zephryranthe 133. Zinnia.
Katrangan Sawatara
1. Genus Japropha (Jarak). Famili Cactaceae. Duwe Spesies 175
2. Genus Jasminum (Mlathi). Famili Oleaceae. Tembung jasminum kuwi asline basa Persia kang tegese peparinge Allah. Duwe Spesies 200.
3. Rosa (Mawar). Famili Rosaceae. Spesies luwih saka 100
4. Helianthus (Srengenge). Famili Asteraceae. Spesies 70-80
5. Rhododendron (Azela). Famili Erieaceae. Spesies 1000
6. Nymphaea (Trate). Famili Nymphaeaceae. Spesies 50
7. Lantana (Telek). Famili Lythraceace. Spesies 150
8. Ixora (Soka). Famili Rubiaceace.spesies 400
9. Gardenia (Ceplok Piring). Uga Rubiaceae. Ana 250 Spesies.
Lumrah saben Spesies duwe Subspesies, ana sing puluhan, atusan, malah ewon. Yen kaetung saka kuwi kembang kuwi cacahe yutan. (Selingan, yen kutha Magelang yasa branding kutha Sayuta Kembang utawa kutha Kembang Sayuta, iya bener mangkono. Malah bisa bae “Magelang Kota Jutaan Bunga”)
Kanggo tetembangan (Sendhon Langen Swara) MNIV (1934: 150-166) ngarani kembang cacahe 92.
1. Andong 2. Argulobang 3. Anggrek… 31. Landep 32. Larawudhu 33. Larakendhat… 71. Kencur 72. Blim-bing 73. Duren… 90. Krambil 91. Kunci 92. Gedhang.
Sutadi lan Sudi Yatmana ngarani jenenging kembang nganggo istilah mligi cacahe 84.
1. Aku 2. Along 3. Ambek… 14. Cethot 15. Dlongop 16. Dongong… 74. Rongeh 75. Sedhet 76. Seneng… 82. Trapus 83. Tuntut 84. Uceng
Wangun.
Wangune pirang-pirang, ana sing kaya utawa memper Piring, Mangkok, Kendhi, Paku Payung, Lonceng, Torong, Slompret, Bumbung, Lintang, lan isih akeh maneh.
Wujud, Kaanan, Sipat
Bisa dipantha-pantha dadi 5 kelompok, yakuwi:
1. Liana (mrambat, ora ana kayune, kayata Allamanda, Prawan Nginang)
2. Herba utawa Terna (ora ana kayune, bisa ngadeg, kayata Heliconia, Alpina)
3. Sekulen (tanpa kayu, tahan urip mung nganggo banyu sathitik, kayata Euphurbia, Aloe, lan manekawarna Kaktus).
4. Perdhu (ana watange atos, ora dhuwur, kayata Bugenvil, Nusa Indah, (Wora-wari)
5. Wit (duwe watang atos, luwih dhuwur katimbang Perdhu, kayata Dhadhap, Flamboyan)
Perang-perangane
1. Gagang
2. Angkup
3. Makhuta
4. Pentil (putik, wiji wadon)
5. Lawe Sari (Sperma, bibit lanang)
Fungsi
Medhiya reprodhuksi amrih ngrebda ngrembaka, nurunake. Bibit lanang karo wiji wadon (Penyerbukan) dadi winih utawa winihing woh.
Falsafah
Tuladha, Melathi, prasaja, endah, suci resik njero njabane, jiwa ragane. Arum wangi, nyenengake, narik kawigaten, andum kabegjan, ngelam-elami.
Kembang kuwi eksis, tansah ana, langgeng nglimputi pranata sosiyal, religi, estetika, budaya, ekonomi. Kem-bang setya rake ting kalairan, wiwahan, lan kesripahan. Kembang ora pisah karo pesta pari suka, leket lengket karo dhuka dhuhkita sungkawa. Kembang ngebeki rerenggan, sarta sakehing upa-cara. Ing bebrayan ana kawingaten/ kapreluan warna-warna nggunakake kembang trigatra, telon: Mawar, Mlathi, Kanthil.
“Manawi kababar (Kawawar) sarana lesan (kalathi) saged tansah (kuman-thil) ing padoning netra dalasan lajeng tumus ing wardaya” (Sutawijaya tuwis Sudi Yatmana: 67)
Uga caturgatra, papatan, kaya kasebut kuwi ditambahi Kenanga”, tansah wenang babagan apa bae, ananging nora sawenang-wenang”. Malah dadi kaonang-onang, konengan, “Kenangan indah” kanggo sesama. Wigati maneh kembang sataman. Kembang manekawarna winandhahan bokor/mangkok/panci isi tirta. Endah endi, adhem seger. Banyu nguwab nyenggol aroma wewangi, swasana dadi seger sumringah.
That is a real freshener
Wadi/Rahasia/Secret
“Sadhengah, sarupane, kembang apa bae (sanadyan Telek) yen nedheng mekar megar mesthi endah edi ngelam-elami” (o, Gusti),
Akeh, atusan tembang/nyanyian/song sing nggunakake tembung jenenging kembang. Kanggo bocah, wong enom, wong tuwa, lanang wadon gedhe cilik, wose sapa bae.
Kanggo panutuping atur, ayo bareng-bareng nembang.
“Lihat kebunku penuh dengan bunga.
Ada yang putih dan ada yang merah.
Setiap pagi kusiram semua.
Mawar melati semuanya indah”
Ibu Sud (1908-1993)
Endah, endah, endah,
Nuwun. (*)

