Miyak Misteri Manungsa Hobbit saka Fllores

Sawenehne peneliti nuduhake balung tengkorake hobbit Flores
Ing film “Lord of The Ring” sing kerep diputer ing layar kaca, digambarake yen tokoh utamane, yakuwi Frodo Baggins dedeg piadege mini utawa luwih cilik tinimbang manungsa lumrah. Manungsa mini kuwi sinebut hobbit. Crita fantasi karangane J.R.R Tolken kasebut bukune laris manis, semono uga sawise diangkat ing film. Nanging prawakane Frodo Baggins sing cilik kasebut jebul ora fiktif. Nyatane pancen ana tenan manungsa sing dhuwure mung sameteran kaya sing digambarake ing film kasebut. Salah siji buktine ana ing negara kita dhewe.
Papan sing nyimpen fosil utawa sisa-sisa balunge Homo floresiensis yakuwi guwa Liang Bua ing Flores. Wiwit jaman penjajahan Liang Bua dadi ajanging panaliten dening para ahli arkeologi lan paleontologi. Nganti taun 1989 ing kene ditemokake wrangkane Homo sapiens lan sawetara sato kewan purba kayata gajah Stegodon, biawak, lan tikus gedhe. Kajaba saka kuwi uga ditemokake sawetara piranti saka watu kayata peso, beliung, panah, areng, sarta balung sing kobong. Kabeh kuwi nuduhake tataran peradaban manungsa sing manggon ing njero guwa kasebut.
Taun 2011 para ahli saka Indonesia lan Australia bebarengan nglacak peninggalan migrasi nenek moyange wong Aborigin Australia ing Indonesia. Tim Indonesia dipimpin dening Pandji Soedjono saka Puslitbang Arkeologi Nasional (biyen Puslit Arkenas), dene tim saka Australia dipimpin dening Mike Morwood saka Universitas New England. Papan sing dianggo ajange paneliten yakuwi Liang Bua. Sasi September 2013 para ahli nemokake wrangka presis kaya manungsa nanging katon bajong utawa cilik, sing sabanjure sinebut H.floresiensis. balung-balung kasebut durung nganti dadi watu, nanging meprel lan gampang ajur. Ing kono ditemokake sanga individu, nanging ora ana sing jangkep. Dinuga Liang Bua digunakake kanggo kuburan.

Tengkorak hobbit Flores (kiwa) dibandhingake karo tengkorake manungsa modern
Siji-sijine individu sing luwih jangkep tinimbang liyane yaiku sing diwenehi tenger LB1 lan dinuga wanita. Ditemokake ing njero sap-sapan lemah sing umure watara 18.000 tau. Individu LB1 dumadi saka tengkorak lan bageyan balung liyane. Wondene saliyane individu LB1 umure watara 94.000 nganti 13.000 taun. Senajan kabeh durung nganti dadi watu nanging ora ditemokake sisa-sisa material genetik, engga analisis DNA ora bisa ditindakake. Perlu kawuningan, panduga umur kasebut adhedhasar umure lapisan lemah, dudu adhedhasar balung-balung kuwi. Sedhenge umure lapisan lemah bisa luwih tuwa tinimbang umure balung.
“Dheweke bisa dikandhaake ora ayu, nanging rupane duwe ciri khas”, kandhane antropologi Susan Hayes saka Universitas Wollongong, New South Wales, Australia. Kanthi latar mburi ilmu forensik Hayes bisa ngira-ira rupane hobbit wadon kasebut. Dhuwure sameter lan umure watara 30 taun. Rupane hobbit flores kasebut diumumake ing Konferensi Arkeolog Australia tanggal 9 nganti 13 Desember 2012 kepungkur.
Almarhum Prof. Teuku Jacob, peneliti saka Universitas Gajah Mada (UGM), nduweni panemu liya ngenani wrangka lan balung-balung H. Florensiensis kasebut. Adhedhasar temonane, fosil saka Liang Bua iki asale saka sakelompok wong-wong kate (kerdil) Flores. Populasi wong-wong kate ing kiwa tengene Liang Bua nganti saiki isih bisa ditemoni lan disawang. Sirahe H.florensiensis cilik jalaran nandang mikro sefali (sirah lan uteke cilik). Miturut tim pimpinane Prof. Teuku Jacob, sisa-sisa manungsa saka Liang Bua arupa moyange manungsa kate Homo sapiens sing nganti saiki isih tinemu ing Flores lan klebu kelompok Australomelanesoid. Dhebat ngenani hobbit saka Flores iki kober gawe panase swasana jalaran ana penganggep yen fosil kasebut sangkane dudu saka spesies manungsa. Nganti wusanane Liang Bua ditutup kanggo peneliti asing, lan dibukak maneh sawise Prof. Teuku Jacob pancal donya taun 2007.

Hobbit saka Flores (kiwa) memper kaya manungsa modern
Sasi September 2007 para ilmuwan peneliti Homo floresiensis nemokake pituduh anyar kang adhedhasar ugel-ugel tangan sing ditemokake. Temon kasebut nuduhake yen H.floresiensis dudu manungsa modern, nanging manungsa saka spesies kang beda. Temon iki arupa jawaban tumrap bedaning panemu sasuwene iki. Jalaran temon kasebut nuduhake yen balunge Homo florensiensis beda karo balunge Homo sapiens (manungsa modern) utawa manungsa Neandertal.
Temonan sing paling anyar, manungsa hobbit saka Flores kasebut tetela nduweni uteg sing luwih gedhe tinimbang sing dinuga sadurunge. Babagan iki ndhukung hipotesis sawetara ilmuwan sing ngandhakake yen menawa hobbit Flores kuwi klebu cabang unik saka Homo erectus, nenek moyange manungsa. Temonan kasebut uga nyingkirake anggepan yen hobbit Flores kasebut klebu manungsa modern sing nandhang microcephalia utawa mikrosefalus, kondisi sing nuduhake sirahe abnormal, badane cilik lan nandhang keterbelakangan mental.
Salah siji cara kanggo nemokake jawaban kasebut yakuwi para ilmuwan neliti interior tengkorak hobbit kanthi nggunakake CT scan sing resolusine dhuwur. Asile, utege hobbit Flores iki jebul luwih gedhe tinimbang pangira sadurunge. Yakuwi 426 cc, sapretelone uteke manungsa modern sing gedhene 1.300 cc. Pangira sadurunge, uteke hobbit Flores dinuga gedhene mung 400 cc. Asile paneliten kasebut dijlentrehake dening Yousuke Kaifu, paleontropolog saka Museum Ilmu Alam lan Sains Tokyo, Jepang dhek tanggal 16 April 2013 wingi. Panduga liyane, hobbit Flores iki evolusi saka Homo habillis, sing ukuran utege mung watara 600 cc. Nanging isih ana misteri liyane sing durung kawiyak.

Hobbit ing film ‘Lord of The Ring’, luwih cilik
Pitakon sing nganti saiki durung kawangsulan yakuwi geneya hobbit Flores kasebut ilang sacara misterius? Kaya sing dikandhakake Scientific American tanggal 6 Nopember 2011 kepungkur, para peneliti ngupaya miyak misteri kasebut lumantar fosil manuk sing nate ditemokake ing Liang Bua. Manuk purba kuwi jenis bangau marabou (marabou stork) sing dinuga mati ing guwa kasebut 25.000 taun kepungkur. Blegere presis kaya manuk nasar sirah putih sing akeh tinemu ing Afrika. Nanging wangune luwih gedhe lan dhuwure rong meter, luwih dhuwur tinimbang dedeg piadege hobbit sing mung sameteran. Saka kanyatan iki ana panemu yen hobbit Flores punah merga dipangan manuk kasebut!
Kaya sing tinulis Discovery.com, panaliten anyar sing dipacak ing Jurnal Biogeography sing dipimpin dening Hanneke Meijer saka Pusat Penelitian Biodiversiti Belanda, dinuga wektu semana manuk Flores kasebut anggone golek mangan ora beda kaya carane manuk nasar, yakuwi mangan bangke. Manuk purba kuwi ana ing Liang Bua jalaran golek bangke. Dinuga, miturut panemune Meijer, hobbit Flores nggawa bali asil buronane, yakuwi bayi gajah stegodon. Manuk kuwi njur mlebu guwa saperlu golek sisa-sisa bangkene gajah.

Guwa Liang Bua, papan ditemokake sisa-sisa balunge manungsa hobbit
“Kunci kanggo mahami hobbit Flores kanthi cara fokus marang lingkungan ing Flores” tandhese Hanneke Meijer. Dijlentrehake, miturut data fosil, sawetara pendhudhuk pulo Flores, klebu reptil lan mamalia, nduweni pengalaman pengkerdilan (dwarfism) utawa dadi raseksa (gigantism). Meijer yakin sawise mangsa isolasi pulo Flores, Homo erectus njur adaptasi lan ngrembaka dadi hobbit. Nanging akeh ilmuwan sing ora sarujuk karo panemu sing ngandhakake yen manungsa purba saka Flores sing badan lan uteke cilik kuwi ora liya metamorfosa saka Homo erectus.
Sauntara cathethan arkeologi nuduhake, spesies nenek moyange manungsa, Homo erectus ngambah Flores, Nusa Tenggara Timur, ing mangsa tengahan jaman Pleistocene udakara 781.000 lan 126.000 taun kepungkur. Homo floresiensis wis ora katon ing pungkasan periode Pleistocene, watara 126.000 lan 12.000 taun kepungkur. Apa sebabe hobbit saka Flores kuwi cures lan critane mung mandhek tekan semono? Durung ana ilmuwan sing wani mestekake kanthi gamblang.
(Oemaryanto)
Obyek Misterius saka Njero Samodra (2)
Obyek misterius arupa jumedhule pesawat cacah atusan saka njero banyu sing disumurupi dening warga California Kapal Rusia, Volga, ngalam
Obyek Misterius saka Njero Samodra
Surat kabar kang martakake anane obyek misterius Luwih saka 100 taun pungkasan iki para awak kapal kang pinuju njlajah bawerane ...
10 Keajaiban Alam Paling Populer
1. Chocolate Hills (Filipina) Kasumurupan wiwit 1.268 Chocolate Hills, wujud pereng-pereng awangun kerucut kang ukurane padha. Ambane l





