28 April – 4 Mei 2013
CAPRICORN ( 21 Des – 19 Jan ):
Keuangané apik, beciké énggal digunakaké kanggo nggarap rancangan, aja sok mengko-2. Jembarna hubungan panjenengan nganti njaban kutha. Golèk panggawéyan, kemajuan lan bebathèn. Entèké dhuwit kudu ana wohé, aja ilang muspra alias boros. Sing serius lan tegas.
AQUARIUS ( 20 Jan – 18 Feb ):
Maju terus kanthi sakabèhing kabisané. Kabegjan isih berpihak marang keputusan lan kesregepan panjenengan. Aja nganti ngrasa rangu lan gampang terpengaruh wong liya. Sing pinter mikat ati, srawung lan golèk trobosan-2 nggunakaké wektu lodhang. Aja lali wiwit nyèlèngi.
PISCES ( 19 Feb – 20 Mar ):
Sedhéla manèh apa sing dipéngini bakal bisa maujud. Mula aja mundur lan nglokro. Undhakna semangat, sregep ngrampungaké tugas, mantep marang tujuané. Kanggo sakabèhing urusan kudu sabar temenan lan wicaksana, tetep percaya dhiri. Kritik lan saran bakal ngasilaké kesenengan.
ARIES ( 21 Mar – 20 Apr ):
Rejeki wiwit nyenengaké, bisa nyukupi kebutuhan lan ngrampungi masalah. Lakuning urip lan nasib bakal ngalami owah-2an. Panjenengan kudu wani maju, nggarap rancangan sing nate ketungka. Sing wis kedadéyan, dilalèkaké waé. Saterusé kudu sing ngati-ati lan tansah waspada.
TAURUS ( 21 Apr – 20 Mei ):
Kahanan ing sakiteré bisa njalari panjenengan kélangan kesabaran. Nanging yèn sregep sholat, isih bisa dikendhalèni. Dipikir sing mateng sadurungé tumindak, sebab yèn wis kebacut, bisa dadi gela lan keduwung. Kudu bisa ngrampungi sakabèhé kanthi damai supaya ora pedhot.
GEMINI ( 21 Mei – 20 Juni ):
Dhuwit sing nang tangan aja nganti cepet metu utawa boros. Isih ana kebutuhan sing luwih penting lan berharga, panjenengan kudu siap sedhiya dhuwit. Singkirana pradondi, mèlu dalan pikiran sing bener. Ora usah menang-2an, gèngsi-2an, golèk alem. Kudu dhisiplin nggarap tugas.
CANCER ( 21 Juni – 20 Juli ):
Tugas, panggawéyan utawa rancangan panjenengan durung bisa lancar. Merga isih terpengaruh omongané wong liya lan kurang percaya awaké dhéwé. Mula aja gampang percaya karo wong liya. Undhakna kawaspadan lan tansah ngati-ati yèn mlangkah ngayahi marang tujuan.
LEO (21 Juli – 21 Agust):
Akhiré bisa kasil, akèh narik simpati lan bisa diajak kongsi. Kanthi kawi-caksanan lan kerja sing profesional, njalari kabèh padha nurut préntah panjenengan. Élinga, aja dadi wong sing umuk lan takabur. Tumindaka ngamal jariyah, mbantu fakir miskin, bocah yatim lan panggonan ibadah.
VIRGO ( 22 Agust – 22 Sept ):
Memikir sing positif, bakalé olèh inspirasi sing mbathèni. Aja ngrasa rangu kanggo maju lan dileksanakaké. Sing penting kudu tansah sregep, dhisiplin lan tegas. Endi sing kurang perlu lan ora berkembang, diganti. Jembarna hubungan lan tukar pikiran karo wong-2 sing wis suksès.
LIBRA ( 23 Sept – 23 Okt ):
Sing sabar sethithik, aja karo emosi lan aja frustrasi. Urusan bisa tambah kalut, ruwet ora bisa dirampungi. Sing penting saiki ngurus awaké panjenengan dhéwé, utamané aja nganti gerah. Pikiran kudu mardika lan lapang, tetep optimis. Tindaka ninggal kesibukan, golèk hiburan.
SCORPIO ( 24 Okt – 22 Nop ):
Kahanan bakal lumaku lancar, asilé nyenengaké, yèn gelem berjuang kanthi utun, sabar lan ikhlas. Ora usah sambat lan digetuni. Ya ngono iku proses kanggo olèh bebathèn lan pangalembana. Minggu iki bakal ana kagètan sing apik, jembarna pasrawungané lan sregep sholat.
SAGITARIUS (23 Nop – 20 Des ):
Bisa uga bakal akèh kedadéyan owah-2an, kalebu cita-2 lan rancangané. Aja emosi lan aja nglokro. Endi sing bisa digarap, digarap waé. Sing isih ana dipertahanaké. Aja mèlu nyampuri urusané wong liya. Bab-2 sing anyar beciké ditungka dhisik. Kudu sing tansah ngati-ati.
21 – 27 April 2013
CAPRICORN ( 21 Des - 19 Jan ): Minggu iki nasib lan rejekiné apik. Akèh dhuwit mlebu nanging cepet entèk. Tiwas ...
14 – 20 April 2013
CAPRICORN ( 21 Des - 19 Jan ): Lumaku maju, senajan alon lan bathiné sithik. Panjenengan kudu bersyukur lan tetep sregep ...
7 – 13 April 2013
CAPRICORN ( 21 Des - 19 Jan ): Lagi ngalami penantian, mula butuh kesabaran lan tetep sregep ngayahi tugas nggarap rancangan-2 ...

