Adol Plesedan Lekoh, Njaring Pelanggan

Kaos werna putih iku agambar siluet cewek bahenol methingkrang sisih.  Pundhake mawa swiwi kekablak. Tulisan salarik ing ngisore muni: “Dolly Air, kepuasan anda harapan kami” pepak klawan denah tumuju Dolly. Dolly sing dimaksud ing kene ora liya Gang Dolly, papan prostitusi paling kawentar  sa-Surabaya, tur kabar-kabare mujudake panggonan pelanyahan paling gedhe sa-Asia Kidul Wetan.

Desainere kaos kasebut, Dwita Rosmika, ora mung angger ndesain. Kanthi tetimbangan bisnis, dheweke   sengaja milih tema “nakal” kanggo nyolong kawigatene konsumen.  Pamilihe Dolly minangka obyek desain, miturut priya 36 taun mau, kejaba wis kondhang kajalandara, uga asring dadi bahan ledhek-ledhekan. Mula konsumen sing disasar nganggo  tema plesedan saru bin lekoh mau kalangan remaja sing isih seneng pamer lan ngelak perhatian.  “Aku pengin gawe tema sing beda karo kaos-kaos kang wis umum,” kandhane Dwita durung suwe iki.

Dwita pawongan sing duwe Cak Cuk, perusahaan kang ngetokake kaos-kaos kanthi gambar sarta tulisan sing nakal lan nyrempet-nyrempet saru. “Dolly Air” mung salah siji saka watara 200 desain ciptaane Dwita.  Ana maneh desain kanthi ukara: “Lebih baik poligami daripada dollygami” sarta “United Colors of Syaiton, kuburan Kembang Kuning di waktu malam” mawa gambar urut-urutane  jrangkong lagi ho-ho-hi-hek.

Tema esek-esek mung salah siji saka tema cacah nenem. Tema liyane yakuwi misuh, Kota Pahlawan, Kota Bonek lan Kota Buaya. Dwita ora selak menawa dianggep sengaja niru kaos produke Djoger ing Bali utawa Dagadu ing Yogyakarta sing padha ngedol “permainan kata-kata.” Nanging dheweke emoh yen diarani ngembari, sebab  Cak Cuk mligi nggunakake clemongan khas Suroboyoan. Mula saliyane tema esek-esek , Dwita uga nggarap tema misuh minangka andel-andelane produk.

Pisuhan khas Surabaya “jancuk” diolah dadi maneka tembung  lucu, lan mesthi wae uga nyrempet saru. Contone kaos klawu kang rinengga hurup kandel pener nggon dhadha kanthi ukara: Misulvolution: a-u, a-uk, antuk, ancuk, jancuk, mbokne ancuk. Dwita sajake sengaja mlesedake teori evolusi Charles Darwin, merga ing saselane tembung pisuhan iku uga diwenehi gambar urut-urutan “manusia berjalan tegak.”

Dwita ngakoni idhe plesedan ing kaos, mligine tema lekoh tur saru, asring diprotes guru apa dene dhosen awit dianggep ngajari ora genah. Nanging Dwita duwe pawadan, toh senajan  tanpa dheweke nggawe kaos mawa tema nyrempet saru, arek-arek enom ing Surabaya wis padha pinter misuh. “Ing Surabaya tembung jancuk terkadhang ditegesi kadidene simbul keakraban, dudu saderma pisuhan,” imbuhe Dwita.

Dwita ora selak menawa tema esek-esek dalah pisuhan klebu paling laris dibandhig tema Kota Pahlawan, Kota Buaya lan Kota Bonek. Yen ditotal, saka tema cacah nenem kasebut Cak-Cuk wis nyiptakake ora kurang saka 200 desain. Wondene idhe ngolak-alik tembung asale saka Dwita dhewe kabiyantu tim kreatif kang dumadi saka mahasiswa-mahasiswa desainer grafis Institut Teknologi 10 Nopember Surabaya lan mahasiswa Universitas Negeri Surabaya sing pinuju praktek ing tokone.

Sadurunge bisnis kaos, Dwita kober ngolah-ngalih pegaweyan, klebu melu juragan sablon kaos.  Sawise rumangsa entuk pengalaman, tur uga nguwasani teori desainer grafis, wekasane Dwita mutusake bukak usaha dhewe ing taun 2005. Jenenge wae usaha, Dwita uga ngrasakake niba tangi. Nanging dheweke enggal nemu gondhelan engga usahane wiwit trantanan, mlaku thimik-thimik engga saiki wis bisa mlaku kanthi jejeg.  Bisnise saya kumlebet, saka sing sekawit mung duwe toko siji saiki dadi papat kanthi karyawan cacah 30.

Konsumene ora winates wong Surabaya sakiwa tengene, nanging uga pelancong manca. Strategi nekakake turis menyang tokone yakuwi kanthi tembayatan karo biro travel pariwisata. Kunjungan menyang toko Cak-Cuk digamblokake sapaket perjalanan karo kunjungan-kunjungan liyane. Kanthi mengkono tokone Dwita mesthi kampiran. Kanthi ngedol kaos rega Rp 30 – 50 ewu, Dwita kasil entuk omset Rp 200 yuta setaun.

(Kukuh SW)