Tilik Menyang Museum Trowulan Mojokerto

Penulis ing ngarepe Balai Pelestarian Arca Trowulan, Kab Mojokerto
PEradaban Majapahit ora mung dongeng, ora mung legenda, nanging pancen ana kanthi bukti-bukti nyata, otentik arkeologis, sing isih ana ing jamane. Saben-saben tilase keagungane Majapahit ngandhut aji sejarah, historis lan ngelmu kawruh ing panguripan. Amarga saka sejarah iku Indonesia saiki isih ana, menawa crita Indonesia mesthi crita Majapahit.
Peninggalan, tilas-tilas, tabet-tabet anane Majapahit antara liya akeh tinemu ing Kecamatan Trowulan, Kabupaten Majokerto. Mentas iki wartawan PS merlokake “nglongok” menyang Kecamatan Trowulan, kanthi tujuwan bisa ngerti senajan sarwa sethithik peninggalan, situs Majapahit kang bisa dingerteni syukur bisa dadi ilmu kawruh, paling ora melu wae ngregengake wisata ing Mojokerto kang mujudake wisata sejarah.
Sejarah Keraton Hindu-Budha ing Jawa Timur kabagi dadi 3 tataran, periode. Tataran kapisan yaiku raja-raja Kediri kang kuwasa wiwit abad ka 19 M tumeka taun 1222 M. Tataran kaloro yaiku raja-raja Singosari sing kuwasa wiwit taun 1222 -1293. Tataran katelu yaiku raja-raja Majapahit sing nguwasani wiwit taun 1293 tumeka abad ka 16 M.
Peninggalan Majapahit ing Trowulan

Candhi Tikus
Menawa kita sanja, nglongok menyang Museum ing Trowulan nembe mlangkah pirang jangkah kita bakal weruh wit-wit ijo ngrembuyung. Ing antarane gegodhongan wohe pating grandhul, nanging jare yen kita gelem nyoba nyicipi wohe rasane pait. Ora maido wong iku jenengane wit Maja sing rasane Pait. saka tembung woh maja sing rasane pait iku dadi tembung Majapahit. Ujaring kandha mbiyen nailka R Wijaya dalah prajurite lagi mbangun tanah Tarik sing diparingi Prabu Djayakatwang. Nalika lagi ngayahi tugas, awan-awan padha ngelak. Ora ana banyu, sing ana mung wit maja. Wit mau durung akeh dikenal para prajurite R Wijaya. Bareng woh maja mau dipangan jebul rasane pait. Mula pra prajurit meh bareng padha alok.
“Maja rasane pait,… maja paiiiit!!!!!”
“Mbesuk rejaning jaman yen tanah Tarik wis dadi karang pradesan arep dakjenengi desa Majapahit,” ngono ngendikane R Wijaya menyang para prajurit lan pendhereke. Bener bareng R Wijaya kasil nglungguhi dhampar kraton negarane dijenengi Majapahit .
Dene peninggalan kang isih ana ing Trowulan antara liya yaiku :
Gapura Bajangratu
Gapura Bajangratu manggon ing desa Temon, Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Dideleng wangune gapura iki mujudake wewangunan pintu gerbang tipe “Paduraksa “ yaiku gapura kang nduweni atep. Bahan bangunan digawe saka bata. Kajaba ing bagian dhasar tangga sing digawe saka watu andhesit. Denah bangunan wujud segi papat ukuran 11,5 mX 10,5 m, dhuwure 16,5 m lan jembare lurung kori, pintu, 1,4 m. Gapura Bajangratu dibagi 3 bagian yaiku bagian sikil, bagian awak lan bagian atep, payon
Candhi Tikus
Candhi tikus manggon ing desa Temon, Kecamatan Trowulan. Candhi iki mujudake candhi petirtaan. Bab iki bisa dideleng anane miniature candhi, candhi tiron cilik-cilik ing satengahe wewangunan sing nglambangake Gunung Mahameru. Gunung singgasanane para dewa lan sumber kabeh panguripan. Iki diwujudake kanthi anane banyu kang mancur saka pancuran-pancuran, jaladwara kang ana ing sikile candhi. Banyu iki dianggep banyu suci Amrta, sumbering kabeh panguripan.
Candhi Tikus dipugar taun 1984-1989. Wangune bujur sangkar ukuran 4,8 mx 4,8 m. Dumadi saka menara semu 5 cacahe. Ana menara cilik ukuran 0,84 mx0,80 m cacahe 4 .Menara sing dhuwur dhewe ngadeg ing tengah-tengah ukuran 1 mX1,04 m dhuwure 2,76 m, eman dene puncakke menara sing nglambangake puncake Mahameru iku ilang, ora genah juntrunge.
Situs Sentonoreja

Candhi Bajangratu
Situs iki manggon ing desa Sentonorejo, isih kecamatan Trowulan. Dipugar taun 1990/1991, jumlah ubin sing isih ana cacahe 104 iji, sebageyan disimpen ana ing Museum Trowulan. Wangune segi 6. Tembok bangunan mujudake bata sing disusun ukuran 30 cm X 20 cmX 5 cm. Situs Sentonreja iki mbiyene mujudake papan panggonane masyarakat Majapahit sing padha sugih utawa para manggalaning praja. Dhasaring wewangunan situs iki jerone saka lumahing tanah iku 1,80 cm.
Makam Troloyo
Senajan masyarakat Majapahit akeh-akehe nganut Hindu/Budha tapi nyatane wis ana sing nganut agama Islam, iki kabukten ing dhusun Sidodadi, desa Sentonorejo, Trowulan ana makam/kuburan. Tralaya utawa Troloyo miturut Prof Poerwadarminto saka tembung setra lan pralaya. Setra tegese tegalan, pralaya mati/rusak. Tembung loro mau digabung dadi Tralaya, sing tegese tanah tegalan sing kanggo ngubur wong mati. Makam iki anane ing taun 1368-1611 M miturut peneliti LC Damais.
Makam Putri Campa
Putri Campa mujudake garwane raja pungkasan Majapahit Brawijaya sing pesen yen Putri Campa seda supaya dikubur srana Islam manggon ing Sastrawulan/Trowulan. Cerita iki kamot ing Serat Darmogandul Pupuh XX sing terbit ing pertengahan abad ke XX. Putrane Prabu Brawijaya karo Puitri Campa yaiku R. Patah. Sultan Demak kang kawitan. Makam iki manggon ing wetan kidule Kolam Segaran ora adoh saka Museum Trowulan.
Candhi Brahu
Candhi Brahu manggon ing desa Bejijong, Kecamatan Trowulan. Kaya akeh-akehe wewangunan ing Trowulan candhi iki digawe saka watu bata sing ditempelake siji lan sijine kanthi cara digosok. Denah bangunan bujur sangkar arah madhep ngulon kanthi azimuth 227 drajat. Dhuwure 25,7 m lan ambane 20,7 m. Ing jerone ana kamar ukuran 4 mX4 m, ukuran sikile candhi 17mX17 m. Candhi diwangun dhek jaman Empu Sendok yaiku taun 939 M.Brahu saka tembung Warahu utawa waharu kang tegese panggonan kang suci.
Candhi Gentong

Wit maja
Andhi Gentong manggon ing desa Jambumente, Kecamatan Trowulan. Candhi iki uga ana I sawetane Candhi Brahu kurang luwih 360 m. Sajane maune ana candhi loro maneh ing sacedhake Candhi Gentong yaiku Candhi Gedhong lan Candhi Tengah, kekarone wis ora ana wujude maneh. Usaha pelestarian anane Candhi Gentong wis diwiwiti taun 1995-2000. Kena ingaran wewangunan candhi iki ora ana mung kari tumpukan batu bata sing numpuk-numpuk kaya candhi.
Situs Kedaton
Isih ana ing desa Sentonorejo ana jeneng candhi sing wujude tumpukan bartu bata yaiku Situs Kedaton. Situs iki saka Balai Penyelamat Arca (BPA) Trowulan, ya Museum Trowulan iku adohe 1,5 km arah mangidul ngulon. Manggon ing tanah rata sing dhuwure 150 m diatas permukaan air laut (DPL). Ana 3 bangunan situs Kedaton iki, yaiku Candhi Kedhaton sing wujud tumpukan batu bata, situs Sumur Upas lan situs wewangunan umpak.
Gapura Wringin Lawang
Gapura Wringin Lawang anane ing desa Jatipasar. Kecamatan Trowulan. Ana ing Buku History of Java dijenengi Gapura Jati Pasar. Sing ngarani Gapura Wringin Lawang iku Knebel. Wewangunan iki ginawe saka batu bata kejaba bageyan undhak-undhakan ginawe saka watu andhesit. Amarga wewangunane ana 2 mula candhi iki disebut candhi bentar utawa candhi kang binelah loro. Ukuran candhi dawane 13,5 m, jembare 11,5 m lan dhuwure 15,5 m. Antarane candhi sisih kiwa lan tengen 3,5 m.
Kolam Segaran
Ing Sacedhake Balai Penyelamat Arca (BPA) Trowulan ana kolam, blumbang. wadhuk. Dawane 325 m, jembare 125 m. Tembok kolam dhuwure 3,16 m jembare 1,6 m. Kolam iki digawe saka watu bata sing ditempelake siji lan sijine kanthi cara digosok. Ing taun 1996 wujude isih tinutup dening sesuketan kanthi jembar 65.448 m persegi. Nalika PS liwat akeh pawongan kang lagi padha mancing. Bangunan kolam iki mujudake salah sijine kolam sing ana sing cacahe ana 32 kolam tinggalan kerajaan Majapahit.
Isih ana situs-situs peninggalan Majapahit sing bisa kita tonton, kita longok yaiku Pendopo Agung kang dikelola Kodam V Brawijaya. ing dhusun Nglinguk, desa Trowulan. Makam Panjang uga ing desa Trowulan lan Situs Klinterejo ing Kecamatan Sooko isih Kabupaten Mojokerto. Wusana sumangga kersa sapa sing arep luru kawruh liwat wisata sejarah lan budaya jaman Majapahit. Nuwun!!!
Nyengkuyung Kutha Lawas Gresik Dadi Paket Wisata
Wangunan omah kuna Gajah Mungkur Nalika pepanggihan lan sapatemon karo sawatara jajaran Menteri Negara bidhang Ekonomi Kreatif sawatara
Nyruput Kopi Anget ing Ndhuwur Mega
Kaya kang wis kita aturake minggu kepungkur, kawasan wisata Bromo tansah njanjekake kaendahan kang ora bisa ditemokake ing papan liya. ...
Nyambangi Makam Trunyan ing Pulo Bali
BUMI Nusantara pranyata nduweni papan wisata kang cukup lumayan akehe. Penulis ing kalodhangan iki kepengin ngajak para pandhemen Panjebar S





