Perjanjian Linggarjati (1)

Anyar Katon, Sejarah - Posted by on July 5, 2012

TAnggal 25 Maret  1947 ing Jakarta kelakon ditandha tangani Perjanjian Linggarjati, antarane Pemerintah Republik Indonesia karo pemerintah Walanda.

Grambar propaganda pemerintah Landa, nggambarake manawa Holland karo Hindia dadi siji

Linggajati mono jenenge dhaerah wi­sata ing wilayah Cirebon lan jenenge dadi saya kewusur iya merga ing papan mau, nate dianake rundhingan apa sa­ra­sehan antarane pemerintah Republik Indonesia karo pemerintah (Hindia)-Walanda. Rundhingan diana­kake kira-kira rong taun salebare Perang Pasifik apa Perang Asia Timur Raya rampung. Yaiku, sawise Jepang kelakon njepapang merga dibom atoom dening Sekutu.

Republik Indonesia karo Pemerintah Walanda padha rebut deg; benceng karep. Pihak Republik kepengin tetep merdika kaya sing dikumandhangake dhek 17 Agustus 1945 kae; pihak Landa pengin tetep njajah bumi kene, adhe­dhasar historisch-recht (hak sejarah) rikala Tenno Heika, utawa Kaisar Hirohito pepundhene bangsa Jepang ngucapake tandha tundhuk teluk tanggal 15 Agustus 1945, Nederland babarpisan ora bisa ngu­wasani tilas jajahane sing disebut Neder­lands-Oost-Indie. Iya dinulu secara formal iya sacara material.

Nederland iya negara Landa secara formal mula ora nduweni wewenang lan ora bisa ngukuhi tilas tanah jajahane. Polahe, wiwit 15 Agustus 1945 mau, ora diwenehi wewenang ngurusi wilayah mau. Sing ditugasi ngurusi negara leloro. Inggris karo Australia.

Pula Jawa lan Sumatra dikuwasa­kake marang Panglima Tertinggi ing Asia Kidul Wetan, Laksamana Lord Louis Mount­batten; dene wilayah liyane maneh kaya dene Kalimantan, Sula­wesi, Nusa Teng­gara (Barat lan Timur), Maluku dalah Irian (Papua) dibebanake nyang Panglima Tertinggi Australia, Jendral Sir Thomas A. Blamey.

Wakil tertinggi Pemerintah Landa ing Australia, pangkat Letnan Gubernur Jendral Dr. H. J. Van Mook ing sakawit ngira, manawa salebare perang, sing bakal tinanggenah ngurusi wilayah Hindia, pihak Amerika. Genahe maneh, Panglima Tertinggi Angkatan Perang Ame­rika ing Pasifik, Jendral Douglas Macar­thur.

Ora ngertine, manawa wis dhek April 1945, Macarthur saka dhedhuwurane ing Washington wis nampa parentah, tugas ing wilayah Hindia ming ngrebut bali Tarakan, pulo sing kebak lenga patra, sarta wilayah sacedhake kayadene Sama­rinda.

Macarthur sing ing sakawit uga niyat ngrebut pulo Jawa, dening pemerentah pusat ing Washington, dilarang. Distop! Pihak Amerika banjur nyerahake theg-kliere tanah Hindia (Walanda) nyang pihak Inggris sarta Australia. Sajak-sajake pihak Amerika wis nduweni bayangan, yen bakal ngadhepi tandang grayange kaum nasionalis Indonesia.

Lha sakehing keputusan mau ora dikabarake nyang pihak Landa; mula iya ora aran aneh, yen ta Van Mook kagak nyahok.

Secara material, Nederland dhek sa­mana mula iya ora kuwagang ngurusi daerah sing dawane (apa ambane) diukur padha karo jarak kutha London tekan pegunungan Kaukasus ing Rusia.

Pasukane dalah kekuwatan militere isih ringkih banget; nadyan ta ing Aus­tralia sadurunge uga wis mbangun NICA (Netherlands-India Civil Adminis­tration) ning tenagane ming dumadi saka satuan pawongan.

Uga ing wilayah-wilayah sing mentas dibebasake pasukan Amerika lan Aus­tralia, kayadene ing Papua, Maluku, Mi­nahasa pihak Landa kelakon bisa mba­ngun pasukan KNIL maneh, ning cacahe ora nggandra. Durung bisa yen ta dianggo ngejegi pula Jawa upamane.

Durung ngrembug bab kapal perang dalah tank-tank sabangsane ngono mau. Pihak Van Mook isih kethetheran banget.

Eee, dadak Soekarno-Hatta mroklamir­ake Republik Indonesia, sing babarpisan ora nate dinuga dening Van Mook dalah pemerentahane sing ana Den Haag pisan.

Ndilalah kersa Allah, pihak Inggris sing kajiban ngurusi bumi Hindia, ora bisa enggal-enggal nindakake ayahane, polahe uga kekurangan kapal transpor kanggo ngangkut pasukane njang bumi tanah Jawa lan Sumatra.

Wah maneh, pihak Inggris sajake iya setengah hati, dibebani ngurusi wilayah sing dudu jajahane pisan. Iki rak urusane Landa.

Dadi, lagi bisa ndharat neng Tanjung Priok, akhir September 1945, meh rong sasi salebare perang rampung.

Lha sajrone wektu rong sasi mau pihak Republik sing anyaran lair, bisa ngumpulake kekuwatan, konsolidasi. Waah maneh, dhek samana pilar (saka) minangka je­junggule kekuwatan, yaiku para pamong-praja, kaum ulama dalah kaum politisi padha manunggal temenan. Saiyeg saeka-kapti anggone nedya ke­pengin mbelani bumi Pertiwi sing wis dadi negara Repu­blik, dibiwarakake ing sa­indenge jagad.

Wah maneh, rakyak kawula cilik uga nyengkuyung; rumangsa wis bosen gemang dadi rakyat jajahan. Apa maneh mentas bae ngrasakake diengkuk-eng­kuk, disiksa, dirampok dening bangsa Jepang sing yap-yapan. Aja tinemu-tine­mu maneh; aja nganti anak putu ngalami maneh. Merdeka…; Merdeka…!!!

Ora bisa ditawar-tawar maneh. sanyari bumi, ditohi pati pecating nyawa.

Sauntara iku, Dr (Honoris Causa) Hu­bertus Johannes Van Mook, sinyo kelairan Semarang (1894) dening Pemerintahe diwanti-wanti tenan; aja nganti ngana­kake sapatemon, apa maneh rundhingan karo pemimpin-pemimpin nasionalis In­donesia. Luwih-luwih karo pawongan sing jenenge Insinyur Soekarno. Haram hukum­­­e.

Sajake pemerintah Landa ing Den Haag kana ora nyumurupi utawa ora ma­ngerti babarpisan kaya ngapa suwasana ing Indonesia wektu kuwi. Pemerintah Landa isih ngira, manawa rakyat Hindia Wetan isih tetep setia nyang Sri Ratu Wil­helmina sing angedhaton ing Den Haag kana. Pemerintah Landa ngimpi, rakyat Indonesia isih ngarep-arep tekane tuan-tuan lan ndara-ndara kaya dhek jaman sadurunge perang biyen.

Iya bener, para panguwasa Landa mau uga wis nyumurupi anane Republik Indonesia ning tuan-tuan penguwasa ing Den Haag nduweni penganggep, manawa Republik anyaran iki rak ming gaweyane sawatara paraga bae, cethane maneh: Soekarno-Hatta, disengkuyung pihak Jepang sing kalah perange.

Malah Van Mook dhewe ing ndalem diposisine sing ditulis ing laporan sing di­ajokake sekretaris-e, nulis manawa Pro­klamasi Kamardikan Republik Indonesia kuwi ming mujudake tandha “keputus-asa”-an Soekarno

Pemerintah Landa uga nduweni pane­mu, yen Soekarno-Hatta oleh penyengku­yunge kaum mudha sing rikala jaman pendudukan Jepang dicekoki-imiliterisme, satemah dadi pemberontak; dadi pem­bunuh, dadi garong, ngorong getih. Pe­muda-pemuda ekstremis iki diweleg rasa benci utawa gething nyang bangsa kulit putih, mligine maneh nyang bangsa Landa.

Dadi, yen ta Van Mook arep lelayanan karo pemimpin-pemimpin Indonesia, supaya milih karo pemimpin sing ora di­racuni pihak Jepang. Dadi sakehing pra­kara bisa dirembug kanthi kepenak. Pemerintah Hindia-Walanda sing dhek anu kae ngungsi nyang Australia, bisa pulih bali mrentah maneh.

Kaya mangkono kuwi keyakinane Pemerintah Landa dhek samana.

Van Mook dhewe ing sakawit mula uga nduweni katetapan ati mangkono. Tundhuk nyang prentahe atasan-e. Niyat ora arep rembugan karo pemimpin-pe­mimpin nasionalis Indonesia; apa maneh karo Soekarno.

Soekarno mono kolaborator Jepang; iki cetha wel-wela. Mangka, dhek jaman Landa Soekarna kipa-kipa tenane moh, nyambut gawe bebarengan pemerintah Landa. Ha geneya bareng Jepang teka, dadak gelem nyedhiyakake tenaga lan pikirane kanggo pemerintah Jepang? Apa kuwi ora drohun tenan, jenenge?

Ha hiya kena bae Van Mook kipa-kipa emoh berundhing karo pihak Republik. Boleh-boleh saja Pemerintah ing Den Haag ngaramake rundhingan karo pihak Republik 17 Agustus 1945; ning ke­nyata­an dalah realitas sing diadhepi pemerintah (Hindia) Walanda ing Indonesia gelem ora gelem, meksa ngowahi keyakinan utawa pendiriane mau.

Kabeh-kabeh wis kindorat dening Gusti sing Maha Kuwasa. (*)