Pasareyane Kyai Mlati Ditunggu Ula lan Macan Putih
kabupaten Klaten Jawa Tengah sing duwe sesanti Klaten Bersinar nyimpen sawatara papan tujuwan wisata spiritual. Salah sijine yakuwi pasareyan Kyai Mlati sing dumunung ing Dusun Sekalekan klebu Kecamatan Klaten Tengah. Kapernah sakidule alun-alun. Saka alun-alun ngulon sithik terus njupuk dalan arahe ngidul, adohe ora nganti sekilo. Dununge ing sapinggir kali Jalidin. Golekane ora angel. Awit ing kono tuwuh wit asem kawak umure atusan taun kang katon saka dalan dhusun.

Bu Raharjo
Pasareyane Kyai Mlati dadi jujugan awit gegayutan karo sejarah madege Kutha Klaten. Saben Hari Jadi Kabupaten Klaten, Bupati saandhahane padha sowan nyekar ing kono.
Sapa sajatine Kyai Mlati kuwi?.
“Kyai Mlati menika asalipun saking Majapahit, nalika dumadi geger ing Ke-dhaton Majapahit, Kyai Mlati keplajar saking kedhaton, arahipun ngilen, sa-reng sampun radi tebih saking Maja-pahit, Kyai Mlati lajeng ngaso wonten satunggilipun wana, wonten mriku babad alas lan dedalem wonten mriku kalian garwanipun, wana ingkang sampun dipun resiki kala wau dangu-dangu lajeng tambah rame, wusana dados karang padesan. Sareng sam-pun seda, Kyai Mlati dipun sarekaken wonten mriku kanthi tenger wit asem. Bibar menika Kyai Mlati lajeng dipun dunungaken dados cikal bakal dhusun mriku” pratelane Bu Raharjo mentas iki.
Bu Raharjo dadi juru kunci wiwit taun 1980. Nggenteni kalungguhane Ibu Karyo Sentono, ora liya Ibune bu Raharjo. “Namung keleresan kemawon kula nggentosi Ibu kula, ingkang baken saged dados juru kunci awit dipun kersakaken kalian eyang.”
Wiwit biyen, warga Sekalekan kono yen ngaturi Kyai Mlati kanthi sesebutan eyang. Sadurunge dadi juru kunci, Bu Raharjo ngaku asring tirakat ing papan kono. Biasane olehe tirakat neng sa-kidul pasareyane eyang. Ananging olehe antuk dhawuh dadi jurukunci malahan ngepasi neng omahe kang dumunung ing sakulon pasareyan.

Pasareyane Kyai Mlati lan Nyai Mlati
“Sawijining dalu, nalika tilem reb-reb ayam, kula rumaos dipun panggihi eyang, lajeng dipun jak dateng dalemipun, dalemipun dipun kupengi beteng kados kraton, wonten mriku dipun kenalaken kalian sedherekipun eyang, eyang lajeng ndangu apa kowe saguh njaga papan kene, kula jawab sagah” akune Bu Raharjo.
Eyang banjur nerangke apa wae kang wajib katindake dening juru kunci. Kayata resik-resik, ngopeni tetuwuhan kang ana ing kono. Lan sing baku paring pambiyantu para peziarah. Para peziarah biasane padha ninggali dhuwit. “Yatra saking ingkang sami sowan, dhawuhipun eyang mboten pareng dipun kempalaken kalian yatra gadhahan kula, amargi yatra menika yatra suci, dipun ginakaken kagem kaperluwan makam”. Kanggo ngopeni pasareyan pancen mbutuhke beya ora sithik. Akehe digunake kanggo ndandani maejan kang racak bentuk asline wujud tumpukan bata.
Kang narik kawigaten, sawatara bata sing dinggo pager pasareyane Eyang ukurane luwih gedhe katandhing bata liyane. Ukurane kayadene bata sing biasane digunakake ing pacandhen apadene pomahan jaman Majapahit. Jaman biyene dinuga bata daleme eyang. “Dalemipun eyang pener ingkang samenika kagem pasareyan, ing sisih ngajengipun wonten tamanipun kanthi tenger wit semboja garing menika” Bu Raharjo nerangke karo nudingi wit semboja garing sing dumunung ing sakidul pasareyan.
“Kala rumiyin wonten wit semboja kathah, ananging lajeng sami pejah, lajeng kula gantos wit cempaka piring sasampunipun pikantuk idi palilah saking Eyang.”

Bata ukuran gedhe dinuga dadi bageyan daleme Kyai Mlati
Saben-saben ngowahi kahananing pasareyan Bu Raharjo mesthi mundhut priksa luwih dhisik marang eyang. Klebu nalika ana peziarah kang arep nyungkup pasareyan amarga wis kabul panyuwune. “Eyang mboten kersa menawi pasareyanipun dipun cungkup, ngendikanipun taksih mrihatosaken putra wayah.”
Wiwit jaman mbiyen pasareyane Eyang pancen ora nganggo cungkup. Ing salor pasareyan ana wewangunan anyar arupa bangsal. Yasan Bupati Klaten Sunarno SE MHum. “Pak Narno nalika dereng dados Bupati asring rawuh mriki, kula nate matur kalian pak Narno ngaten, pak kula nggadhahi penuwun, menawi bapak mangke dados bupati, menapa bapak sagah ndamelaken paseban, pak bupati ngendika sagah.” Paseban sidane dibangun ora suwe sawise Pak Narno dadi Bupati Klaten. Nalika njago Bupati kaping pindhone, Pak Narno uga rawuh. Sawise kepilih meneh, Pak Narno nglangse pasareyane Eyang. Jaman biyene pasareyane Eyang ora dilangse. Mula saikine katon luwih merbawani.
Perbawa kang asring dirasake Bu Raharjo. “Eyang menika piyayinipun gagah inggil, merbawani, kadhang ketingal ngagem ageman lorek-lorek kembang gedhang, kadhang ngagem ageman kados ageman ratu, mawi makutha, ananging mboten ngagem rasukan, namung ngagem clana, kadhang ngagem ageman sarwa pethak kados jubah.” Bu Raharjo ngaku nalika Eyang nemoni asring nganggo ageman sarwa putih.

Wit Asem kawak dadi ciri dununge pasareyan Kyai Mlati
Jaman biyene Eyang pancen dhemen nindake laku tapa. Wong-wong kang tapa biasane padha nganggo ageman sarwa putih. Putih kuwi dadi simbul resiking raga saka sakehe rereged apadene simbul sucining ati sajrone nggayuh kasampurnan urip rohani. Kasampurnan kang mahanani ngatapa kadunungan watak sekti. “Eyang menika klebet tiyang sekti, saged mlampah cepet sanget kados angin, mila kathah ingkang sami sowan mriki nyuwun sipat kandel, ananging mboten sedaya dipun paringi, namung ingkang temen kemawon, ingkang dipun paringi.”
Ana sing tau diwenehi wesi kuning. Bu Raharjo dhewe ngaku tau diwenehi watu akik. Liya kuwi ana sing diweruhi ula gedhe ngringkel neng cedhake nalika turu. Karo diweruhi macan putih guedhi. “Sawer kalian sima pethak menika ingkang nengga papan mriki”. Ana uga sing duwe tujuwan liya kayata murih olehe dodolan mundhak rame. “Rumiyin wonten tiyang Klaten sesirih pinten-pinten dalu wonten mriki, rampung sesirih, anggenipun sadeyan lajeng rame.”
Nalika disuwuni priksa sapa sing mengkone bakal neruske jurukunci, Bu Raharjo sing yuswane wis ngancik 70 ngaku durung ngerti. “Dereng mangertos mas, awit sedaya gumantung Eyang, eyang piyambak dereng ngendika bab menika” ujare Bu Raharjo. Nuwun!
Patilasan Gilang Papan Moksane Potrokusumo?
Mbah Rakimin, sang jurukunci Wis kita kawuningani yen ing Desa Menang, Kecamatan Pagu, Kabupaten Kediri ana patilasan sing diprecaya k
Dumadine Tanah Lot
Yen swasana Tanah Lot lagi garing para umat Hindu nindakake upacara Kuningan Para pelancong saka manca lan dhomestik padha katrem ...
Ziarah menyang Sareyane P. Diponegoro
Wewangunan indhuk ing Beteng Rotterdam Kanthi gita-gita, piyayi sepuh iku mara menyang poncod kiwane area Beteng Rotterdam ing Makassar, S





