Turis Lokal Aja Dilirwakake
Tourisme, pariwisata utawa pelancongan idèntik karo aman lan kemakmuran. Anané wong bisa mlancong utawa piknik, mesthi duwé dhuwit turah, lan iku ateges kemakmuran. Papan panggonan wisata bakal ditekani turis utawa wong piknik yèn dhaérah mau éndah, menarik lan duwé panggonan wisata sing onjo (budaya lan sejarahé). Nanging syarat sing uga mutlak perlu ya iku keamanan sing terjamin. Isih seger ing pikiran kita, sawisé bom njeblug ing Bali nganti kaping pindho, gunggungé wisatawan sing teka ing Bali anjlog banget jalaran keamanané mutawatiri. Ing papan-2 wisata tansah kita prangguli wong-2 manca saka saindenging jagad. Wong-2 mau padha mlancong lan mblanjakaké dhuwité. Barang-2 asil prodhuksi kita dadi laris manis tanpa diekspor jalaran sing tuku padha teka mréné dhéwé.
Nanging kejaba turis saka manca negara, sing ora kalah pentingé ya iku turis lokal utawa wisdom (wisatawan domestik). BPS (Badan Pusat Statistik) saben wulan tansah merilis data kunjungan wisman (wisatawan manca). Data wisman tansah terpantau kanthi rinci, nanging data wisdom sok dilalèkaké. Mangka yèn ndeleng blanjané, potensi wisdom nyumbang luwih tikel loroné tinimbang wisman. Manut data Kementerian Pariwisata dan Ekonomi Kreatif, taun wingi olèhané devisa saka wisman nggayuh 8,5 milliar dollar AS (± Rp 80 trilliun), mangka saka wisdom Rp 156,89 trilliun. Data mau nuduhaké yèn wisatawan Nusantara ora kena disepèlèkaké. Potensi wisdom mau gedhé banget saéngga samesthiné kudu dijaga aja nganti wong-2 Indonesia pating grudug mlancong menyang manca negara kaya Singapura, Malaysia, Thailand lsp.
Pemerintah nargètaké, lalu lintas wisdom nggayuh 245 perjalanan lan targèt blanjané nganti Rp 171,5 trilliun (± 18 milliar dollar AS). Balanjané wisdom mau dipétung bisa nggerakaké perekonomian dhaérah, merga pergerakané sing akèh menyang dhaérah2 tujuan wisata. Blanjané mau utamané kanggo transportasi, akomodasi, konsumsi, cindera mata lan olèh-2. Taun 2012 gunggungé wisdom nggayuh 236,752 yuta lan blanjané ngentèkaké Rp 156,89 trilliun. Pétungan blanja mau dipétung saka pengeluaran Rp 662.680 per perjalanan, lan sing paling akèh menyang dhaérah Sumut, DKI Jakarta, Jabar, Jateng, DI Yogyakarta, Jatim, Sulsel lan Bali. Indonesia kanthi pendhudhuk ± 240 yuta, gunggung potensi wisdom kita nyata gedhé banget. Apamanèh saben taun warga kelas menengah kita saya tambah akèh. Bank Dunia nyebutaké, ana 56,5 % warga kita wis kalebu klas menengah kanthi blanja 2 – 20 dollar AS/dina. Iku ateges ana ± 125 yuta warga klas menengah sing mbutuhaké pariwisata laras karo kemampuwané.
Peluang gedhé wisdom iki kuduné bisa disaut pelaku indhustri pariwisata. Kudu diupayakaké wisdom mlancong ing negarané dhéwé saéngga ngasilaké multiplier effect sing berdhampak marang perekonomian nasional. Émané, akèh warga kita sing luwih seneng antri wisata menyang mancanegara, merga katut iming-2é pakèt wisata manca sing luwih murah. Kudu kita akoni yèn iklan wisata saka manca umumé menarik, kalebu pelayanané sing pancèn “wah” tenan.
Kita sadhari yèn infrastruktur ing negara kita akèh sing kurang apik. Kita ngajap, pemerintah nggatèkaké tenan masalah iki. Semono uga transportasi lan akomodasi kita akèh sing kurang sampurna saéngga dadi alangan sing serius tumrap warga kita dhéwé. Menteri Pariwisata dan Ekonomi Kreatif, Maria Eka Pangestu wis ngandharaké yèn wisdom dadi penyelamat ekonomi Indonesia ing wayahé krisis kaya saiki iki. Data BPS uga nyebutaké yèn wayahé lebaran kenaikan kelas, akèh warga kita sing nggunakaké liburané kanggo nglèncèr ing dhaérah-2. Semono uga ing dina riyaya Iedulfitri kepungkur, wisdom bisa mundhak nganti 25 %.
Adhedhasar kabèh mau, kita kudu tumemen nggarap industri pariwisata. Panggonan wisatané sing pantes di “dol”, pelayanan akomodasi, konsumsi, transportasi lan infrastrukturé kudu kita urus supaya wisdom bisa rumangsa nyaman plesir ing negarané dhéwé, bisa luwih ngenal lan nukmati kaéndahané, ora malah lunga lan mblanjakaké dhuwité menyang manca negara. (MW)
Bumi uga Perlu Diruwat
Kita urip tansah dikebaki problema padinan sing kudu kita rampungi. Kita asring nganakaké ritual ngruwat bumi. Nanging kita mèh lali ...
Unas Ambnuradhul, Gagal
Ujian Nasional tingkat SLTA sing kuduné diadani dina Senèn 15 April 2013 iki, nyata kebak masalah. Ing provinsi 11 kepeksa ...
Inflasi sing Tansah Medeni
Kita lagi ancang-2 arep ngundhakaké rega BBM bersub sidhi kanggo wiwit nyuda subsidhi BBM sing saya ngancam APBN. Kita uga ...

