Paku Pojok Blumbang (2)

Cerita Cekak - Posted by on July 5, 2012

Bu Wigan mendel. Rasa kuwatir katon sumawang ing pasuryane.

“Njur priye Pak?” pitakone ma­rang ka­kunge tanpa bisa nyingitake rasa gorehe.

“Priye? Blumbang iku wis kadhung di­gawe, Bu. Rak eman-eman yen usaha ngi­ngu lele iki ora diterusake. Nek preka­rane merga nyebar ganda, ya apike awake dhewe iktiyar amrih ganda iku ora nganti sumebar tekan omahe Dhik Jail,” tumang­gape kakunge.

“Carane?”

“Sik dakpikir. Ning bisa bae kanthi  ndhu­wurake tembok tapel wates iku.”

“Ha? Ragade rak akeh Pak!”  Bu Wigan mlengak.

“Iya pancene. Ning priye maneh? Ya ke­peksane aku dakgolek utangan me­nyang BTPN.”

“Ah, kok dadak utang. Upama njaluk urunan bocah-bocah wae priye?” Sing di­karepake Bu Wigan bocah-bocah iku putra-putrane sing wis padha mentas lan mencar.

“Aja rusuh-rusuh anak, selagine awake dhewe isih isa polah!” panyaruwene Pak Wi­gan. Nuli,”Aja kuwatir, ambak kudu utang ning ora nganti ngganggu kabutuh­an se­dina-dina. Precayaa!”

Sidane Bu Wigan manut. Ora gantalan dina, Pak Wigan uga banjur nyepakake per­syaratan kanggo bisa utang menyang  bank-e para pensiunan iku. Yaiku BTPN kang manggon ing kutha kabupaten. Ba­reng wis cair, gage diblanjakake bata, pasir, wesi otot apadene semen. Pang­ga­rape, kaya padatan, dipasrahake marang Suraji sakanca. Sauntara iku, blumbang sing wis isi banyu dening Pak Wigan di­jeguri bibit lele maneh.

Jebul, ora beda karo dhek wiwit mropil biyen. Nalika Suraji sakanca wiwit nyam­but­gawe, mara-mara diparani Jail. Kanthi polatan peteng Jail semanta.

“Nggarap apa Ji?” pitakone atos.

“Halah iki lho. Didhawuhi Pak Wigan ndhu­­wurake pager,” wangsulane Suraji karo terus tumandang.

“Pager tembok iki sik arep didhuwurne maneh? Arep digawe pirang meter?”

“Kersane Pak Wigan ditambah rong meter. Supaya ganda arus ka blumbang ora nyebar mrana-marana,” katrangane Suraji ngglayem.

“Ra rila aku!” Jail guneman santak. Mes­­thi bae gawe kagete Suraji.

“Lho, kok sampeyan sing ora rila?”

Irige nyoba diangkat jebul abot, Jali kelangan keseimbangan wusana monting lan byur, kejegur blumbang

“Methi ae aku ora rila. Awit tembok iki mengko bakal nutupi cendhela omahku! Omahku dadi peteng lan sumpeg! Hawa lan sunar srengenge ora isa mlebu!”

Suraji njuwowos. Pak Wigan sing sa­kawit neng njero dalem, midhanget rame-rame banjur nyaket.

“Ana apa Ji?” pandangune.

“Niki lho pak, Mas Jail mboten lila nek pager niki diinggilne.”

Pak Wigan mirsani Jail ngemu pitakon.

“Nek pager niki sampeyan inggilne bakal ngaling-alingi cendhela kula Pak Wigan!  Griya kula rak njur peteng!” pro­tese Jail.

Sing uwis-uwis Pak Wigan tansah nga­lah lan emoh rame-rame. Ning sepisan iki sajak kesabarane wis entek. Tandhane ban­jur paring wangsulan,”Dhik Jail, nga­punten nggih. Sing kula inggilne niki pager kula ki­yambak kanthi ragad kula sangga kiyam­bak. Prekawis cendhela sampeyan mang­ken­ipun kaling-kalingan, niku sanes urusan kula. Wontenipun pager kula inggilne, jane rak nyegah supados ganda arus king blumbang mboten ngganggu sampeyan. Sadangunipun menika sam­peyan rak ru­maos keganggu ganda arus king blumbang kula ta. Wis, Ji bacutna leh­mu nyambut­gawe!” bubar ngendika ngono pak Wigan bali menyang dalem. Suraji uga banjur mba­cutake gaweyane. Sidane Jail ngalih karo rada ingah-ingih. Nanging jro­ning ati­ne….