Wayahe Srikandhi-Srikandhi Indonesia Jumedhul

Bellaetrix Manuputty

Bellaetrix Manuputty

Mantan gandha legenda­ris Indonesia, Ricky Subagja lan Rexy Mainaky bebarengan kla­wan Chef de Mission Anton Su­bowo bakal mimpin tim Indonesia nglurug menyang Kuala Lumpur, Malaysia, jroning kom­petisi Piala Sudirman.

Rexy Mainaky bakal tinang­genah minangka manajer tim, dibantu Ricky minangka wakile. Kajuwaran dunia beregu cam­puran  iki bakal dianakake su­we­ne wolung dina wiwit tang­gal 19-26 Mei 2013 iki.

19 pemain wusanane wis ditetepake minangka prajurit pilih tandhing kang maju perang ing palagan Piala Sudirman 2013 ksb. Jeneng-jenenge pemain iki dipilih adhedhasar seleksi kang ditindakake PP PBSI sajege diumumake dhaftar tim ba­yangan tanggal 28 Maret 2013 kepungkur.

Nanging ing dhaftar iki ora ana jenenge pemain tunggal pu­tera utama Indonesia, Sony Dwi Kuncoro lan Simon Santoso.

Sony isih du­rung pulih saka ang­gone nan­dhang lara ing bang­kekane samu­lihe main ing All England 2013 ke­pungkur.

Minangka pe­main rangking pa­pat dunia, Sony satemene mujudake pe­main tunggal putra paling apik dinane iki kang diduweni Indonesia. Nanging emane kahanane isih durung bisa yen dikon mu­dhun ing ajang beregu rong taunan iki.

Dionysius Hayom Rumbaka

Dionysius Hayom Rumbaka

Semono uga Simon Santoso, juara tunggal putra Djarum Indonesia Open Superseries Premier 2012 iki amarga penyakit gon­dhoke meksa absen saka ja­gading badminton nganti pi­rang-pirang wulan suwene. Bab iki uga ngganggu penampilane ing sawenehing turnamen pungkasan iki.

Saka telung turnamen ing Ustrali Open Grand Prix Gold, New Zealand Open Grand Prix lan India Open Superseries 2013, Simon sajake durung bisa nuduhake asil kang maremake.

“ Sony pancen nduweni peringkat pa-ling dhuwur ing tunggal putra. Nanging tatune durung 100 persen pulih. Semono uga Simon kang durung bali menyang ka­hanan kang paling apik. Kita nganggep 19 pemain iki kang paling siap” ujare Ricky Soebagdja, Kabid Humas lan Sosial Media PP PBSI.

PBSI banjur aweh kapitayan sektor tunggal putra marang pemain nom liyane yaiku Tommy Sugiarto lan Dionysius Hayom Rumbaka. Dene, Lin­da Wenifanetri, Aprilia Yuswandari lan Bellaetrix Manu­putty bakal dadi sri­kandhi-srikandhi ing nomer tunggal putri.

Tontowi/Liliyana Langsung Siap

Linda Wenifanetri

Linda Wenifanetri

Sauntara kuwi Ton­towi Ahmad/Lili­yana Natsir wis suk­ses ngukir telung gelar India Open Su­perseries kanthi terus-terusan. Asil iki nambah kapitayane pasangan gandha cam­puran andel-andele Indonesia ksb.

Tontowi/Liliyana dadi siji-sijine wakil Indonesia kang kasil tampil dadi juara ing ajang ksb. Asil iki mesisan ndadekake ke­karone wis kaping telu terus-terusan dadi kampiun ing India Open Superseries.

“Alhamdulillah kita muji syukur kanthi gelar mau. Target kita ing kene wis kaga­yuh. Dadi juara kanggo kang kaping telune ing India Open ndadekake kita luwih perca­ya diri mburu gelar-gelar sabanjure” ujare Tontowi.

Tommy Sugiarto

Tommy Sugiarto

“Lan sabanjure target kita yakuwi Piala Sudirman lan Kejuaraan Dunia 2013” imbuhe Tontowi diiyani Liliyana.

Piala Sudirman pancen dadi ajang pa-ling cedhak kang bakal dilakoni Tontowi/Liliyana. Mula sawise rampung ngukuhi gelar ing India, kekarone langsung mabur menyang Jakarta kanggo siap-siap ambyur ing Piala Sudirman. Lan, wu­lan Agustus mengko lagi tampil ing Kejuaraan Dunia.

“Sawise saka India, kita lang­sung siap-siap campuh ing Piala Sudirman. Kita nduweni tanggung jawab nyumbang­ake poin kanggo Indonesia” tandhese Liliyana.

Tim Indonesia dhewe ing kajuwaran Piala Sudirman iki ngenggoni posisi kapitu jroning dhaftar unggulan. Adhedhasar asil undian, Indonesia mapan ing grup A 1 bebarengan China lan India. (d)***

Wladimir Ora Gelem Ngremehake Pianeta

Wladimir Ora Gelem Ngremehake Pianeta

Anyar Katon, Flash, Olahraga | Posted by | June 3, 2013

Postere Wladimir Klitschko lumawan Pianeta Petinju kelas berat saka Ukraina, Wladimir Klitschko, ngandhakake yen siap mbungkem petinju Ita

Sapepake

MU Tim Paling Apik Taun Iki

MU Tim Paling Apik Taun Iki

Anyar Katon, Flash, Olahraga | Posted by | May 28, 2013

Gelar juara Premier League ditem­tok­ake ing Old Trafford, nalikane Manchester United (MU) methik kemenangan 3-0 saka Aston Villa. Kanthi

Sapepake

Si Poltak kang Laris diincer Klub Elit

Si Poltak kang Laris diincer Klub Elit

Anyar Katon, Flash, Olahraga | Posted by | May 24, 2013

Radja Nainggolan Sawise Inter Milan, saikine ganti klub Liga Primer Inggris, Southampton, kang ngincer Radja Nainggolan. Pemain tengah kl

Sapepake

Sesumbare si Jago Kate marang Chris John

Sesumbare si Jago Kate marang Chris John

Anyar Katon, Olahraga | Posted by | May 10, 2013

Daud Yordhan lan Chris John Petinju Jepang kang nedya nglabrak Chris John jroning ngrebut gelar juara dunia kelas bulu WBA, ...

Sapepake

Page 1 of 1612345...10...Last »