Mundur
“Umek ujian nasional mundur asline encene ngisin-isini, apane pegaweyan saben taun ae kok isok kacau, niki bukti nek ndhuk kono onok maneka kepentingan dadine sing ngerjakna cetak iku tak kira polih gonta-ganti. Apaa sing nggarap cetak iku duduk percetakan negara ae. Supayane wektune isok ditata, tur pengalaman pengiriman merga saben taun dikerjakna dadi gak perlu golek-golek tenaga anyar tah tukang kirim anyar sing mesthi sok kerep kacau. Apamaneh saniki ujian soale akeh, artine saben ruangan sing arane soal iku isok rong puluh macem, apamaneh distribusine nek gak ngati-ati, merga ngurusi wong sak Indonesia ya butuh wektu kang omber. Barek kerahasiaan kudu dijaga sing temenan. Prasaku nek muk sekedar percetakan ae Indonesia niki wis gak kurang-kurang akehe. Niki isok gae pengalaman pait muga-muga ae ndhuk bacute isok luwih apik maneh. Perkara telate distribusi soal ujian prasaku gak perlu sampek nglengserna Menteri. Tapi niki gae peringatan nek gawe gedhe, koyok ngono iku butuh koordinasi mateng, dietung adoh sadurunge, gak beda barek nek ngurusi hajian iko. Sing mesthi onok ae masalahe. Apane encene ngursi barang akeh barek wong akeh pisan” omonge Ning Sumeh nrocos.
“Ya iki ning, salah siji akibat saka akehe pendhudhuk Indonesia. Sing diurusi kabeh-kabeh tambah akeh, stok pangan kudu akeh, stok obat kudu akeh, ngurus hajian kudu akeh, ngurus ujian ya kudu akeh, bawang ya kudu akeh, daging ya kudu akeh, minyak ya kudu akeh. Lha nek sing ngurusi salah etung thithik ae akibate ya dadi gedhe, sing arane bawang mundhak ngeget semono uga daging, saniki buah,” saute cak Bedja.
Cak Ari melok omong “Makane dulur, pendhudhuk Indonesia saniki wis seprapat milyar, la nek gak padha melok KB pendhudhuk sedhela ae jumlahe tambah akeh nemen, lek nek tambahe ngeget, terus daya dukung liyane gak ngatasi, makane sing arane asil pembangunan iku polih gak ketok. Dhuwik negara muk entek gae subsidi, tah gae mbayar tagihan saka luar negeri. Makane ayo dulur sing arane program KB disuksesna. Dua anak cukup”.
Pak Lik Dur nimbrung “Pancene ya tak rasakna kok dulur, anak thithik barek anak akeh niku encene pas ngrawate ya abot, endhog situk wayahe dipangan arek sitok dibagi lima, niku nek anake lima, kasih sayang ya ngono, wayahe isok nggendhong sampek tuwuk engkuk adhine nangis tah mbakyune nagis, polih genti sing dimomong, gurung engkuk nek wis wayane sekolah tah kuliah, nek muk dhuwik pas-pasan, arek-arek gak isok sekolah tutuk, ya polih sak keneke. Akhire, ya nambah keluarga miskin thok, merga gak isok metas”.
(Sing melok ngrasakna susahe akeh pendhudhuk : Cak Ari, Cak Bedja, Pak Lik Dur barek Ning Sumeh)
Pancaroba
“Saniki genti alam sing ngamuk, ndhuk endi-endi ana banjir, lesus barek tanah longsor. Kurbane gak muk donya brana ae tapine ...
Rampog Tambah Nekad
“Yogya nek dipadhakna barek artis lagek dadi rol, apane mari geger penyerangan Lapas Cebongan saniki rampogan ndhuk pegadaian sing sampek
Operasi Cebongan
“Penyerangan singkat ndhuk Lapas Cebongan sing niwasna tahanan papat asline ya gae kaget. Akeh spekulasi apaa kok isok koyok ngono. ...

