Munggah Kaji
Keponakane kaki Bawor, Sarawita jerene tes olih bathi mandan lumayan golih dodolan, utawa cara sikine tah wiraswasta. Bathi mau ora liya ya iguh pratikele kaki Bawor sing aweh surungan maring keponakane nalikane arep mlangkah wiraswasta. Kanggo pangeling lan matur nuwun keponakan maring uwane, Sarawita njuran ngejek kaki Bawor munggah kaji. Kiye uga sekang penjaluk lan kepenginane kaki Bawor maring keponakane.
“Angger ko olih bathi sing cukup, aja kelalen sedekah lan aja kelalen nglakoni rukun Islam kelima, yakuwe munggah kaji. Tek sangoni donga, usahamu kesampean”, ujare Kaki Bawor wektu semono.
Temenan, bareng keponakane olih bathi lumayan gedhe golih bakulan, sida ngejak uwane ndaftar kaji maring Kantor Dep Agama nang kota kabupaten. Ora kelalen, sedurunge ndaftar, Sarawita karo Kaki Bawor wis setor dhuwit cukup maring bank sing biasa ngurusi ibadah kaji. Ningen bareng nglangkah maring Kantor Dep Agama, Sarawita karo Kaki Bawor jan kaget kepati. “Kaki Bawor, angger arep munggah kaji sekiye antrine nganti meh 10 tahun tembe teyeng mangkat”, ujare petugas nang kantor Dep Agama.
“Subhanallah, koh suwe temen sih, ingatase kepengin nglakoni rukun Islam kelima, kudu antri meh sepuluh tahun. Apa umurku isih nyandhak 10 tahun maning, sekiye baen KTP wis seumur urip Lha kuwe larah-larahe keprimen”, kaki Sarawita melu takon.
“Jalaran kaya kiye kakine. Jawa Tengah mbokan sekiye sing arep kepengin lunga kaji sing ndaftar wis lewih sekang 200.000 jiwa. Lha jatah Jawa Tengah sing jenenge kuota kuwe mung 29.650 kursi. Lha angger seluruh Indonesia jumlah calon kaji sing wis ndaftar ana 2,5 juta, apa ora medeni kakine.Jajal sih dietung, nek 200.000 dipara 29.650 kuwe tegese daftar antrine nganti 9 taunan mbokan. Jemaah haji sekang Jawa Tengah saben taun sing paling akeh kuwe sekang wilayah kota Semarang, Kab Brebes, lan Jepara” petugas Dep Agama nerangaken.
Krungu penjelasan sekang petugas Kantor Dep agama Sarawita karo Kaki Bawor lega ningen jan nlangsa Ingatase arep ibadah wajib baen koh ya engel temen. Mangkaning, setoran kanggo munggah kaji wis dibayar. Lha kuwe njuran mengko dhuwite keprimen. Apa angger mengko 9 tun maning mangkat apa duwite cukup. Mangkaning angger lunga sekiye jelas ongkose wis cukup.
Sidane Kaki Bawor karo Sarawita sowan maring Kyai sing ngerti perkara kaji. “Pancen ibadah kaji kuwe wajib kanggone sing mampu. Mampu kuwe ora mung ongkos lan kanggo keperluan keluarga sing ditinggal. Ningen uga kudu dijamin kendharaan mangkat lan mulihe. Lha angger ora teyeng mangkat sekiye, lan kewatir 9 taun maning, lewih apik sekiye umroh baen dhisit. Sing penting niate kaji wis kesampean”, ujare kyai nerangaken.
“Apamaning sing wis tau mangkat kaji, ya aja meksa mangkat kaji maning, kudu aweh dalan kanggone sing during tau mangkat kaji. Lha angger kepengin ibadah nang tanah suci, ya cukup umroh baen. Luwih longgar wektu lan biayane.”, kyaine nambahi goleh aweh keterangan maring kaki Bawor karo Kaki Sarawota. Klilan.
Aja Nggege Mangsa
Kaki Bawor lagi ndhangir tanduran tumpang sari budin, jagung karo kedhele sing durung suwe ditandur nang pekarangan. Weruh tanduran sing ij
Kurban Badan
Nonton berita nang telepisi, atine kaki Bawor mrinding. Keprimen ora maras lan dheg-dhegan, angkutan lebaran tahun 2012 wong sing mudhik
Adipati Brotodiningrat
Malam Minggu, kaki Bawor ketekan sedulur sing dadi guru nang Ardi Lawet, Bumi Arsantaka utawa Kabupaten Purbalingga. Seliyane kepengin silat

