Ndhog Bledheg
“Ramane, inyong arep maring pasar Wage. Rika arep titip apa ngeneh sisan nggawe men ora bolak-balik. Uga sisan nggawe dhuwite sing nggo becer”, esuk-esuk mbekayu Tebok wis dandan mlipit, ora kelalen nganggo bengesan abang lambe, senajan golih bengesan ora mung lambene sing diabangi, ningen untune uga katut kenang abang-abang.
“Ko arep becer apa sih Tebok, Wong genah kae jengkol karo pete ben durung didhunaken, dadine inyong bingung arep becer apa wong dhuwite ya cekak”, kaki Bawor mangsuli.
“Ramane, pokoke rika arep titip apa, arep kepengin ditukokaken apa. Senajan sethithik inyong uga duwe dhuwit. Wingenane inyong tes olih honor sekang bale desa, jalaran melu nyambut gawe ngrewangi panitya Pilkada”, ujare Tebok.
“Walah, maen temen kuwe. Tes olih honor njuran munjung ramane. Jan ko pancen anake ramane sing paling ayu sejagad”, Kaki Bawor ngalem anake wadon. Sing dialem njuran kemayu karo ora kelalen lambene menjep, sengsaya gemandhul.
“Inyong kepengin ditukokaken nopia sing gaweyan kae sing nang Situmpur apa kongsen ya, mburine Rita, sing gemiyen panggonane nang ngarepe rujak belong”, pesene ramane ya kaki Bawor karo ngelus sirahe Tebok kebek ketresnan.
“Iya ramane, nopia pancen panganan Purwokerto sing ngangeni, padha karo kripik utawa mendoan. Mengko angger egin kebagian dhuwit, tek tukokaken jenang jaket karemane ramane”, mbakayu Tebok nyauri.
“Tebok angger nopia sing enak kuwe cara nggawene lan bahane apa baen sih. Eee ya mbok menawa inyong duwe rejeki, ko teyeng dadi bakul nopia”, takone kaki Bawor.
“Ramane, nopia utawa ana sing ngarani ndhog bledheg kuwe panganan sing digawe sekang terigu, gula jawa utawa gula abang lan bumbu-bumbu. Sekiye rasane werna-werna, ana duren, nangka, coklat, bawang lan liyane. Sing jenenge ndhog bledheg kuwe jalaran ukurane nopia pancen gedhe, luwih gedhe yen ditandhing karo ndhog banyak (angsa). Mulane banjur dijenengi ndhog bledheg utawa telor petir jalaran gedhene. Mangan siji baen wis wareg. Apamaning bareng karo teh nasgitel utawa karo kopi pait karemane rika ramane”.
“Lha ya kuwe sing tek maksud Tebok, esuk-esuk medang teh kenthel tur legi, pacitane mendoan, kripik, gethuk goreng Sokaraja, apa ndhog bledheg, jan…. nylekamin pisan. Nganti tangga liwat baen ora keton, saking lagi ngrasakaken enake”, ujare kaki Bawor karo mesem.
“Ndhog bledhege durung ana ramane’, mbekayu Tebok ngomong karo mesem.
“Lah ya ngangen-angen mbokan ora diomehi nang Pak SBY, eeee sapa ngerti mengko awan keleksanan, nek anake wadon wis balik sekang kota. Olih panganan sing nylekamin”, kaki Bawor egin ngalamun golih ngomong.
Pancen sih, nopia, kripik, mendoan lan gethuk goreng Sokaraja kuwe panganan khas sekang kota Purwokerto. Panganan sing murah meriah, bisa dituku nang sapa baen, lan dikaremi nang sapa baen wong Banyumas, sekang mulai tukang becak sing nganggo sandhal jepit nganti jendral sing mungggah mudhun nganggo mobil alus. Kabeh seneng. Mulane dulur, angger liwat Purwokerto apa rika nunggang sepur, bus apa kendharaan pribadi, aja kelalen karo panganan khas Banyumas, khas Purwokerto kanggo olih-olih sedulur lan tangga teparo. Nylekamin temenan koh rasane. KLILAN.
Mendem Narkoba
“Ramane kiye ana warta sing njelehi pisan. Ora kena kanggo conto anak putu. Ningen kudu didohi dening anak putu. Jalaran ...
Tumenggung Prawiranegara
Kanjeng Raden Tumenggung Prawiranegara kuwe adipati utawa bupati kadipaten Dayeuhluhur kang pungkasan. Kadipaten Dayeuhluhur madeg jaman
Sri Sultan lan Politik
Maca Koran esuk nang umahe Karso, anggota DPRD kabupaten atine kaki Bawor mongkog lan seneng. Keprimen ora seneng jajal. Maca ...

