Sapa sing Mlarat Kakine
KAKI BAWOR, Kaki Suratman Kades Wringinharjo karo kaki Karso lagi dolan nang gubuge mbekayu Yoni Pardi nang Cilacap. Seliyane silaturahim lan kangen-kangenan merga wis suwe ora tau ketemu, uga kepengin takon maring kaki Pardi sing duwe rencana arep ziarah maring makam Rasulullah utawa Munggah Kaji, netepi rukun Islam ka 5. Ningen yakuwe, tembe bisa mangkat taun 2014. Utawa rong taun maning tembe teyeng mangkat. Angger isih diparingi urip.
“Jan-jane wong Indonesia sekiye akeh wong sugih, Contone, calon jamaah haji nang Jawa Tengah sekiye antrine wis 10 taun, lha nang Indonesia calon jemaah haji kudu antri paling ora wolung taun. Apa kuwe ora jenenge wis akeh wong sugih, utawa paling ora duwe dhuwit kanggo lunga kaji. Kaki Pardi karo mbekayu Yoni isih Mandan mendhing, antrine mung 4 taun”, ujare kaki Bawor mbukak dopokan.
“Ana maning conto kakine, sekiye meh saben umah nang desane inyong padha duwe motor, malah ana sing duwe loro apa telu. Meh saben RT sekiye ana sing duwe mobil, ora ketang pikup pruthul kanggo pranti maring sawah. Kuwe uga salah siji conto nek wong sekiye akeh sing duwe dhuwit. Jalaran, wong lungan nganggo motor paling ora ngesaki duwit Rp.50 000, kanggo cadhangan nang ndalan.”, kaki Suratman sing sekiye isih dadi Kades aweh conto.
“Ndeyan ana maning, sekiye angger arep lungan nuggang sepur, senajan kelas ekonomi, kudu pesen paling ora seminggu sedurunge lungan. Kuwe tegese sekiye akeh wong lunga, lha kuwe uga dadi tandha nek sekiye akeh wong duwe dhuwit. Lha angger ora duwe dhuwit mbokan ora teyeng lungan”, kaki Karso melu nambahi.
“Jan-jane angger dietung sih sekiye akeh nemen wong nduwe dhuwit nang negarane dhewek. Jajal sih inyong rika padha nang panggonan plesiran. Meh kabeh papan plesiren angger Minggu utawa dina libur jan kebek, motor sekang njaba kota sokan antri. Uga nang kabeh kota kecamatan, kayane sekiye paling ora ana swalayan, nang kota kabupaten ana plaza utawa mall, lha kuwe kabeh mbokan tandha kemakmuran”, kaki Pardi sing kawit mau mung ngrungokaken melu ndopok.
“Ning ana maning conto sing luwih gampang, utamane nang ndesa utawa kampung. Inyong isih kemutan jaman cilik nang ndesa, angger kepengin mangan daging pitik, kudu ngenteni nek ana pitik sing mriyang. Utawa awake dhewek mriyang, tembe disembelehaken pitik nang biyunge. Angger ramane kepungan, sokan ana endhoge utawa daging pitik sepenggul. Lha gandheng anake ana 6, endhog pitik siji dipara enem, daging ayam siji uga dipunggel dadi enem, men kabeh anak kebagiyan. Ningen jaman sekiye, bocah angger kepengin mangan endhog, mbok sedina mangan endhog 6 isih teyeng keturutan. Uga sing jenenge daging pitik, sekiye tah ora ijenan apa paroan, ningen kiloan, pokoke ketuku”, ujare kaki Bawor sing terus diguyu nang sedulur-sedulur sing teka.
“Iya rika bener ramane, jaman sekiye golet apa-apa mbokan serba gampang. Dadi mandan angel angger nggolet wong mlarat sing nganti ora teyeng madhang. Inyong sing nganti sekiye isih dadi Kepal Desa, nang panggonanku ya mandan angel angger kon golet wong sing ora teyeng madhang. Kekurangan pancen ana, ningen ora nganti ora teyeng madhang”, ujare Kaki Suratman.
“Dadi sapa sing mlarat kakine”, takone mbekayu Yoni karo ngladekaken wedang teh, ora kelalen karo mendhoan kesenengane warga Banyumas. **
Campursari
Kaki Bawor lagi tilik adhine lanang sing manggon nang Depok - Jawa Barat sing dununge nang kidul Jakarta. Sewise shalat ...
Masjid Mohammad Cheng Ho
Kaki Bawor tes lungan sekang Tegal, Pemalang, njuran maring Belik sing isih nang wilayah Pemalang, utawa sisih lor Gunung Slamet ...
Rayap Mangan Kayu
Kaki Bawor direwangi nang tanggane nembe negor wit klapa sing wis munting. Tegese, wit klapa sing wis tuwa lan ora ...

