Slawatan Braen

Slawatan utawa maca solawat nabi, kuwe salah siji teater rakyat sing isih  akeh ketemu nang Banyumas. Slawatan mujudaken kesenian rakyat islami, nganggo piranti terbang utawa rebana. Biyasane dilakoni nang wektu mbengi. Lan sing ngayahi biyasane wong lanang.

Ning sing jenenge slawatan braen, kuwe slawatan khusus lan mung ketemu nang wilayah Karangmoncol-Purbalingga. Sing biyasane maca utawa main slawatan braen kuwe wong wadon. Ngango terbang, lan maine  ya akeh-akehe wayah mbengi. Slawatan braen, biyasane sing main wong pitu nganti sanga. Gandheng kesenian kiye sekiye wis langka, lan akeh bocah sing ora padha dhemen, mulane sing pada braen mung wong nini-nini. Jan prihatin temenan.

“Mulyono, ko tau sing asli Karangmoncol, apa tau weruh utawa nonton slawatan braen”, takone kaki Bawor sewijining wektu, maring Mulyono sing asli Karangmoncol, nalika padha kumpul-kumpul nang warung pinggir Kali Klawing Purbalingga.

“Inyong ora mung nonton braen kakine, tapi malah wis tau nanggap nalika dhikiran sewu dina matine anakku lanang.  Sewise tahlilan bar Isya, diterusaken nganggo slawatan braen nganti arep Subuh”, ujare Mulyono sing pancen salah siji anake tutup umur isih bocah.

“Inyong arep takon karo ko, angger sing jenenge slawatan wong lanang, sekiye isih akeh njeprah nang wilayah Banyumas. Ningen angger slawatan braen, mbokan ketemune mung nang wilayah Cahyana, sing sekiye dadi wilayah Kecamatan Karangmoncol karo Kecamatan Rembang Bantarbarang. Apa ko ngerti critane seni slawatan braen”, takone Kaki Bawor sing pancen kurang paham karoseni braen.

“Inyong ora pati paham ramane, ningen mbokan kang Sayono  paham. Jalaran sing egin ana grup braen nang Pekiringan, tanggane kang Sayono”, ujare Mulyono karo ngacungi Sayono sing kawit  mau meneng baen jalaran lagi ngrasakaken rasane mangan mendoan karo cengis, terus nyruput kopi sing ora pati legi tur  ya ora nganggo susu. Nylekamin.

“Ramane, salawatan braen kuwe nurut crita tutur tinular, mulaine  kawit Pangeran Makhdum Kusen (Khusen=Husen) nang Perdikan Cahyana. Wektu semana, Cahyana ketekan perjurit sekang tanah Pasundan. Jalaran ratu Pasundan jengkel karo Jambukarang sing isih keturnan Pasundan, mlebu maring agama Islam. Mulane ratu Pasundan kirim prajurit kon ngajak Jambukarang mlebu agama  lawas. Ning nek ora gelem ya kudu dipateni utawa diperangi. Ningen wektu tentara Pasundan tekan nang Cahyana, Jambukarang wis puput  yuswa lan diganti nang putune Pangeran Makhdum Kusen.

Ngerti ana perjurit Pasundan sing arep nggebuk Cahyana, Pangeran Makhdum Kusen prentah maring wong wadon sing ana nang padhepokan kon maca slawatan. Wong lanange kon methuk tekane perjurit  Pasundan. Pangeran Makhdum Kusen dhewek njuran ngedegaken sholat nyenyuwun maring Gusti Allah, keprimen carane  ngunduraken perjurit Pasundan.

Nalika wong-wong maca slawatan karo ditabuhi terbang (braen), sekang pondhoke Makhdum Kusen metu ewonan tawon sing njuran nyerang perjurit Pasundan sing mesanggrah nang njaban desa. Jalaran diserang nang tawon gung, perjurit Pasundan padha mlayu lan bali maring negarane. Mulai wektu kuwe, saben ana warga Cahyana sing lagi kenang musibah, kelebu kematian, njuran padha maca slawatan lan braen”, ujare Sayono sing sekiye dadi Ketua Karang taruna. KLILAN

 

Bathik Limbasari

Banyumasan | Posted by | May 10, 2013

Inyong yakin, malahan haqul yaqin rika mesthi padha ora wawuh karo sing jenenge Limbasari. Kelebu wong sing asale sekang Purbalingga ...

Sapepake

Purbasari Purbalingga

Banyumasan | Posted by | May 6, 2013

Mbekayu Tebok karo kaki Bawor lagi mlaku-mlaku nang sedulure wadon sing manggon nang Dukuwaluh Purwakerta, maring Purbasari Purbalingga. Lah

Sapepake

Jolok

Banyumasan | Posted by | April 23, 2013

“Tebok ko ngerti tegese “jolok” apa ora”, takone kaki Bawor maring anake wadon sing paling ayu sejagat, nalika melu mbekayu ...

Sapepake

Cimplung

Banyumasan | Posted by | April 16, 2013

Mbekayu Tebok lagi dijek keponakane maring kebon panen budin. Kebeneran, budin sing ditandur pancen budin sing biyasa digawe pangan­an, dud

Sapepake

Page 1 of 1612345...10...Last »