Nurul lan Nando, Nyulap Banyu Seni dadi BBM
Anyar Katon, Tetepungan Remaja - Posted by admin on July 5, 2012
Saya langkane BBM keri-keri iki ndadekake me-nungsa kudu duwe inovasi kanggo go-lek alternatif gan-tine bahan kang anyar. Lan bab iki uga kang ngilhami siswa saka Malang kanthi nyiptakake energi alternatif. Sing rada lucu, energi kang diciptakake iki asale saka banyu seni (pipis) lan wis dicoba kena kanggo nglakokake montor remot.
Yakuwi Nurul Inayah lan Nando Novia kang nemokake energi alternatif unik iki mujudake siswa kelas 11 jurusan IPA ing SMA Negeri 10 Malang. Saka asil temone mau, kekarone kasil nampa medhali emas ing ajang kompetisi International Young Inventors Project Olympiad (IYIPO) ka 6 ing Negara Georgia durung suwe iki. Asil karya Nurul Inayah lan Nando Novia ngenai Photo Electro System, yakuwi ngowahi ba-nyu seni (urin) dadi energi listrik iki nyisih-ake 101 peserta liyane kang asale saka 40 negara.
Nurul ngandhakake, panalitene sasuwene telung wulan mau nyoba ngowahi urin dadi hidrogen lan manfaatake listrik tenaga surya kanggo nglakokake mobil remote kontrol.
Prinsip kerjane yakuwi listrik tenaga surya disimpen ing baterei lithium pinangka penggerak motor.
Kanthi migunakake alat elektrolizer, bacute arek Pasuruan iki, energi listrik kang gedhene 75 persen katujokake kanggo kabutuhan mesin penggerak rodha. Turahe digunakake kanggo proses elektrolisasi yakuwi ngowahi elektrolit kang arupa urin mau amrih ngasilake gas hidrogen lan nitrogen minangka limbah kang dibuwang menyang gegana. Sabanjure gas hidrogen diilekake menyang fuel cell. Dumadine reaksi gabungan antarane hidrogen lan oksigen ksb ngasilake listrik. Proses ksb makarya kanthi simultan, saengga tenaga listrik bisa dipigunakake ing wayah awan apadene bengi.
“Listrik diilekake menyang proton exchange membran fuel cell kanggo ngiket proton. Saengga mung elektron wae kang disimpen ing baterei lan dadi listrik kanggo gerakake mesin” ujare Nurul marang wartawan. Amrih nuwuhake asil optimal, ing kene kudu dipilih urin saka wong kang sehat. Sebab yen ngandhut unsur gula utawa kimia liyane, kaya upamane urine wong kang nandhang diabetes, ora bisa digunakake, bakal nganggu proses elektrolisasi.
“Urin kang dipigunakake ing kene sing ora pati kenthel lan ora pati kuning” tuture.
Geneya milih urin jroning proses elektrolisasi, merga urin dianggep luwih efisien, yakuwi mung mbutuhake catu daya 0,37 volt. Yen migunakake banyu biasa, mula mbutuhake listrik 1,2 volt. Saengga energi kang dibutuhake uga luwih gedhe. Mula kuwi banyu biasa dianggep ora efisien.
“Proses elektrolisasi kanggo sak liter urin mung mbutuhake wektu suwene 1,5 menit” imbuhe.
Asil uji coba ngandhakake yen listrik kang diasilake kanggo nglakokake mobil remote kontrol iki bisa mlayu kanthi kecepatan 60 kilometer per jam kang adohe 17 kilometer.
Sauntara kuwi Nando Novia, kang uga Ketua Dewan Riset Muda SMAN 10 Malang ksb, nambahake bakal ngembangake inovasi iki amrih bisa dicakake ing mobil temenan kang mawa bahan bakar listrik. Anggone ngecakake yakuwi kanthi cara solar cell dipasang ing ndhuwur mobil. Dene elektrolizer lan fuel cell diseleh ing njero chasis mobil bagian ngarep minangka gantine mesin. Kanthi migunakake baterai lithium 325 volt lan solar cell 200 watt, Nando ngira-ira yen mobil mawa bahan bakar urin iki mampu ngasilake daya 100 hp/ 5.000 Rpm kanthi torsi 125 Nm/3800 Rpm.
“Kira nduweni cita-cita mawujudake mobil listrik mawa bahan bakar urin iki, sekaligus ngajab ana panyengkuyung dana saka sponsor, ngelingi ragade mung cukup Rp 50 yuta” tuture. “Luwih murah yen dibandhing klawan mobil hybrid kang regane Rp 215 yuta” tandhese.
Pesing
Idhe panaliten iki satemene climen banget. Yakuwi muncul saka sawijining kasus cilik kang ngenani asrama para siswa kang oleh beasiswa saka Sampoerna Foundation, kang siswane ditampung ing SMA Negeri 10 Kota Malang.
“Nalika kuwi pipa banyu ing kamar mandi asrama kang kita panggoni bocor. Merga bocor, banyu pipis kang ana mili menyang ngendi-endi lan mesthi wae mambu. Wusanane, aku lan Nando duwe inisiatif piye yen naliti banyu pipis kuwi kanggo ngasilake energi alternatif, merga ambune rak nyegrak banget” kandhane wanita mawa jilbab ksb. Asil panaliten kuwi wusanane diwenehi jeneng “PhotoElectroSystem”
Saikine, pihak sekolahane uga wis ngajokake hak paten saka temonne siswa-siswane kuwi. Sekaligus uga ngajab anane panyengkuyung saka Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI).
Kepara yen proyek iki wis kauji banget, mengkone bakal nggawe kayadene SPBU kanggo nampung urin ngono lo.
“Dinane iki, urine isih disumbang kanca-kanca dhewe” kandhane Nurul karo mesem.
Ing ajang kompetisi teknologi mau, Indonesia diwakili telung tim. SMA Negeri 10 Malang tarung kanthi kategori teknologi. Kategori fisika diwakili siswa SMA Aceh kang nggawe alat deteksi kemurnian minyak goreng. Temon iki oleh anugrah medhali perak. Dene SMA Tangerang melu lomba ing kategori kimia kanthi naliti banyu mawa magnit kanggo ningkatake thukule capar. Tim SMA Tangerang iki mampu nggondhol medhali perunggu. (d)***

