Nonton Lumakune Pahargyan Dhaup Agung

Anyar Katon, Flash - Posted by on November 26, 2013

GKR Hayu lan KPH Notonegoro

GKR Hayu lan KPH Notonegoro

Minggu kepungkur swasana Kagungan Dalem Kraton Ngayogyakarta katon regeng amar­ga Ngarsa Dalem Sri Sultan Ha­meng­kubuwono X kagungan kersa mala­kramakake Putra Dalem Putri GKR Hayu (GRAy Nurabra Juwita) kadhaupake kla­wan KPH Notonegoro saka Kudus ing tang­gal 21 – 23 Oktober 2013. Adicara pa­­wiwahan dhaup ageng (Royal Wedding) GKR Hayu lan KPH Notonegoro iki mujudake pawiwahan putri dalem angka papat utawa kang pungkasan kang lu­mampahe tanprabeda klawan nalika pa­lakramane putri dalem angka lima (wura­gil) GKR Bendara (GRAy Nurhastuti Wija­reni) lan KPH Yudanegara tanggal 19 Ok­tober 2011 jalaran uga dikantheni ngang­go kirab mirunggan migunakake 12 kreta pusaka kraton Ngayogyakarta, 68 kuda lan 360 prajurit kraton. Kirab kawiwitan saka plataran Kemandungan lor utawa sing kawentar kanthi aran komplek Keben tumuju ing papan pawiwahan utawa re­sepsi ing Pringgitan Kagungan Dalem Bangsal Kepatihan.

Nyemak isine buku “Pranatan Lam­pah-lampah Palakrama Putra Dalem putri GKR Hayu Kadhaupake Kalayan KPH No­tonegoro” kang diwedalake dening Kawe­danan Hageng Panitrapura, lumampahe pawiwahan pancen mbutuhake wektu sing dawa kanggo netepi kabeh tradhisi kraton kang umure wis luwih saka rong atus seket taun. Prosesi sepisanan kang kudu ditindakake dening calon pina­ngan­ten agung kraton yaiku nyekar ana ing Pa­sareyane pepundhen Mataram yaiku ana pasareyane Panembahan Senopati ing Hastanarengga, Kotagede lan ing Pa­sareyane Sultan Agung Hanyakrakusuma ing Pajimatan Imogiri kang ditindake ing dina Ngahad surya kaping 13 Oktober 2013. Ujube nyekar ora liya kanggo ndo­ngake para leluhure Mataram kang wis su­mare. Tradhisi nyekar iki katindake sa­wise diadani upacara wisudhan tumrap pinanganten kakung yaiku Angger Pribadi Wibowo SIP, MA kang banjur kaparingan gelar asma Kanjeng Pangeran Haryo (KPH) Notonegoro.

Tanggal 21 Oktober 2013 udakara ta­buh 09.00 diadani adicara nyantri ing Bangsal Kasatriyan lan Sekar Kedhaton. Sing diarani adicara nyantri kang asale saka tembung “nyantrik” iku nduweni ancas kanggo nepungake calon mantu da­lem (pinanganten kakung) marang ang­gota kulawarga ageng kraton Nga­yogyakarta. “Nyantri iki bisa dingibaratake minangka papan pelatihan utawa training center  tumrap pinanganten kakung kanggo nepungake adat-istiadat, tata cara, unggah ungguh, lan uda negara kang lumaku ana sajroning Kraton. Nyan­tri uga kanggo mangerteni tindak-tanduke solah bawa sang calon pinanganten ka­kung kang bakal kabiji dening kraton,” ature KRT Pujaningrat.

Jaman kawuri prosesi nyantri iki ka­tindakake suwene 40 dina, nanging wiwit  jamane Sri Sultan Hamengkubuwono IX, prosesi iki luwih dicekak mung udakara sedina. Iki kanggo menehi kalodhangan (toleransi) tumrap calon pinanganten ka­kung kang darbe ayahan liya kang luwih wigati, upamane makarya ing kantore.

Prosesi nyantri iki kawiwitan saka da­lem Mangkubumen kang dumunung 500 meter sakulone kraton Ngayogyakarta. Saka papan kene, pinanganten kakung dalah kulawargane banjur dipapag dening utusan dalem Sri Sultan HB X supaya ka­boyong lan mapan ana ing Bangsal Ka­satriyan. Wiwit dina kuwi pinanganten kakung mapan ing bangsal Kasatriyan di­kancani dening para pangeran sentana dalem nganti tekan mangsane ijab kabul.

Sauntara iku nalika pinanganten Ka­kung ngadani tradhisi nyantri, pina­ngan­ten putri nindakake adicara sungkeman marang ingkang rama lan ibu yaiku Ngarsa Dalem Sri Sultan HB X lan GKR Hemas. Ing adicara iki, uga diadani nampi utusan saka limang kabupaten /kota, yaiku Kota Yogyakarta, Kabupaten Gu­nungkidul, Kabupaten Bantul, Kabupaten Sleman, lan Kulonprogo saperlu caos srana kanggo adicara masang tarub lan bleketepe kayata wujud wulu wetune bhumi (kambil, pari, tebu), janur, bambu lan sapiturute.

Sabanjure dibacutake upacara sira­man tumrap calon pinanganten kakung lan pinanganten putri. Siraman iku ndu­we­ni ancas murih calon pinanganten sa­kloron suci lair lan batine. Siraman tumrap pina­nganten putri kantindake ing Bangsal Sekar Kedhaton dene pinanganten ka­kung mapan ing Bangsal Kasatriyan. Ing adicara tradhisi siraman iki, migunakake banyu sing dijupuk saka pitung sumber kang ana sajrone kraton (Dalem Bangsal sekar Kedhaton, Dalem Regol Manikhan­toyo, Dalem Bangsal Manis, Dalem Regol Gapura, Dalem Regol Kasatriyan, Dalem Kasatriyan Kilen dan Gadri Kagungan Dalem Kasatriyan). Ing adicara siraman pinanganten putri ngagem kemben lan roncen kembang mlathi. Siraman sepisa­nan ditindake dening ingkang ibu calon pinanganten putri yaiku GKR Hemas kang banjur dibacutake dening para sesepuh kraton liyane ing antarane. Sawise ram­pung, pinanganten putri banjur wudlu nganggo banyu kendhi kang sawise ram­pung banjur kendhi kasebut dipecah mi­nangka lambang pecahing pamor yaiku sumunar cahyane kang metu saka sajrone anggane pinanganten putri. Kejaba kuwi diajap, sabubare adicara siraman iki, calon pinanganten putri bisa katon luwih sulis­tiya (ayu) lan manglingi.

Sabanjure diadani acara majang pasa­reyan, tarub lan bleketepe. Tembung ma­jang mengku surasa ngrenggani Pasa­reyan Ageng ing dalem bangsal Probo­yeksa, papan pasareyan ing Kasatriyan,  Pagelaran, Kuncung Tratag Bangsal Ken­cana lan sapiturute. Acara majang tarub minangka sarana kanggo tulak bala lan minangka  tengara yen kagungan dalem kraton nembe kagungan hajad mantu iku  kawiwitan jam 10 esuk. Tarub kang biya­sane dumadi saka maneka werna wulu wetu (pari, kambil lan palawija) dipasang  ana ing gapura kagungane kraton, yaiku ing Pagelaran, Pacikeran, Tarub Agung, Regol Brajanala, Bangsal Ponconiti, Regol Keben, Doorlop Srimenganti, Bangsal Tra­jumas, Regol Danapertapa, Doorlop Bang­sal Kencana, Kuncung, Bangsal Ken­cana lan Regol Gapura. Dene sing diarani bleketepe yaiku nam-naman janur lan bla­rak (godhong krambil sing wis tuwa) dipa­jang ana ing Kuncung Tratag Bangsal Ken­cana Wetan. Kejaba kuwi uga katata ka­gungan dalem gangsa yaiku Kyai Guntur­madu ing Bangsal Sri Mangangti, Kyai Guntursari ing Bangsal Kemagangan, lan sapiturute.

Dina Senin 22 Oktober 2013 wanci  tabuh setengah wolu bengi sabakdane sholat Isya diadani adicara Tantingan ing emperan Gedhung Prabayeksa. Ing upa­cara iki, Ngarsa Dalem Sri Sultan HB X “nanting” (mundhut priksa) migunakake basa Jawa Bagongan marang kemantep­an atine GKR Hayu sing bakal dipala­kra­makake klawan KPH Notonegoro. Sajrone Tantingan pinanganten putri ngagem bu­sana kebayak tangkeban. Peniti renteng, kerikan paesan, ukel tekuk kanthi bros utawa peniti trenteng, ubet-ubet, nyam­ping seredan tanpa cenala (selop). Sawi­yose Sri Sultan banjur lenggah ing emper tengah madhep ngetan, hananting man­tepe sang pinanganten putri sineksenan Kyai Penghulu KRT Ahmad Kamaludi­ningrat sakanca. Sawise pinanganten pu­tri munjuk atur kanthi matur “ Inggih sen­dika” . Sapurnane tantingan lan sajengkar Dalem, Pinanganten Putri banjur nindak­ake acara midodareni ing Bangsal Sekar Kedhaton, dene tumrap Pinanganten Ka­kung sajrone midodareni lenggahan ana ing Bangsal Kasatriyan. Midodareni iki asale saka tembung widodari, yaiku ge­gambaran sawijine putri kang sulistiya ing warni tanpa cacat lan amrik arum gan­dane kang mapan ana suwarga.

Midodareni ing pawiwahan dhaup ageng mujudake wengi kang pungkasan tumrap pinanganten sakloron anggone ndu­weni status kenya lan jejaka. Ing adi­cara midodareni iki pinanganten kakung lan pinanganten putri dikancani dening mitra karuhe lan sanak kadange.

Nyekar ing pasareyane Sultan Agung ing Pajimatan

Nyekar ing pasareyane Sultan Agung ing Pajimatan

Ing malem midodareni iki, wanci ta­buh wolu, Sri Sultan kadherekake garwa prameswari GKR Hemas ngersakake mi­yos ing Bangsal Kasatriyan kinurmatan ungeling gendhing Prabu Mataram. Ra­wuh Dalem katampi dening KGPH Hadi­winoto. Sri Sultan banjur manggihi calon mantu dalem lan wong tuwane  temanten Kakung sarta miyos ing Gadri sarta Sri­katon. Ing pepanggihan iki Sri Sultan kejaba mriksani kamar pinanganten uga mundhut priksa ngenani “persiapan” uba­rampe kanggo akad nikah. Kejaba Sri Sultan uga mundhut priksa marang KPH Notonegoro, “apa arep nitipake apa ta apa kanggo pinanganten putri GKR Hayu”. Nampa pitakonan sing kaya mengkono iku, KPH Notonegoro banjur njupuk kem­bang rupa ijo toska kang bakal digu­nak­ake kanggo pasren ing pahargyan kang banjur diaturake marang calon marase­puhe iku.

Nalika Ngarsa Dalem nampa kembang iku nuli ngendika :”Wis iki wae, rasah nganggo I Love You barang,”. Sajengkar dalem saka Kasatriyan banjur tedhak me­nyang Bangsal Sekar Kedhaton. Ing bang­sal Sekar Kedhaton, Ngarsa Dalem uga niti priksa kesiapane pinanganten putri lan mriksani ubarampe kanggo nikah, Sa­wise kagalih cukup, Ngarsa Dalem ma­ringake titipane kembang impor saka Negara Walanda kasebut marang GKR Hayu. Ing malem midodareni, calon pina­nganten putri anggone sare kudu sawise tabuh rolas kanggo ngenteni tekane wi­do­dari sing bakal paring nugraha pasur­yan kang endah marang pinangaten putri.

Dina Selasa 22 Oktober 2013 wanci tabuh pitu esuk ginelar acara ijab Kabul ing Kagungan Dalem Masjid Panepen, Ing adicara iki, Sri Sultan miyos mengagem ageman rasukan takwa, udheng, duwu­ngan sarta sindhur, nyamping wiron serta cenela. Lenggah ing sangarepe Mikhrab madhep ngetan. Kyai Pengulu Ahmad Kamaludiningrat sakanca lenggahe ing siring lor madhep ngidhul. GBPH H Yu­dha­ningrat lenggah ing pengkeran Da­lem, Dene pinanganten Kakung kang miwiti lampah saka Bangsal Srimanganti kairit Narpacundaka GBPH H Prabuku­suma, tekan masjid Panepen, banjur lenggah siring wetan madhep ana ngar­sane Sri Sultan kakanthi GBPH Suryadi­ningrat sarta GBPH Suryamentaram. Sa­wise kabeh tumata, Sri Sultan hamiwiti Upacara Ijab Kabul kanthi handhawuhake  marang Kyai Pengulu kotbah nikah kaba­cutake akad nikah. “”Abdi Ingsun KPH Notonegoro, dina iki ingsun dhaupaken sira kaliyan putra ingsun putri Gusti Kanjeng Ratu Hayu, kanthi mas kawin kitab suci Al Quran lan sak perangkat shalat iki,” pangandikane Ngarsa Dalem Sri Sultan HB X  nalika nikahake putrine GKR Hayu klawan KPH Notonegoro ing Masjid Panepen Kraton.

Sinambi jawat astane KPH Notonegoro sing lungguh madhep keblat banjur caos wangsulan, “Kula Abdi Dalem, Kanjeng Pangeran Haryo Notonegoro, dinten me­nika ngestokaken dhawuh timbalan da­lem. Kadhaupaken kalyan putra dalem putri Gusti Kanjeng Ratu Hayu kanthi mas kawin kitab suci Al Quran lan perangkat sholat. Salajengipun, nyadhong berkah pangestu dalem, sembah suwun.”

Sapurnane ijab Kabul banjur diterus­ake donga nikah dening Kyai Pengulu. Sa­wise napak astani surat nikah pinangan­ten Kakung banjur sungkem lan caos bekti ana ngarsane Sri Sultan HB X. Lan kepareng mundur, banjur tindak menyang Kasatriyan lan kabusanani pinanganten cara basahan.

Dhauping GKR Hayu lan KPH Notonegoro

Dhauping GKR Hayu lan KPH Notonegoro

Sawise Akad Nikah, banjur diadani Upacara Panggih. Panggih tegese kete­mu. Ing upacara panggih iki, pinanganten sakloron ditemokake kang sepisanan sawise resmi dadi salaki-rabi (suami istri). Upacara Panggih iki ditindakake ing Tratag Bangsal Kencana kang dirawuhi dening Presiden RI Susilo Bambang Yudhoyono, Wapres Budiono lan para menteri Kabinet Indonesia Bersatu, Gubernur DKI Joko Widodo, Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo, pakar komunikasi politik Effendi Ghozali, lan tokoh masyarakat, tilas pa­ngarsane Negara lan liya-liyane gunggung kepruk ana 3000 tamu undangan. Sri Sultan kang miyos kadherekake GKR He­mas lan banjur lenggah ing emper Bang­sal Kencana siring wetan. Lenggah dalem kaampingan para tamu undangan mi­runggan. Kanjeng Sultan banjur ndha­wuhi GBPH Prabukusuma nimbali KGPH Hadiwinoto ngirit pinanganten kakung saka Kasatriyan. Tindake pinanganten kakung tekan Bangsal Kencana siring we­tan lan jumeneng ing sisih kidul madhep ngalor kakanthi KGPH Hadiwinoto sarta GBPH.Prabukusumo. Dene GKR Pemba­yun ngirit tindake pinanganten putri saka emper Gedhong Prabayeksa liwat emper Bangsal Kencana siring lor tumuju emper Bangsal Kencana siring wetan. Ing kono pinanganten putri banjur jumeneng ing sisih lor madhep ngidul, kakanthi BRAy Hadiwinoto lan BRAyPrabukusumo. Sa­wise tumata, Pinanganten putri apadene pinanganten kakung banjur nindakake balang-balangan gantal (suruh) kang digulung bolah utawa lawe warna putih. Acara Balangan Gantal   iki nduweni teges menawa wong mbangun balewisma kuwi mesthi bakal nemoni perkara “beda pa­nemu utawa salah paham,” alias  bengkrik sing kudu banjur dipungkasi kanthi be­dhamen. Upacara banjur dibacutake kan­thi Mecah Tigan (mecah endhog) kang ditindakake dening pinanganten sarimbit. Ing adicara iki, pinanganten priya midak endhog kang wis dicawisake. Mecah tigan iku nduweni teges menawa pinanganten sakloron bakal miwiti urip kang anyar mbangun bale wisma utawa rumah tangga.

Sabanjure dibacutake adicara wijikan, kanthi masuh ampeyane pinangaten ka­kung dening pinanganten putri. Wijikan mujudake simbol saka setya bekti sawijine pinangaten putri marang kakunge. Upa­cara kang pungkasan yaiku pondhongan. Pondhongan iki mung ditindake ing kraton lan ora tinemu ing acara pernikahan adat tumrap masyarakat umum. Jalaran, pon­dhongan ditindake amarga pina­nganten putri kasebut putra putrine ratu. Ing adicara adat pondhongan iki, pinanganten putri bakal dipondhong (dibopong) de­ning pinanganten kakung lan dibiyantu  dening bapa pamane pinanganten putri. Upacara iki mujudake sawijine simbol menawa pinanganten putri minangka pu­tra ratu sing kudu dilenggahake ana sa­wijine sasana minulya. Pinangaten putri bakal dibopong saka Tratag Bangsal Ken­cana tumuju Emper Kagungan Dalem Bangsal Kencana siring lor. Sabanjure, Pinanganten sarimbit banjur kaiiring GKR Pembayun tumuju emper Gedhong Pra­ba­yeksa siring wetan dilenggahake ana dhampar pinanganten. Sawise pondho­ngan banjur dibacutake acara jawat asta para tamu undangan marang pinangan­ten sakloron dalah kulawargane.

Sawise jawat asta rampung, pina­nganten sakloron tindak metu saka Bang­sal kencana lan bali nyang Bangsal Kasa­triyan dikantheni edan-edanan. Edan-edanan iki mujudake tradhisi kanggo tulak-balak kang ditindakake dening para abdi dalem kang menganggo lan dandang kang sarwa nyleneh terus jejogedan. Iki nduweni surasa menawa pasangan pi­nanganten sarimbit sing sulistya ing warni sarta bagus iku isih mbutuhake keseim­bangan sing diwujudake dening para abdi dalem sing ngedan kanthi dandanan nyleneh kaya patrape wong edan.

Sawise upacara panggih banjur di­bacutake adicara Tampa Kaya lan Dhahar Klimah ing Bangsal Kasatriyan Sasuwuke gendhing Puspa Warno Pinanganten Ka­kung kang lenggah ing pasareyan Tengah ing Gedhong Purwarukmi Kasatriyan madhep ngidul nyuntak kanthong isi arta wujud coin (duwit cring) saka emas lan ubarampe wujud winih lan beras katampa pinanganten putri kang lenggah sanga­repe lenggahe pinangaten kakung. Ka­terusake nindakake acara Dhahar Klimah ing emper Kasatriyan. Pinanganten Ka­kung mundhut dhaharan wujud sega kuning, kang dikepeli telung kepel banjur kaparingake marang Pinanganten Putri. Kadhahar lan katutup atur pandonga bebarengan. Pinanganten sarimbit kepa­reng ngaso sawetara,

Kirab pinanganten saka Keraton Jogja tumuju Bangsal Kepatihan

Kirab pinanganten saka Keraton Jogja tumuju Bangsal Kepatihan

Dina Rebo Kliwon 23 Oktober wanci tabuh wolu esuk ginelar acara kirab Pina­nganten sarimbit kanthi nitih rata Kanjeng Kyai Jongwiyat saka Komplek Keman­dungan Lor utawa Komplek Keben tumuju Komplek Kepatihan. Sadawane dalan saka  Keben tekan Kepatihan penonton katon  jejer riyel ana sapinggire dalan sing dili­wati Kirab Dhaup Ageng. “Iki mujudake sawijine wujud demokrasi kang nyata lan dudu feodalisme, jalaran ing kene bisa diwuningani konsep manunggaling ka­wula-gusti, yaiku rakyat sing bisa lebur dadi siji karo para pangarsane kraton Ngayogyakarta tanpa anane sekat-sekat utawa ana jurang pemisah,” pangan­dikane Prof. Djoko Suryo, sejarawan saka FIB UGM.

Arak-arakan dipepucuki dening bre­gada prajurit Daeng lan Patangpuluh kang disusul kreta Kyai Notoputo kang dititihi dening Pangeran Utusan Dalem ing an­tarane GBPH Prabukusumo, GBPH Surya­diningrat, GBPH Cakraningrat lan sapi­turute, banjur pinanganten sarimbit kan­thi nitih rata Kyai Jongwiyat kang gina­rebeg dening para penari Beksan Lawung Ageng kang nitih kuda, lan para pen­dherek liyane.

Nalika pinanganten sa­rimbit wis tekan Komplek Kepatihan, Ngarsa Dalem dalah garwa GKR Hemas kang nitih rata Kyai Wimanaputra lan dikawal dening bregada prajuri Wirabraja, Bugis, Prawiratama disusul rata sing ditithi KGPAA Paku Alam IX lan pihak besan.

 

Wanci tabuh sepuluh esuk kawiwitan adicara Resepsi utawa Pawiwahan Ageng rinengga lelangen Bedhaya Manten sarta Beksan Lawung jangkep. Para tamu kang lenggah ing Pringgitan Dalem Kepatihan sarta para tamu undangan liyane banjur caos pahargyan kanthi jawat asta, ka­tampi dening Sri Sultan, GKR Hemas, Pinanganten Putri, Pinanganten Kakung, tiyang sepuhe pinanganten kakung, ka­terusake mundhut paring dalem tedhan kanthi cara prasmanan.

Wanci tabuh pitu bengi genelar acara pamitan. Sadurunge pamitan ing Dalem Gedhong Jene siring wetan, Sri Sultan Paring dhawuh kanthi wejangan sacu­kupe marang Pinanganten sarimbit kang isine mengkene : “Anakku GKR Hayu lan KPH Notonegoro, sira sakloron kang wis nemtokake pilihan. Ingsun mung jejer wong tuwa bisane mung dongakake. Mu­ga-muga anggonmu mbangun seso­mahan bisa nemoke kabagyan, munfa­ngati tumrap masyarakat lan kulawarga. Sing jenenge wong mbangun bale wisma kuwi ana kalamangsane ana dinamika bungah lan susah. Ingsun ngajap muga-muga sira sakloron tansah kormat-ki­normatan lan bisa mbangun sesambu­ngan komunikasi sing becik. Kanthi jujur lan “keterbukaan” anggone mbangun bale wisma. Jalaran kanthi nduweni ge­gayuhan urip sing bahagya kuwi ora mung dumunung ana ing materi wae nanging uga rasa. Materi utawa bandha donya kuwi bisa digoleki nanging nurani iku bisa kandha kanthi saling kormat-kinormatan. Mbangun bale wisma iku wis dadi tujuan sira sakloron. Dadi aja pisan-pisan tansah nengenake rasa menang lan kalah, jalaran kaya mengkono iku dudu mujudake pilihan sing becik ana ing bale wisma. Sira sakloron kudu bisa  tansah ajen ingajenan lan padha dene gelem nampa. Gaweya ukara sing apik lan wi­caksana nalika nindakake sesambungan komunikasi murih aja nganti rumangsa menang dhewe lan nyinggung rasane garwa utawa sisihanmu. Wong tuwa ora bakal nyampuri urusan kang dadi ke­wajiban sira sakloron. Nanging ora ateges sira sakloron ora darbe wong tuwa. Sapa ngerti wong tuwa bisa menehi sembur tutur sing wicaksana. Saiki sira sakloron wis ora bisa sakarepmu dhewe lan urip dhewe. Sira sakloron wis kaiket ana dadi siji sing diarani mbangun bale wisma,” pangandikane Sri Sultan.

Upacara pamitan bisa paripurna uda­kara tabuh setengah sanga bengi kang dibacutake pinanganten sarimbit caos bekti ana ngarsane Ngarsa Dalem Ing­kang Sinuwun Sri Sultan HB X lan GKR Hemas, Pinanganten sarimbit mundur lan bali menyang Gadri kagungan dalem Ka­satriyan. Sawetara wektu lelenggahan kapenggalih cukup, pinanganten sarimbit banjur kondur ing dalem kanthi wajah marem senajan katon sayah merga kudu nindakake tata cara adat kraton sing pancen dawa lan suwe iku.

Wusana ndherek mangayubagya.

(Isti Nugroho)