Nintingi Tembang Pangkur Mingkar-Mingkur ing Angkara (4)

Anyar Katon - Posted by on July 31, 2013

Gatra 3 njangkah 4: yaiku

Sinuba sinukarta

Ing kono gatra 3 mung ana Si wae minangka wandane Sinawung lan ora ana si liya maneh ing gatra 3. Banjur lumak­sana jumangkah ing gatra 4 ana wanda Si ing tembung “Sinuba”. Dadi lumaksa­nane nganti njangkah gatra liya. Ora dadi apa, tur iku isih sagegemane tembang sapada. Dadi isih manunggal sedya.

Sing dadi tintingan ora mung lumaksa­nane wanda si sing njangkah gatra liya, ananging luwih premana-gati utawa ma­rang tetembungan: “Sinuba-sinukarta”. Awit tetembungan loro iku jembar banget gegemane. Ora mung nggegem tegese tembung sinuba wae sing mung ateges disuba lan disita. Disuba utawa disubya, diseneng-senengake lan disita tegese ditata sing ngresepake. Mula ana tem­bung suba-sita tegese tata-krama, tata becik. Malah bacute yaiku tembung “sinu­karta”. Beberen marang tegese disukarta, yaiku disukaraharjakake. Diseneng-se­nengake dingrembakake, disumebarake, digumelarake. Ancase kaemot ing gatra candhake yaiku ing gatra 5, “Mrih kre­tarta”, utawa kertarta pakartine ngelmu luhung. Karepe ya kreta utawa kertarahar­janing ati, ya kerta-raharja ing arta, utawa hartaka, uga kerta raharja ngrembakane pakarti-trep-trepane ngelmu luhung, ngel­mune agama Islam. Awit lerege pang­gulawenthah marang saben ma­nungsa iku yen ngugemi pituture ngelmu agama Islam pancen kudu bisa mujudake kerta-raharjane ati utawa budi, kerta raharjane pakarti lan kerta-raharjane arta utawa hartaka-bandha, kukubane san­dhang, pangan lan papan, kanggo sara­na­ning ngibadah ing Ngarsane Kang Maha Anugrah, Kang Maha Peparing.

Ngoceki werdine tembang, pancen kudu gelem-gelem ngramesi tegese tembung ing tembang sing pancen kebak pralambang. Upamane tembung “kre­tarta” iku saka tembung kreta utawa kerta-raharja lan arta. Dadi jentrehe tem­bung iku ngemu teges kerta raharja ing rasa lan uga kerta raharja ing bandha arta. Tembung garban kretarta iku pancen ngemu surasa linuwih utawa magis. Te­gese wong urip mono ora mung cukup kerta raharja ing sajroning ati wae sing sakinah, ananging uga kerta-raharja ing solah bawa ing bebrayan sing karimah sarta kerta raharja ing bandha-arta sing sa’adah (ngayemake ati) utawa bagya mulya sing kebak panguripanig Gusti Allah. Amarga pancen becik lan resik kabeh. Mula diraket kanthi tembung “kre­tarta”. Ora mung “raharja” wae, utawa “kretaji”, kerta raharja lan aji. Ananging su­melip tembung “arta”, sing tegese bandha lan arta. Pilihan tembung kretarta iku linuwih banget utawa magis, nyakup sakabehing butuh. Upamane bagya mulya ing bandha lan arta, iku ngemu teges ke­cukupan butuhing badan lahiriyah san­dhang, papan, pangan, kuwarasan, lan le­lipuran ing gebyaring bebrayan, ana­nging uga tindak pakarti sing tansah dialembana ing liyan, lan dialembana dening Gusti Allah Sing Maha Wikan.

Gatra 5         :        Mrih kretarta pakartine ngelmu luhung Purwanthi lumaksanane ana ing wanda “tarta” lan karti, yaiku lumaksana                                          gumanti swara, saka arta dadi swara arti.

Gatra 6         :        Ora ana purwanthi lumaksanane

Gatra 7         :        Agama ageming aji Yaiku tembung agama banjur lumaksana ing tembung ageming. Dadi suwara agama gumanti Swara                                   ageming. Jangkeping pangerten yaiku purwakanthi lumaksana swara gumanti iku, saka wanda ing ngarep jumangkah                                     memburi.

Satemene pancen akeh rumpakan tem­bang apa dene unen-unen utawa pari­kan apa paribasan sing  cangkepane tetembungan mawa purwakanthi lumak­sana. Upamane: Tembang Lir-ilir, tem­bang Kate-kate dipanah, dipanah ngisor gelagah. Banjur sesanti: Rawe-rawe ran­tas, malang-malang putung. Ana maneh unen-unen: Ela-elo, wong Jawa kari se­paro, Cina-Landa kari sajodho.

Unen-unen: Wong Jawa kari separo, Cina-Landa kari sajodho iku yen ditampa satleraman isih seneng. Merga wong Jawa isih separo gunggunge, tinimbang maune. Dene Cina-Landa mung kari loro-loro. Ananging yen dititi kanthi permati, iku mrihatinake. Merihake ati.

Coba ayo dititi. Yen dietung gung­gunge wong Jawa pancen isih akeh. Ana sing neng tanah Jawa, neng tanah Su­matra, neng Kalimantan, Sulawesi, Ma­luku, Irian, malah akeh uga sing neng ne­gara Suriname. Ewa semono wong Jawa sing neng tanahe dhewe, tanah Jawa basa Jawane kari separo. Malah sing neng Suriname basa Jawane isih wutuh lan isih jangkep amarga kerumat. Coba ing tanah Jawa, ing televisi, ing majalah basa Jawa, basa Jawane pancen mung kari se­paro. Upamane ing JTV ana giyaran pa­warta unine: “Gek wingi bengi ana ke­ce­lakaan, loro pengendhara sepedha mo­tor, matek, polahe, nabrak kendharaan sing ndhok ngarepe”. Banjur neng gerdhu utawa gredhu kanggo jejagongan karo omong-omongan ditulisi: Cangkru’an”. Kabeh iku yen dirungu utawa dirasakake dening wong Jawa sing isih wutuh Jawa­ne bakal ngelus-elus dhadha, prihatin banget. Basa Jawa sing maune endah, kok dadi bubrah. Nanging yen sing ngra­sa­kake iku wong Jawa sing kari separo Jawane, malah lakak-lakak seneng. Merga basa Jawa wis anut miline jaman. Senajan ta iline jaman edan. Yen pancen ngetut­ake jaman edan wong Jawa pancen bisa dadi jawal. Tegese rasa Jawane wis uwal, wis ketriwal. Mula basa Jawane ya pating grewal, pating pecothot, pating klepot kuraban aspal sing njebrot.

Jebul Cina lan Landa kari sajodho iku malah begja. Awit nyatane senajan sa­jodho, ananging wutuh, jangkep. Basa Cina tumrape golongan Cina isih dipepetri kanthi premati. Basa Walanda isih diemi-emi dening golongan Walanda isih dian­dhemi nganti saiki. Dene basa Jawa wis kelangan rupa. Wong Jawa nulis basa Jawa wis arang sing bisa. Apa maneh yen nganggo aksara Jawa malah wis akeh sing musna utawa sirna. Sing kliru iku mesthi sing duwe basa, amarga sembrana.

Ana unen-unen:

“Lena dadine sirna” utawa : “Lena kena”

“Lirwa dadine cuwa” utawa : “Lirwa cuwa”

Mula sing waspada

 

Cakepan lan Tegese Tembung

Unen-unen “tembung” ngemu teges utawa surasa telung warna. Yaiku:

1. Tegese pocapan utawa ucapan sing ngemu surasa

Apa wae sing diucapake uwong sena­jan mung sawanda utawa sakecap wae, angger ngemu teges, iku wis diarani tem­bung. Contone: E, utawa Eh, utawa O…,utawa ah…tegese nyaruwe.

2. Tegese bal cilik dianggo dolanan bocah-bocah.

Contone: Yen dolanan tembung aja neng njero omah, mundhak kena kaca, njur kacane pecah.

3. Tegese dijaluk palilahe

Contone: Wis tak tembung pindho meksa durung oleh.

Tindak-tanduke. Lerege mesthi ya agama Islam sing minangka ngelmu adi-luhung iku gondhelane.

Yen para pangrasuk ageman agama Islam kabeh gelem nindakake agamane kanthi mantep teguh, mesthi tumrape pakartine utawa cak-cakane tindak-laku sing gegondhelan ngelmu luhung agama­ne mau mesthi pinuju. Tan ana pakarti sing nyulayani ing prajanji, tansah ming­kar-mingkur ing angkara. Nyatane kepriye kaantebane?

Tembang Pangkur Mingkar-Mingkur iku pancen kesuwur. Akeh sing kepranan utawa karenan nembangake ing antarane uga para pesindhen lan waranggana. Ana­­nging rehne tembang jejere sing asli yasane KGPAA Mangkunegara IV iku arupa seratan aksara Jawa, angel ketemu ing bebrayan. Sing ana mung tedhakan, utawa turunan mawa aksara Latin. Mula sok sulaya panulise, uga salaya pang­rungu­ne. Kaya tembung kretarta apa kre­tarta uga ora cetha. Kebenaran pancen iku tegese padha, mung beda pangucape. Kaya tembung kerta lan kreta, tembung kreteg lan kerteg, iku padha wae. Kaya pre­mana karo permana, ya padha wae. Ing tulisan aksara Jawa asline iku ing tem­bang Pangkur mau aksarane ka dikeret, apa ta ka dipepet lan dilayar. Pangandhar dhewe durung tau weruh. Wis ba dilayar, bar…!

Sarehne mung krungu-krungu, mula sok ana lira-lirune tembung, malah ana sing kliru. Upamane tembung: “ing ang­kara”, ana sing krungune ing “akara”, uta­wa ing “ukara”. Rumangsa ya bener, mer­ga ora weruh. Padha karo lagu Garuda Pan­casila ana tetembungan: Akulah pan­dukungmu. Banjur ana sing krungu niro­kake, jebul munine: “Akulah pandu kamu”. Lha pancen ora weruh. Ana maneh bacute lagu iku, sing unine: “Patriot Proklamasi”, ditirokake unine: “Patriot mosa masi”. Banjur teruse maneh sing unine: “Pribadi bangsaku”, jebule ditirokake unine: “Pri­bang-pribangsaku”. Lha ya pancen ora ngerti, ya sing ngerti wae mbenerake.

Ana lagu liya maneh sing dikarang de­ning Sam Bimbo yen ora kliru mawa irah-irahan: Oh Tuhan, sing ana tetembungan: “Pahala dan dosa saling beradu”. Banjur ana sing nirokake merga krungu-krungu wae unine: “Pahala dan dosa saling ber­padu”. Rak dadi kosok balen karepe. Bab kliru pangucap nirokake iku asring banget kedadeyan.

Dene cakepane tetembungan ing tem­bang Pangkur Mingkar-Mingkur iku pan­cen wis katata kanthi titi lan patitis. Te­gese pancen trep lan nges banget. Kaya tembung: “resmining”, iku trep banget sing tegese: “manunggaling”. Sejatine sing asring kanggo tembung iku, “saresmi”. Tegese: sa iku siji, resmi iku manunggal. Dadi wose “siji manunggal utawa nyawiji sarerangken. Mula ana tembung ‘saresmi” ing bebojowan, tegese saangga, saawak, samanunggale badan lanang lan wadon. Banjur katambahan wanda ma, dadi sa­ang­gama, dicekak dadi sanggama. Wanda ma tegese tandang utawa tumandang, utawa makarya. Dadi tembang Pangkur isi pitutur iku mau pancen wis disuguhake (sinawung) ing rerangken nyawiji arupa kidung utawa tembang.

Pancen Sinuwun utawa Sinuhun utawa Susuhan Kangjeng Gusti Pangeran Mang­kunegara IV iku sawijining pujangga agung sing limpat ing ngelmu sembarang kalir lan ngelmu agama Islam, wikan ing pangrasa. Wikan tegese ngerti sing banget linuwih. Mula pancen trep banget sinebut Sinuhun tegese “sing dusuwuni”. Utawa Susuhane, tegese kang kasuwun­an pituduh. Tembung Susuhunan iku saka tembung sesuwunan, panggonan nyu­wun pangayoman, sing sok dicekak ma­neh dadi “Sunan”, yaiku gurune para raja Islam ing tanah Jawa ya panggonan nyu­wun sembarang ngelmu. Dadi tembung: “Susuhunan” iku dudu saka “suhu” tem­bung basa Cina sing tegese “guru”, ana­nging saka basa Jawa asli sing tegese “Pa­mengku Sesuwunan”. Kapinunjon wae tegese meh padha.

Panjenengane Kangjeng Susuhunan Mangkunagara IV, wis kersa yasa dedha­pukaning tembung pirang-pirang sing sinaresmi ing buku Wulang Reh, tegese: Piwulang mranata. Isine pitutur luhur bab patraping urip miturut agama Islam. Ya tumrap panguwasa, utawa kholifah, ya tumrap kawulaning praja, ya tumrap ka­wu­laning Gusti Allah, ya tumrap sesa­maning titah sawantah. Ing sawijining ca­kepaning tembang, panjenengane paring pitutur: “yen tan mikani rasa”. Tan mikani, tegese ora duwe wikan utawa ora ndu­weni ngerti ing rasa, urip ing bebragan bakal dadi: “Gloyak glanyuk nglelingsemi”. Tlunyar-tlunyur ngisin-isini. Mula pardiya utawa perdiya para siwi utawa “ya bu­nayya”, kanthi rena ing penggalih amurih kretarta pakartine ngelmu luhunge. Amar­diya marang para “winengku”, amrih tin­dak-tanduk solah bawane lan bandha, arta, sarta hartakane bisa tata-raharja kabeh, nyenengake kabeh. Ora kedade­yan: “Glonyak-glonyak nglelingsemi” ing bab solah bawa, lan bab bandha lan arta. Ora onyar-anyur, ora lingak-linguk. Gon­dhelane mung siji, yaitu ngelmu luhung, ngelmu agama Islam sing wis nyakup ngel­mu sembarang kalir lan ngelmu budi lan pakarti sing kudu ditrepake manung­gal ing panguripan. Awit yen ora manung­gal, bakal mahanani kaya ujare sawijining winasis saka tlatah Eropah, Albert Eins­tein, sing muni: “Ngelmu sembarang kalir yen tanpa ngelmu agama iku wuta. Ngel­mu agama wae tanpa ngelmu sembarang kalir iku nglumpruk tanpa daya”. Mula lelorone kudu manunggal. Iku lagi bisa dadi ngelmu sing adi luhung. Sinuwun Mangkunegara IV wikan banget bab iku. Mula banjur paring pitutur marang sape­padhane kawulaning Gusti Allah supaya karenan mardi siwi, sing dadi jejibahaning saben wong, minangka wujuding sedhe­kah ngelmu lan genti-genten ngelingake ing bab-bab sing bener, sarta minangka ngamal becik utawa sholeh, kanthi sabar, kaya surasane Surat Al Ashr. Nuwun. (*)