Modifikasi Kaisar Ruby 150-2008

Udhuk - Posted by on June 26, 2012

Modifikasi Kaisar Ruby 150-2008

Sakawit Andi Cahyono mujudake sutresna ‘berat’ sepe­dhah montor mawa gaya sport. Nanging sawijining dina ori­entasine ganti.

“Pengin ah pisan-pisan ganti aliran. Coba nggawe motor chopper custom” tuture Andi, julukan akrabe.

Sing dadi bahan uji cobaane yakuwi sepedhah montor Kaisar Ruby 150 gaweyan taun 2008.

Motor kang asline nduweni sasis mawa suspensi dobel skok ing bagian mburi iki dening Andi diowahi dadi suspensi rigid. Rangkane diganti nganggo bahan pipa anyar mawa ukuran 0,75 dhim.

Bab iki mesthi wae dieloni owah-owahan ing jok single seater kang digandholi pir loro tilas skok mburi bebek Honda kang dipotong 10 cm. Kanthi mangkono ora krasa atos kanggo nyangga awake Andi kang nduweni bobot 80 kg lan dhuwur 170 cm ksb.

“Tetep krasa empuk kok,” ujare priya kang bukak usaha bikers shop iki.

Dampak liyane yakuwi owah-owahan ing rante penggerak kang diganti nganggo duweke Satria F lan didawakake kanggo ngetutake rangka kang uga modot.

Sikil ngarep isih asli duweke Kaisar kang katon cilik tam­pilane melu dipensiunake. Diganti skok duweke Yamaha RX K kang dicustom lan dikondom saengga katon kaya skok upside down.

Lan kanggo ngimbangi rodha ngarep lan mburi kang diganti nganggo ban ukuran gedhe, mesthi wae performa mesin kudu diupgrade. Bab iki supaya playune motor ora kedhodhoran merga kabotan ban.

Ora pati ekstrem kok setting mesinne, merga tunggangan iki kanggo dipigunakake sedina-dina. Cukup ngoprek sithik-sithik wae, panutupe Andi.

 

Data Modifikasi Kaisar Ruby 150 2008    :

Ban ngarep & mburi : Swallow

Pelek ngarep             : Variasi

Pelek mburi               : Mobil

Skok ngarep              : RX-King

Skok mburi                : Yoko

Head lamp                 : Custom

Setang                       : Custom rante

Knalpot                      : Custom

Ragad    :               Rp 6 yutanan (d)***