Mlebu Sekolah Nyeker Sarapane Tela Rong Tengker

Anyar Katon - Posted by on October 8, 2013

Dina Senen, tanggal 1 Juli 2003 kepungkur Sekolah Dasar Kanisius (SDK) Notoyudan kang loka­sine ing dalan Letjen. Suprapto, Yogya­karta, ngadani pengetan ambal warsa kang ka-75. Sekolah kasebut madeg tanggal 1 Juli 1938. Acara mau dibarengake karo acara reuni tilas siswa-siswine, ora winates lulusan/angkatan taun pira. Kabeh alumnus sing isih bisa diubungi, diundang rawuh. Klebu tilas Bapak-Ibu gurune. Acara lumaku sukses, lancar, lan gayeng.

Ing wektu iki, pindhane bocah, SDK Notoyudan mau katon bagus, bregas, lan waras. Disawang saka njaba, gedhong sekolah katon ngengreng. Mane­ka taneman pasren ngrenggani teras ruwang kelas. Ing plataran amba kang dikonblok, ana uwit nogosari cacah loro kang wis gedhe. Godhonge ngrembuyung, njalari swasana edhum ing wayah awan. Jogan kelas kang sekawit jobin semen wis diganti keramik putih. Bapak-Ibu gurune, kabeh lulusan perguran tinggi. Mung siji cita-cita apadene pepenginan kang tekan dina iki durung kawu­judan, yaiku: sekolah kasebut durung bisa dadi Sekolah Favorit utawa Sekolah Unggulan ing kutha Yogya.

***

Penulis kalebu salah sawiji­ning alumnus sekolah kasebut kang ing jaman biyen sebutane: Sekolah Rakyat (SR) Kanisius Notoyudan. Lulusan taun 1957. Entuk jawilan saka Panitia, pe­nulis mijekake wektu nekani aca­ra kasebut.

Ketemu kanca lawas, kepara lawaaas banget, ing suwaliking rasa bagya gembira, tuwuh rasa trenyuh lan semedhot. Kabeh wis padha lansia, dadi Yangkung lan Yangti, duwe putu. Malah, siji-loro ana sing wis dadi Mbah Buyut. Karana kondhisi phisik apadene mapan ing kutha kang adoh ing sanjabaning Yogyakarta, ora akeh kanca sa-angkatane penulis sing bisa teka ing acara mau. Sabageyan malah wis padha ndhisiki sowan ing Ngarsaning Gusti Kang Maha Agung. Patemon kang diwiwiti jam wolu esuk tekan jam rolas awan rinasa mlaku cepet banget. Rasane isih kurang suwe. Bubar acara reuni, angen-angene penulis bali menyang jaman kuwi, seket lima taun kepungkur.

Ing taun ajaran anyar 1951 penulis dilebokake sekolah ing papan kono. Nalika semana kahanan sekolahan isih prasaja lan mrihatinake banget. Gedhung sekolahe kluwus. Sabagiyan bangunane isih arupa gedheg. Yen udan, gendhenge akeh sing bocor. Plataran ngarep isih lemah mbluduk. Dianggo playon bocah, bleduge mumbul mrana-mrana. Yen mangsa udan, becek, mblethok. Sakupenge sekolahan uga dipa­geri, nanging ya mung “pager-pageran”. Tanpa lawang. Kewan ingon-ingon warga kiwa-tengen kono kayata: pitik, banyak, menthog, sona, kucing, bisa bebas sesaba, mlebu metu komplek sekolahan.

Plataran sekolahan kang notabene duweke sekolahan, dimanfaatake kanthi bebas lan merdika dening sok sapa wae. Wayah sore dianggo main bal-balan. Dudu bocah-bocah cilik, nanging bocah agal lan uwong diwasa, yaiku warga kampung ki­wa-tengene sekolahan kono. Wayah bengi asring dimanfaatake bakul jamu nggelar dagangane. Bakul jamu sing asring nggelar dagangane ing papan kono, yaiku Pak S. Amat. Dheweke dodol jamu obat kuwat di­renggani atraksi ketrampilan numpak sepedha. Nganggo sepedha rodha siji cen­dhek, rodha siji dhuwur, lan sepedha sport.

Uga ing wayah bengi, plataran sekolah mau dadi jujugan kaum wanita, ibu-ibu, lan para babu (PRT) wadon, padha ajar num­pak sepedha. Ngapa ajar numpak sepedha kok ndadak milih wayah bengi? Lha yen wayah awan isin. Ajar numpak se­pedha mono nganggo proses, ora mung sepisan terus bisa. Yen durung trampil mesthi gleyar-gleyor lakune, nubruk iki, nubruk iku, bisa tiba glangsaran tenan. Bayangke wae, wong wa­don, ajar numpak pit, tiba glang­saran diweruhi wong akeh, apa ora isin?! Mula iku anggone ajar milih ing wayah bengi.

Lan isih ana liyane maneh event-event kang ora ana gegayu­tane karo sekolahan digelar ing plataran sekolahan. Kayata, page­laran kesenian jathilan dening grup jathilan klilingan. Warga kam­pung nalika ngadani kegiyatan pengetan Hari Kemerdekaan Re­pu­blik Indonesia, uga ing papan kono. Klebu kegiyatan Pemilihan Umum taun 1955 kanggo wilayah kampung Notoyudan uga digelar ing plataran sekolahan kasebut.

***

Dadi bocah sekolah ing jaman biyen beda satus wolung puluh drajat karo ing jaman saiki. Jaman biyen bocah sekolah ora bisa me­nuntut utawa njaluk werna-werna marang wong tuwane. Lha sing dijaluki ya durung karuwan bisa minangkani. Senajan barang sing dijaluk iku kanggo keperluwan sekolah. Sarana lan piranti sekolah ya mung sak-anane, sak nduwene. Bocah nem­­bung njaluk ika njaluk iku yen ora diparingi, ya wis. Ora bakal nangis kekejer.

Mula akeh bocah mangkat sekolah mung “nyeker”, bertelanjang kaki alias ora nganggo sepatu. Klebu sing nulis artikel iki. Isin? Rikuh? Ya ora! Tenang-tenang wae. Bab sing kaya mengkono iku lumrah. Kancane penulis sing nyeker uga akeh. Babagan penganggo, jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Kathok, klambi ya mung saanane. Pihak sekolah ora majibake murid-muride nganggo pakaian seragam. Jaman semana ora ana upacara bendera ing plataran sekolah saben dina Senen esuk.

Lungguh ing kelas siji penulis isih migunakake alat tulis wujud sabak lan grip, gantine buku sekrip lan pensil. Lagi ing kelas telu yen nulis migunakake buku sekrip. Iku wae buku sekrip saka…kertas merang. Isih begja yen mangkat sekolah kanthi weteng wareg isi sega. Ora sethithik bocah mlebu sekolah mung sarapan tela kaspa godhong rong tengker. Kala samana sarana lan prasarana pendhidhikan isih sarwa winates. Ora mokal yen asile uga ora maksimal.

Ora mung murid wae sing ngrasakake urip prihatin, sarwa cupet, lan sarwa ngam­pret. Guru-gurune uga kaya mangkono. Gaji guru Sekolah Rakyat ora cukup kanggo urip sesasi. Nanging ing kahanan kang kaya mengkono, semangat kerja lan ka­setyane ngrungkebi profesi guru, patut diacungi jempol tangan loro. Ing seko­lahane penulis ana guru cacah telu kang darbe semangat diatas rata-rata, ngedab-edabi. Guru kasebut yaiku Bu Sam (mulang kelas siji), Bu Sardjono (mulang kelas telu), lan Pak Rubiyo (mulang kelas lima). Wektu iki Bapak lan Ibu guru mau kabeh wis seda.

Bu Sam lan Bu Sardjono yen mulang ing saben dinane mesthi ngagem busana tradhisional, ndhuwur klambi kebayak lan ngisor jaritan. Rambute digelung, persis kaya Raden Ajeng Kartini. Dene Pak Rubiyo kerep-kerep ngagem clana panjang lan hem drill werna soklat. Sepatune fantovel kulit werna ireng, ajeg mbluthuk, arang mambu lap. Saka daleme ing kampung Dukuh kang dohe watara limang kilometer, nitih pit onthel lanang, cet-e wis klu­wus. Tas kulite werna soklat kang uga kluwus dicanthelake ing planthangan pit. Jan persis, pleg, sosok guru kaya kang digambarake dening Iwan Fals ing lagune…Umar Bakri.

Alumnus sekolah kasebut sing sak-angkatan karo penulis mesthi ora bisa lali marang guru telu mau. Bu Sam, Bu Sa­djono, lan Pak Rubiyo mau me-legenda ing atine murid-muride. Penggalihe kang sabar lan ngemongan karo bocah, ndadekake bocah padha kurmat lan cedhak marang panjenengane. Mula yen guru mau rawuh, lagi manyuk plataran sekolahan wae wis dipethukake murid-murid. Ana sing ngga­wakke tas-e, payung kertas-e, apadene nuntun sepedhane.

Siji maneh guru SR Kanisius Notoyudan sing uga me-legenda, yaiku Pak Kresno. Pak Kresno kang Kepala Sekolah ngrang­kep mulang kelas enem iku kawentar minangka guru galak. Ing dina tinamtu panjenengane ngagem busana Kejawen, yaiku klambi beskap lan bebedan jarit. Ngagem sandhal selop, ora kerisan. Ora lali, tindak mrana-mrene mesthi nyekel gitik kaya walesan pancing, dawane telung prapat meter. Akeh-akehe, murid padha “kedher” yen nganti ditimbali lan adu arep karo Pak Kresno.

Sak akeh-akehe murid mesthi ana sing nakal, lan mbeling. Siji ing antarane yaiku Samsu Ruboyo Jawoto, kancane penulis nunggal kelas. Sawijining wektu Pak Kresno tindak gledheh-gledheh arep tumuju kamar kecil, liwat tengah plataran sekolahan, pas wektu ngaso. E…lha kok Samsu Ruboyo ngetutake tindake Pak Kresno ing mburine. Nirokake gaya tindake Pak Kresno karo diemper kaya pemain kethoprak mlaku ing panggung ngono kae. Karo semu ngece. Kapinunjon nalika iku Pak Kresno ngagem busana Kejawen.

Mbok menawa krasa yen diledhek, Pak Kresno mengo memburi. Mesthi wae Samsu ketangkap basah anggone ngece, nirokake tindake Pak Kresno. Bubar saka kamar kecil, Samsu ditimbali menyang ruwang Guru. Nang kono “dikudang”, entek golek kurang amek. Ora lali bocah mbeling mau diparingi bebungah “ceples”. Gitik walesane Pak Kresno ndharat ing lengene Samsu Ruboyo. Rumangsa salah, bocah mbeling mau mung bisa pringas-pringis kelaran.

***

Umbar utawa istirahat mujudake wektu sing ditunggu dening murid-murid. Ing wayah istirahat murid bisa dolanan apa wae ing plataran sekolahan kang arupa lemah mbludhuk. Ana sing main lompat tali tampar, sondhah mandhah, peplayon, embat-embatan bal, lan sapanunggalane. Mesthi wae, mengko yen mlebu kelas maneh, sikil wis ora rupa sikil. Mbludhuk, bladhus kaya tela kaspa mentas dibedhol.

Tutug dolanan, tumrap murid sing mangkat sekolah disangoni dhuwit dening wong tuwane, terus mlayu menyang pikulan-e Lik Man, tuku es gosok. Sekethip utawa sepuluh sen entuk sak-gelas. Yen ora, andhok nang warunge Mbok Jum. ing kono sumadhiya manekawan jajanan bocah. Ana panganan clorot, kuweh sempe, bolu emprit, ampyang, jenang sirsat dibuntel kertas minyak, marning, jambu kluthuk, dhuwet, tebu kang wis dikethoki cilik-cilik, lan isih ana liyane maneh. Maneka jajanan bocah mau regane limang sen. Sing rada larang sekethip utawa sepuluh sen. Lha sing ora disangoni dhuwit dening wong tuwane? Cukup mlayu nang ngone Pak Rebo, Pak Bon sekolahan. Ing kono disedhiyani banyu kendhi. Sok sapaa wae bisa ngombe banyu mau kanthi gratis.

Tumrap murid-murid kelas lima lan enem ing jaman semana, kasti mujudake olahraga sing disenengi, saliyane bal-balan. Meh kabeh murid kelas lima lan enem, ora mawas iku lanang apa wadon, racake pinter main kasti. Penulis sak-kanca nate ngarumake jenenge sekolahan lumantar olahraga iki. Ing Lomba Kasti antar Sekolah Rakyat sak-wilayah Yogya Barat, sekolahe penulis nate dadi juwara loro. Bebungahe “piala” perak dhuwure telung puluh sen­timeter. Ora dikantheni “uang pembinaan” wujud Tabanas kaya saiki.

***

Mengkono sacuwil crita nostalgiane penulis sajroning ngangsu kawruh ing Sekolah Rakyat Kanisius Notoyudan, Yogyakarta, seket lima taun kepungkur. Kebak keprihatinan, sarwa cuwet lan ngampret. Ewasemono penulis tetep suka syukur, awit saka berkahing Gusti Kang Maha Murah, siji-loro alumnus sekolah kasebut ana sing dadi “uwong”. Siji ing antarane ana sing dadi pejabat dhuwur ing lingkungan TNI Angkatan Udara ing Ja­karta (wis sawetara taun purna tugas).

Sing gawe bombong, dene senajan wis setengah abad luwih alumnus sak-ang­katane penulis ninggalake almamatere, pranyata isih kelingan lan isih peduli marang tilas sekolahane. Sawetara taun kepungkur, nalika pihak sekolah beba­rengan karo Pengurus BP-3 utawa Komite Sekolah sebutane ing wektu iki, ngrehab sarana sekolah, mbudidaya ngubungi para alumnus kang isih bisa dihubungi. Asile, akeh alumnus sekolah kasebut kang padha aweh pambiyantu. Wujud saran, iguh pertikel, apadene financial.

Wasana sumangga.