Miyak Tuladhan Crita Wayang ing Serat Tripama

Anyar Katon, Watak & Wayang - Posted by on April 17, 2012

Bambang Sumantri

Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa samya anuladha,
Kadya nguni caritane,
Andelira sang Prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lalabuhanipun,
Kang ginelung tri prakara,
Guna kaya purunne kang denantepi,
Nuhoni trah utama,

Lire lalabuhan tri prakawis,
Guna bisa saniskareng karya,
Pinudi dadi unggule,
Kaya sayektinipun,
Duk mbantu prang Manggada nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Purunne sampun tetela,
Aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.

Wonten malih tuladhan prayogi,
Satriya gung nagari Ngalengka,
Sang Kumbakarna namane,
Tur iku warna diyu,
Suprandene nggayuh utami,
Duk wiwit prang Ngalengka,
Dennya darbe atur,
Mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
De mung mungsuh wanara.

Raden Kumbakarna

Kumbakarna kinen mangsah jurit,
Mring kang rak dennya tan lenggana,
Nglungguhi kasatriyane,
Ing tekad datan purun,
Amung cipta labuh nagari,
Lan noleh yayahrena,
Myang luluhuripun,
Wus mukti aneng Ngalengka,
Mangke arsa rinusak ing bala kapi,
Punagi mati ngrana.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
Lan Pandhawa tur kadange,
Lan yayah tunggil ibu,
Suwita mring Sri Kurupati,
Aneng nagri Ngastina,
Kinarya gul-agul,
Manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
Ngalaga ing Korawa.

Minungsuhken kadange pribadi,
Aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
Dene sira pikantuk,
Marga dennya arsa males-sih,
Ira sang Duryudana,
Marmanta kalangkung,
Dennya ngetog kasudiran,
Aprang rame Karna mati jinemparing,
Sumbaga wirotama.

Katri mangka sudarsaneng Jawi,
Pantes lamun sagung pra prawira,
Amirita sakadare,
Ing lalabuhanipun,
Aja kongsi mbuwang palupi,
Manawa tibeng nistha,
Ina esthinipun,
Sanadyan tekading buta,
Tan prabeda budi panduming dumadi,
Marsudi ing kotaman.
Uran-uran tembang Dhandhang gula ing dhuwur cuplikan saka Serat Tripama anggitane KGPAA Mangkunegara IV. Isine nyritake paraga wayang cacah telu kang nduweni watak becik (utama) lan ala. Paraga wayang cacah telu kasebut yaiku Bambang Sumantri, Adipati Karna lan Raden Harya Kumbakarna.

1. BAMBANG SUMANTRI

Ditya Sukasrana

Miturut cuplikan saka serat Tripama kasebut bisa kitha uningani menawa  Bambang Sumantri kang tembene aran patih Suwanda iku klebu paraga wayang sing akeh-sithike nduweni sipat kontroversial. Sumantri dianggep pahlawan, karana tansah njun-jung dhuwur sipat kaprawi-ran, nanging uga ana sawetara sipate kang kurang pra-yoga (ala), yaiku kaduk piangkuh.
Bambang Sumantri ngono putrane Resi Suwandagni (Suwandageni) ing padhe-pokan Ardhisekar.  Satriya bagus kang tansah dadi panjang kidunging para Kenya, nanging ing te-lenging atine mung tansah kayung-yun marang ka-prawiran. Ka-nuragan, lan jaya kawijayan. Saka genturing tapane, pinaringan kadigdayan linuwih lan  gegaman kang ampuh.
Dening keng ramane, Su-mantri dhinawuhan suwita ana ngarsane Prabu Arjunasasrabahu ing Maespati. Pasuwitane bakal ditampa janji bisa mboyong Dewi Citrawati, putrine Prabu Citra-darma ing Magada (Mang-gada), kinarya prameswarine Sang Nata.
Bambang Sumantri nglurug menyang Magada, ngalahake raja sewu Negara kang dipandhegani Prabu Darmawasesa, yaksendra saka Negara Windarba kang uga bakal ngayunake Dewi Citrawati. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati dalah putri dhomas, bakal katur Prabu Arjunasasrabahu.
Satekane saka Magada, Sumantri ora enggal ngaturake Dewi Citrawati, nanging malah njaluk supaya diboboti nganggo pancakara utawa perang tandhing kinarya nodhi sepira kadigdayane sang Nata Prabu Arjunasasrabahu. Dening sang Prabu diladeni. Supaya aja nganti ana panyakrabawa yen iku perange kawula mungsuh ratu gustine, mula Bambang Sumantri banjur kaparingan ageman kanarendran  lorodane sang nata. Pamrihe murih seimbang kalungguhane, yaiku ratu mungsuh klawan ratu.
Nalika Sang Prabu meh keseser yudhane, banjur triwikrama dadi brahala sagununganakan. Sumantri arep diuntal malang, nanging ora sida jalaran Su-mantri kang wis rumangsa kasoran ban-jur nglumpruk ana pangarepane sang Nata karo nyuwun pangaksama. Sang Prabu Arjunasasra paring pangapura, nanging Sumantri bali ditodhi kasudib-yane kanggo nebus kaluputane. Suman-tri dhinawuhan muter Taman Sriwedari saka Kahyangan Uttarasegara (Untara-segara) menyang Maespati.
Kanthi nalangsa, nggetuni pakartine, Sumantri mulih menyang padhepokan, ketemu karo adine Ditya Sukasrana kang awujud buta bajang sing rupane medeni nanging kasektene ngedab-edabi. Su-mantri nyritakake kabeh lelakone marang adhine kuwi. Sukasrana saguh mitulungi janji dikeparengake ndherek suwita ing Maespati. Sumantri nyaguhi.

R Harjuna

Bebasan mung sakedheping netra. Sawise manengkupuja, Sukasrana bisa mindhah taman Sriwedari saka Kahyang-ane Bathara Wisnu mau menyang maes-pati, saengga ndadekake gumune para kawula. Prabu Arjunasasra klawan Dewi Citrawati didherekake para putri uga ngersakake mriksani lan niti-priksa Taman iku.
Nalika lagi ngresepi ka-endahane taman duma-dhakan Dewi Citrawati anjelih kepati (njerit) merga meruhi ana buta bajang ana papan kono. Rumangsa isin, adhine dikongkon mulih dhisik, di-njanjeni yen pasuwitane wis di-tampa tenan, Sukasrana arep diajak suwita uga, Ning Sukasrana ora gelem pisah karo Sumantri. Dening Sumantri banjur diagar-agari jem-paring. Nanging tanpa sengaja panah mau mrucut lan tumama ana dhadhane Sukasrana saengga nda-dekake patine. Sumantri  rumangsa keduwung. Nalika arep ngrungkebi kunarpane, Sukasrana sanalika ilang musnah. Saka madya ganthang keprungu suwara lamat-lamat: “Kakang Sumantri. Aku emoh mlebu menyang suwarga menawa ora bebarengan karo kowe. Ti-tenana ka-kang, sesuk yen kowe tandhing tiyasa karo ratu buta, iya ana kono nggon-ku methuk kowe beba-rengan munggah pasu-wargan,”
Bubar kuwi, pasuwit-ane Sumantri katampa. Wini-sudha dadi patih ing Maespati aran Patih Suwanda. Kondhang minangka patih sing tansah setya tuhu marang ratu gustine. Nalika ndherekake Sang Prabu lan Prameswarine lelumban ana ing narmada, ketekan Dasa-muka sing nedya ngarubiru. Ya nalika nrenggalangi kridhane Prabu Dasa-muka iki, akhire Patih Suwanda gugur me-nangka pahlawan Maespati.

2. ADIPATI KARNA  
Adipati Karna utawa Basukarna iya Basusena mono kondhang kadidene  satriya kang njunjung dhuwur kasu-diran. Adipati iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik kebawah negara Astina. Garwané asma Dèwi Surtikanthi, putrané Prabu Salya ratu ing Mandaraka. Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati (garwané Prabu Duryudana), mula ing padha-langan Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna, “Kaka Prabu Karna” utawa “Kaka Adipati Karna”.
Miturut crita pedhalangan. Prabu Karna iya Suryatmaja iku putra-né Bathara Surya lan Dèwi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating Wasu, yakuwi manungsa setengah déwa. Mula ora mokal yèn Karna kasinungan kadigdayan kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat tim-bang karo keprigelané Arjuna. Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakané Karna wu-jud keris aran Kiai Kaladete (yèn ing padhalangan gagrag Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajiné Karna yakuwi aji Kalalupa (bisa ngetokaké buta akèh banget), lan Naracabala (bisa ngetokaké gegam-an manéka warna).

Adipati Karna

Tembung Karna kuwi dhéwé se-jatiné nduwéni teges kuping, amarga lairé liwat kuping. Critané mangkéné: nalika Dèwi Kunthi isih kenya naté meguru marang resi Druwasa kang sekti. Karo sang resi Druwasa, Dèwi Kunthi diparingi mantram panggen-daming déwa aran Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan, kang dayané yèn diwateg bakal nekakaké déwa sing lagi sela. Welingé sang resi, Dèwi Kunthi ora éntuk ngrapal mantra kuwi sembarangan, yèn perlu temenan waé. Amarga péngin ngerti kasiyaté mantra kuwi sawijining dina Dèwi Kunthi ngrapal mantra saka sang resi. Kabeneran Déwa sing lagi sela yaiku Bhatara Surya kang nguwasani sre-ngéngé. Kocap kacarita Bhatara Surya seneng karo Kunthi. Nalika ngerti yèn Dèwi Kunthi anggarbini banjur Bhatara Surya mbudidaya supaya jabang bayi bisa lair tanpa liwat guwa garba. Kanthi ka-sektené Bhatara Surya, si jabang bayi bisa dilairké liwat kuping utawa karna. Mula ban-jur diparingi asma Karna. (Basu-karna). Bayi Karna nuli diwadhahi ken-dhaga, banjur dikelekaké ing benga-wan Gangga. Ing tembé bayi Karna ditemu déning kusir Adhirata.
Nanging miturut crita padha-langan jabang bayi Karna dadi puta angkaté Prabu Radeya ratu ing Pe-thapralaya. Sawisé diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa ngalahaké Prabu Karnamandra (Kala Karna), ratu ing negara iki. Pa-tihé Karna asmané Patih Adimanggala (Surahadimanggala).
Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satria iki ngerti yèn sejatiné  Kurawa kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi je-jering satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn wis nate nggawe ke-becikan marang dhèwèké. Ing perang kuwi, Karna bisa maténi Gathot-kaca nganggo pusaka Kuntowijayandanu. Dhèwèké uga méh maténi Arjuna. Nanging panahé luput amarga nalika Karna arep nglepasake jem-paringe ngener janggane satriya Madukara iku, Prabu Salya nyen-dhal jarané. Salya nalika iku dadi kusiré Karna, kang sejatiné man-tuné dhéwé. Déné Arjuna dikusiri déning Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kéné, Karna mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopati.
Adhipati Karna iku salah sijining tokoh wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani simpatik. Dhèwèké  bisa kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna, Adipati Karna asring dadi panutan ing perkara nasionalisme

3. KUMBAKARNA 

Brahala

Kumbakarna iku putrané  Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi ingkang angka loro. Sasedulur nunggal rama ibu ana papat, yaiku Dasamuka (Rawana), Kum-bakarna, Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing Panglebur-gangsa. Garwané widodari, bebisiké Dèwi Kiswani, lan banjur peputra loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba
Wujudé  Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora ana kang madhani lan katon ngge-girisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa kendhi), mulané sinung aran Kimbakarna.
Nalika Dasamuka mertapa ing Gunung Gohkarna, Kumbakarna ora kari. Sajroné mertapa, uripé Kumbakarna mung sarana banyu, necep sarining bun. Awit saka genturing tapané, Kumbakarna karawuh-an Bathara Guru, Kumbakarna kapareng-aké darbé panyuwun, lan panyuwuné bakal diijabahi.
Satemené  para déwa kang ndhèrèk tindaké Bathara Guru padha ora nyarujuki yèn Kumbakarna kaparingan nugraha, awit Kumbakarna doyan mangan ma-nungsa. Wus akèh manungsa, brahmana, resi, widadara, widodari dalasan para déwa pisan kang dimangsa déning Kumbakarna. Bathara Guru nuli dhawuh marang Dèwi Uma supaya manjing ing tutuké Kumbakarna, dumunung ing pucuking ilaté, supaya aturé raseksa iku ora padha karo sing dikarepaké. Mula nalika ditari nyuwun nugraha apa, Kumbakarna nyuwun supaya: bisa turu kepati nganti atusan taun, kuwat mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, bias gawé kekesé mungsuh.
Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Petak Gelap Sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yèn wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa turu kepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna kuwawa mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-santosané salirar. Saben mentas mangan lan ngombé kang akèhé nganti ngundhung-undhung kaya gunung, lumrahé Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi lawasé. Dayaning aji Petak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yèn petak swarané kaya gelap ngampar, agawé kekesing atiné para mungsuhé.

Gunawan Wibisana

Ana ing Alengka, kalungguhané Kumbakarna iku dadi senopatining wadyabala. Kumbakarna senadyan asipat diyu (buta) nanging pambegané satriya. Marang wataké Dasamuka kang banget angkara murka, Kumbakarna benget nyeda (nyacat), Dasamuka ndhusta Dèwi Sinta garwané Ramawijaya banget cineda déning Kumbakarna. Miturut panemuné ngalap bojoning liyan sarana dinustha, iku panggawé nistha, dudu pakartiné satriya. Yèn miturut wataké satriya ngalap rabiné liyan iku kudu sarana perang. Kumbakarna wola-wali asung pamrayoga marang Dasamuka supaya Dèwi Sinta dibalèkaké dhisik marang Rama. Sawisé mangkono menawa Dasamuka kepingin nggarwa dhèwèké, Kumbakarna saguh ngrebut kanthi sarana taker ludhira (bandayuda) mungsuh Rama.
Nalika Alengka rinabasa wadyabala wanara nganti tumekané Patih Prahasta sirna dikepruk tugu watu dening  Jaya Anila, Raden Kumbakarna isih turu kepati Mula Prabu Dasamuka banjur paring dhawuh marang Raden Indrajit iya Megananda kanthi wadyabala sagelar sepapan supaya nggugah Kumbakarna. Nanging angel banget panggugahé Kumbakarna agawé gumuné wadyabala kang dinuta. Sanadyan awaké nganti wola-wali giniles kréta apangirit turangga utawa diidak-idak gajah, parandéné Kumbakarna isih tetep turu kepati. Bareng wulu-puhuné (cumbu)-né dibedhol, Kumbakarna sanalika gregah tangi.
Wis dadi padatané Kumbakarna saben mentas turu kudu mangan lan ngombé. Salebaré mangan-ngombé  kang ora karuwan akèhé, Kumbakarna banjur ngadhep kadangé wreda. Sawisé diwartani rusaking wadyabala Alengka nganti tekan sédané  Patih Prahasta, Kumbakarna banjur didhawuhi madeg senopati mbrastha wadyabala wanara, balané Prabu Rama.
Kumbakarna wegah maju perang. Akèh-akèh aturé marang Dasamuka kang wosé  nyalahaké tumindaké kangmasé. Biyèn wis dièlikaké  supaya mbalèkaké Dèwi Sinta marang Rama. Bareng saiki Alengka katekan bebaya, negarané rusak, saiki mbingungi. Dasamuka nesu banget, nganti kawetu ucapé bab pangan sing dipangan Kumbakarna iku wuluwetu bumi Alengka, généya gelem mangan asil buminé teka ora gelem mbélani bumi wutah getihé kang wektu saiki diidak-idak mungsuh.
Kumbakarna panas atiné. Kabèh  panganan lan ombèn-ombèn sing mlebu wetengé  sigra diwutahaké manèh ana ngarepé Dasamuka. Pasewakan agung kraton Alengka dadi kembeng (banjir) bayu utah-utahané Kumbakarna. Gandané ora enak, marahi muleg-muleg ning weteng. Dasamuka sangsaya nesu, Kumbakarna diunèk-unèkaké sakatoké. Tanpa pamit, Kumbakarna maju ana ing paprangan. Sedyané ora nglabuhi angkara murkané Dasamuka, nanging nedya mbélani lan ngrungkepi bumi wutah getihé kaya kang digambaraké ana ing Serat Tripama yasané pujangga Mangkunegara IV kaé. Wusanané Kumbakarna gugur ana paprangan. Irungé grumpung lan talingané pagas merga dicokot lan disempal déning Sugriwa. Tangané loro lan sikilé loro tugel kajemparing déning Rama. Senadyan kari gembung isih bisa ngamuk, nggulung-nggulung. Wusana jemparing pamungkasé Rama tumanen ing jajané Kumbakarna saéngga palastra.
Patine Kumbakarna kanthi pérangané awak kang diprèthèli mbaka siji iku minangka piwalesé Ditya Jambumangli kang duk ing uni uga mati kanthi awak diprèthèli déning Resi Wisrawa, keng ramané Kumbakarna. Nalika semana ya Jambumangli iku kang dadi jago, ngadani sayembara perang ngadhepi para satriya kang bakal ngayunaké Dèwi Sukesi, klebu Resi Wisrawa. (Amien Nugroho).