Misteri Candhi Mleri, Yasane Prabu Jaya baya

Anyar Katon, Flash, Kawruh Sapala - Posted by on October 9, 2012

Bebrayan Jawa bisa tahan ngadhepi gempuran jaman ora amarga saka kekuwatan militer utawa ekonomine. Wiwit jaman kuna, para leluhur paring wewarah lumantar tembung-tembung verbal utawa pralampita-pralampita.

 

Cungkup kuburan ing Candhi Mleri-sing bener kuburane Ranggawuni apa Ki Ageng Mleri

Intine bisa ngendhaleni dhiri, njaga katentreman amrih bisa terus ngiseni urip kanthi pakaryan-pakaryan sing migunani. Ing saben jaman pan­-cen kadhangkala ketrajang ing pra-hara perang utawa kena bebendu liya. Ning, iku dudu esthine bebrayan dhewe. Sawatara kelompok dadi ci-kal bakale kahanan ala, ning ajaran luhur tetep: memayu hayuning bawa-na!

Mula, tekan saiki isih bisa disipati tinggalan-tinggalan kuna sing bisa nuduhake tekan sepira adine. Salah sijine Candhi Mleri ing Desa Be-gelan, Kecamatan Srengat, Ka-bupaten Blitar. Papane ing pe-peting Gunung Pegat, lan kalebu candhi sing nuduhake anane se-sambungan karo pamujan ma-rang leluhur. Anane lingga, can-dhi iki bisa kasebut candhi Hindu. Kejaba iku, uga ana salah sijine relief sing nggambarake dewa, yaiku trimurti dewa 3: Wisnu, Brahma, lan Syiwa. Lingga ing kene wujude naturalis pepethan phallus sing nggambarake Dewa Siwa. Pasangan Dewa Uma di-wujudake yoni. Manunggale lingga-yoni, pralambang kesuburan uga ana ing can-dhi iki. Pralanang iku titikane kabudayan jaman batu sing uga tinemu ing Candhi Kalicilik, Ponggok, Blitar. Manut kaper-cayan kuna, perangane manungsa, sirah lan planangan iku ngandhut kekuwatan gaib bisa ngusir roh pepeteng.

Candhi Mleri iki kabangun wiwit jaman Prabu Kamewara ing taun 1198, kang luwih kasusra kanthi jeneng Prabu Jayabaya. Iya ing mangsa panguwasa-ne iki Daha nemoni jaman kencana ruk-mi. Pambangun Candhi Mleri katerus-ake jaman Singosari. Rada aneh yagene kok diterusake dening Singosari, ka-mangka negara loro iki mungsuh be-buyutan.

Pak Janep (kiwa) sing ngreksa Candhi Mleri

Sing dadi misteri saka Candhi Mleri yaiku tinemune kuburan Islam ing sa-tengah-tengahe Candhi. Lan kuburan kasebut uga saka watu Candhi (andesit) kang padha karo bangunan kiwa tenge-ne. Padunung kono percaya yen salah sijine kuburan ing areal candhi iku kuburane Ranggawuni utawa Prabu Wisnuwardana kang mbangun Singo-sari tumuju jaman kencana. Kuburan Ranggawuni iki sinengker ing jero gedhong cungkup, kang dening padu-nung kono diarani Ki Ageng Mleri.

Yen candhi-candhi liya tinemu madhep ngulon kang rata-rata kanggo pamujan, Candhi Mleri madhep ma-ngidul. Ciri khas minangka Candhi Hindu saka jaman Daha lan Singosari katon manjila saka relief kang ana watu-watu andesit senajan wis ora pepak maneh. Salah sijine yaiku ing jero ge-dhong cungkup ana relief kang nggam-barake sulur-suluran lan gambar wanita timpuh kang ngadhep pawongan lagi semedi. Gambar kasebut yen ing istilah Jawa jer basuki mawa beya, tegese yen kepengin penak kudu wani kangelan (tapa), lan sabanjure bisa nggayuh apa sing dikarepake.

Ing njaba gedhong cungkup ana relief kang nggambarake pawongan kang nggawa terate. Ana maneh relief kang nggambarake pawongan nggendhong anak, wong lanang sinandhing kukila ing ngisor wit. Wondene ing ngarep mapagake regol ana relief awujud buta makara kayadene lumrahe candhi-candhi tinggalane Singosari lan Majapahit. Emane karana pating blasah mula ora bisa nafsir isine relief kasebut nggambarake sawijining frakmen crita kayadene ing candhi-candhi liyane.

Lingga nggambarake Dewa Siwa

Ing perangan wetan ana prasasti telu nanging emane wis ora bisa kawaka apa isine. Mung ana kang nuduhake taun yaiku 1120 Caka lan taun 1091 Caka. Sing aneh banget ing jaban gedhong cungkup iya ana kuburane kaya salumrahe kuburan Islam, cacahe telu. Kuwi kuburan tenan apa watu-watu candhi sing ditata ngentha kayadene kuburan. Yen disawang saklebatan pancen kaya kuburan Islam, ning yen dijingglengi kanthi permati kuwi cetha yen dudu. Sebab, cirri khase kuburan Islam jaman Singosari lan jaman Majapahit iku kejaba maesane dawa uga dhuwur.

Candhi Mleri direksa dening Pak Janep karyawan Balai Suaka Purbakala Trowulan. Diangkat taun 1980, ngganteni bapake Swargi Nurbani. Nalika isih dhines rong taun (pase taun 1982) ana salah sawijining Guru Besar saka Jepang, asmane Prof. Nakadi, kang teka menyang Candhi Mleri. Wektu iku nginep rong dina ana ing daleme Pak Janep, saperlu nliti Candhi Mleri.

Anggone nliti wektu iku mung nganggo kertas putih. Sadurunge ditempelake ing peninggalan-peninggalan purbakala, kertas putih kasebut dibanyoni dhisik (banyu apa Pak Janep ora ngerti). Bubar kuwi genah tulisane, lan sabanjure diwaca. Miturut katrangan Prof. Nakadi wektu iku, tulisan iku nyritakake riwayate Singosari. Mleri tegese panglereman. Kala tegese Sudarsanahasta. Sudarsana: nduduhake, hasta: tangan. Sudarsanahasta: tangan kang nduduhake.

Wondene giwang lengkong ing buta makara ngemu teges yen bapa-biyunge wis kapundhut dening Gusti Allah, tengkorake banjur dijupuk digawe suweng minangka tumbal omah (digandhul-gandhulake ana tengen). Yen dicandra sengkala, irung: 1. Siyung 2. Mata 2. Kuping 2. Tegese madege Singosari taun 1222.

Buta Makara ing tengah regol ngarep nuduhake yen iki candhi yasan jaman Singosari

Sabanjure adhedhasar katrangan-katrangan ing dhuwur, apa bener Ranggawani kaleremake ing Mleri? Sing cetha yen ing jero cungkup iku kuburane Ki Ageng Mleri, bener! Lha yen kuburane Ranggawuni, embuh! Sebab jaman semana babar pisan durung ana pengaruh Islam.

“Ora ana katrangan kang gumathok. Ujare mbah-mbahku biyen kuwi kuburane Ki Ageng Mleri sing sejatine Ranggawuni”, mangkono pratelane Pak Janep.

Ranggawuni kuwi panguwasa Singosari ing taun 1250-1272. Ranggawuni keturunan langsung saka Ken Arok. Sabanjure digenteni Prabu Kertanegara kang ngumbulake jeneng Singosari ing jaman kejayaan. Sateruse Kertanegara nglantarake laire Majapahit.

Durung ana rancangan kanggo restorasi Candhi Mleri. Mula saka iku Balai Pustaka Trowulan nggolongake Candhi Mleri minangka situs sejarah. (*)