Mas Ngabehi Musyafiq, Pelukis Uga Dhalang Wayang Beber

Anyar Katon, Flash - Posted by on May 23, 2012

Mas Ngabehi Musyafiq Prasetya

“Ing Jawa ana rong jinis wayang Beber” ngono kandhane M. Ng. Musyafiq sing bisa diceluk Musyafiq, pelukis uga dhalang wayang Beber inovatip asal Gading Belang Wetan Klaten lor Jawa Tengah. Piyambake kajaba wasis mi­nangka pelukis wayang Beber uga wasis nyritakake (ndha­lang), dene iringane wis digawe modern nganggo Key Board (urgen) lan nganggo iringan penyanyi campursari.

Miturut Musyafiq Wayang Beber klebu wayang sing sepisanan sadurunge ana wayang kulit, critane njupuk crita Panji Asma­­ra­bangun jaman keraton Kediri. Bedane karo wayang kulit, nek wayang kulit sawise jaman Sunan Kalijaga. Wa­yang Beber wayang sing awujud gambar nyritakake lelakon dhuk rikala uni. Wa­yang Beber kalungguhane ing Indonesia wiwit jamane keraton Kediri lan dadi babone wayang kulit.

“Aku ing kene ndha­lang dudu dhalang klasik utawa tradhisi nanging minangka dhalang wayang Beber kontem­porer, dhalang legenda, dha­lang ring­kes dha­lang sing nglantar­ake crita gambar wa­yang”. Ngono bacute Musya­fiq.

Lan mitu­rut piyam­bake ing tanah Jawa tu­mekaning saiki jinis wayang Beber mung kari loro. Wayang Beber Ki Demang Kuning ing Pacitan Jawa Timur lan Wayang Beber Ki Re­meng Mangunjaya ing tlatah Gunungkidul Yog­­yakarta. Wayang Beber sing asli wis ka­ton rusak. Kanggo nge­tokake wa­yang Beber saka kotha­ke kudu sla­metan. Wa­yang Beber sing ana ing Gunung­kidul diwadhahi kothak kayu srana gam­bare di­lunthung. Supaya ora dipangan bubuk ing ngisore dilemeki wulu manuk merak.

Anggone mayangake sing ana Pacit­an lan Gunungkidul beda. Ing pacitan dha­lange ana ing sapemburine gambar dene sing ana Gunungkidul dhalang ing ngarep gambar. Iringane mung prasaja Kendhang, Kethuk, Gong, Rebab lan Gambang tanpa sindhen. Nanging saiki owahe jaman Musyafiq gawe wayang Beber kreasine lan diwa­yangake dhewe. Lan iringane music elek­tonan. Dene basane basa Jawa lan basa padin­an sarta dilengkapi basa Indonesia kanthi durasi 30-40 menit.

Mangkono katerangane dhalang wayang Beber inoatip Mas Ngabehi Musyafiq Prasetya (64 taun) asal Gading Klaten sing mentas iki mang­gung ing Kecamatan Klaten Tengah lan mburi pasar Ngasem Yogya­karta jroning rerangken pem­buka­an pamer­an lukisan sing di­adani dening Paguyuban Senirupawan Klaten. Dene ing Yogyakarta ambal warsa­ne sing kaping 75 Ibu Mien Brojo lan Untung Basuki 63 taun anggota Sang­gar Bambu.

Musyafiq piyambak pancen unik ang­gone ndhalang wayang Beber inovatip, crita lan musike migunakake musik elek­tonan sing ditabuhi dhewe. Dene sin­dhene sing ngiringi sandhangane biyasa ora nganggo bayak lan jarik jenenge Mus­tika. Dene lakone Andhe-Andhe Lumut sing gambare dilukis dhewe. Ka­jaba Andhe-Andhe Lumut dheweke uga gawe gambar wayang Beber lakon Ramayana Anoman Duta nggoleki Dewi Sinta. Bawang Abang lan Putih.

M Ng Musyafiq Prasetya lagi ndhalang iringane orgen

Dheleng gambare Musafiq pancen unik, warna sing digunakake wis modern dudu warna klasik maneh nanging bahane nganggo kanvas putih sing digambari wayang Beber nganggo cet Acrili. Wayang Beber sing digawe ambane 70 cm lan dawa­ne 4 meter. Lan regane variasi saka sing Rp 2.000.000,- tekan Rp. 3.000.000,- larang lan orane gambar gumantung karo critane.

Musafiq piyambak kajaba dhalang wa­yang Beber inovatip uga anggota Pagu­yup­an Seni Rupawan Klaten (Pasren) lan asring melu pameran. Pendidikane mung tekan SSRI Yogyakarta lulusan taun 1972. Anggone omah omah karo Siti Kamaliyah wisa anak-anak papat cacahe arane Luk-luk Sita, Tohir Bakri, Mashut, Nazuba lan putu lima. Anggone rabi taun 1994.

“Aku uga tau pameran ing Galeri Ash Shommad Jatinom lan kutha kutha ing Jakarta, Solo lan Jakarta” kandhane Mu­sa­fiq bab pengalaman anggone pameran, karo mbenakake mik sing tumempel ing dhadhane lan siap manggung kanthi lakon crita Andhe Ande Lumut gaweyane dhewe.

(RDS)