LSW 20 / 2013

WULANGAN BASA JAWA

Kalawingi kula ngelesi lare kelas 2 SD. Wektu niku, wulangan basa Jawa. Won­ten soal kados menika: “Sapa sedulur tu­wane Semar?”. Dipunpadosi dhateng bu­ku pegangan lan pepak, wangsulanipun mboten wonten. Terus kedah di pun pa­dosi dhateng pundi? Taksih untung kula gadhah kumpulan cerita wayang, sing ke­te­pakan wonten silsilahipun Semar me­nika.

Manut pemanggih kula, kok materi wulangan Basa Jawa menika radi keladuk. Ngelingi sakmenika kathah tiyang sepuh ingkang mboten mangertos bab wayang. Malah-malah kathah ingkang mboten saged basa Jawa. Dados sanes bab ing­kang aneh menawi sinau basa Jawa di­raos langkung awrat tinimbang basa Ing­gris utawi Mandarin.

Mbok sageda kurikulum basa Jawa saged didamel langkung “bersahabat”. Maksudipun diutamakaken bab unggah-ungguh basa lan aksara Jawa mawon. Kang­go kasusastraan ya ora usah sing abot-abot. Wong gurune wae wis akeh sing keconthalan mulange. Contone nggih kula piyambak niki. Ingkang tepang basa Jawa kawit alit lan taksih seneng maca majalah Basa Jawa wae yen matur basa Jawa isih pating pecothot.

Tak kira yen materine ora pati abot, rak bocah-2 bisa luwih seneng lan kasu­sastraan (budaya) Jawa bisa di selipake liwat dongeng utawa VCD, dadi bisa luwih variatif.

Muga-muga basa lan budaya Jawa bisa terus lestari aja nganti cures kaya basa dhaerah liyane.

Nuwun.

 

Yanik Agus Setyaningsih

Jl. Wadang 33 Blitar.

 

KATUR MAS WARDOYO SRAGEN (PS No 9 /2013)

Pancen bener akeh lelagon bocah uta­wa liyane sing angel dipahami maksude, luwih-2 yen isine kritik utwa panyaruwe marang panguwasa. Contone:

1. Lelagon sur kulonan kang nggam­barake taktik strategi penjajah nguwasni krajan ing Nuswantara.

 

Sur Kulonan

Makemak, makemaké ré té té

Tak oyaké ré té té

Tak oyaké. Nèk kecandhak dadi gawé

Dadi mesthi mati. Dadi mesthi mati

Tak bedhilé mimis wesi

Kong kong kong kong kong  x 2

 

Gemak (pribumi) diglembuk. Nèk ora manut diburu. Yèn rakyat wis dikuwasani, adi (adipati / ratu) wis ora duwé daya mungsuh bedhil utawa kompeni.

2. Lelagon kupu kuning. Ngendikané simbahku, iku strateginé P. Dipanegara nga­dani perang gerilya. Mlayu mrana mré­né singidan. Ning yèn wis méncok (nye­rang) bisa gawé kapitunan gedhé kaya kupu jati. Alas jati éwon hèktar bisa ludhes. Penjajah judheg. Ngajak réwang.

3. Lelagon Koning-koning. Koning iku tegesé panguwasa / penjajah. Kawula iku rakyat pribumi digawé lara utawa ditu­dhes. Ngentèni kodhok lengking utawa juru pitulung. Ndog siji tegesé muncul siji ambruk, muncul loro keblebeg, kesileb, ilang sebab dhoyak utawa dioyak tawon geni, mungsuh sing duwé senjata ampuh yaiku bedhil utawa mriyem. Yèn ngombe cangkir slaka, dudu gelas.

Kiwa tegesé piala utawa jahat. Ora duwé welas asih, penganggo mompyor sugih. Bung kecubung, mendem, ngawur, ora ana paédahé. Gelung malang utawa kondhé, bébas. Ing ngendi waé ngudal ambu apeg ora wangi utawa tumindak sing ora bener.

Mengkono, manut ngendikané sim­bah­ku biyèn. Yèn ana sedulur sing kasdu paring tambahan utawa mbeneraké, aku matur nuwun banget. Nuwun.

 

J. Sudjono —  Kulon Progo

LSW 19 / 2013

LSW | Posted by | June 3, 2013

Nomer Langganan Aku langganan PS wis luwih saka 10 taun, liwat kanca ing ka­demangan, kang agene asma Bapak Wahyudi, ing desa ...

Sapepake

LSW 18 / 2013

LSW | Posted by | May 28, 2013

SRIKANDHI KEMBAR Kairing sagunging kaurmatan Aku sawijining pelanggan majalah PANJEBAR SEMANGAT wiwit taun 1983 nganti tumeka saiki. Sal

Sapepake

LSW 17 / 2013

LSW | Posted by | May 24, 2013

KANGGO PT POS INDONESIA Aku mèlu nyuwun tanggapan PT Pos Indonesia kaya déné aturé sdl. Pak Yo Jl. Raya Tulus Ayu ...

Sapepake

LSW 16 / 2013

LSW | Posted by | May 10, 2013

SAPA NGERSAKAKÉ SERAT RAMA Sawatara taun kepungkur rikala Pak SIN (Soebagijo IN) cuci gudhang, aku kaparingan buku “Serat Rama” weton

Sapepake

Page 1 of 1612345...10...Last »