Lempuyangan, Stasiun Sepur Sepisanan ing Ngayogyakarta

Anyar Katon, Flash - Posted by on July 5, 2012

Stasiun Lempuyangan jaman saiki, yen dina libur utawa Minggu sok kanggo papan momong bocah kang pengin nonton sepur langsir

Sepur utawa kereta api mujudake sawijine alat  transportasi massal sing klebu murah meriah. Sepur wis ana ing tanah Jawa  wiwit taun 1864-an utawa sabakdane perang Diponegoro. Pemerintah kolonial Wa­landa anggone duwe krenteg  mba­ngun dalan utawa jaringan rel sepur komplit sak stasiune sisan ing pulo Jawa pancen ndu­weni petungan ekonomis lan strategis yaiku kanggo luwih nggampang­ake anggo­ne ngawasi keraton Ngayogya­karta kang dianggep mbebayani tumrap pe­merintah kolonial Walanda sarta nggam­­pangake anggone ngangkut ser­dadu serdadu kum­peni saka beteng-beteng utawa markas tentara Walanda me­nyang dhaerah-dhaerah konflik me­nawa sa­wayah-wayah dibutuhake kanggo nyirep dredah (pem­berontakan) sarta kanggo ngusung asil wulu wetune bumi saka dhaerah-dhaerah menyang pelabuh­an utawa menyang Gu­bernumen ing Se­ma­rang lan Batavia (saiki Jakarta).

Sabakdane perang Diponegoro,  Gu­ber­nur Jawa Lor ing Semarang (Gouve­neus van Java’s Noor-Ooskust), van der Wijk,  usul marang pemerintah Kerajaaan Walanda ing Nederland supaya gawe dalan sepur saka Semarang, Ambarawa, Magelang, terus tekan Ngayogyakarta. Penjaluke Van Der Wijk kuwi disarujuki dening Raja Willhem II saka kerajaan Walanda, kanthi paring dhawuh marang  Menteri Urusan Jajahan, Mr. Stelijes kanthi layang kekancingan (koninklijk besleit) Nomer 270 tanggal kaping 20 Mei 1842 kang isine mutusake arep mbangun gawe dalan sepur kang sepisanan saka kutha Semarang tekan Ngayogyakarta nanging kudu ngliwati Ungaran, Bawen lan Sala­tiga.

Surat kang pungkasan iki sekawit di­tulak dening  perusahaan sepur swasta alias NIS ((Nederlansche Indische Spoor­weg Maatschappie), jalaran miturut pe­tungane, kejaba jalur kuwi ngliwati pe­gunungan sing ateges mbutuhake wragad kang ora sethithik, uga jalaran jalur iku ora bisa kanggo ngangkut asil wulu wetu­ne bumi ing antarane Surakarta lan Nga­yog­yakarta. Wusanane pemerintah Wa­landa ngalah lan NIS diwenehi kebebasan milih jalur dalan sepur sing dikarepake, kanthi cathetan NIS kudu tetep nggawe­kake dalan sepur tumuju pos Willhem I, minangka markase militer kompeni ing Ambarawa.

Tanggal 7 Juni 1864, ing desa Kemi­jen – Semarang diadani upacara pasang rel sepisanan dening Baron Sloet van Beerle. Rel sepur sepisanan kuwi saka Ke­mijen (uga ana kang ngarani stasiun Ta­wang Semarang), mangidul ngetan tekan stasiun sepur Tawang ing desa Tanggung, Kecamatan Tanggungharjo, Kabupaten Grobogan Kedungjati kang dawane wa­tara 30 km. Tanggal 10 Agustus 1867, ram­­pung lan diresmekake kanggo liwat sepur kang sepisanan saka Semarang menyang Tanggung.

Stasiun Lempuyangan disawang saka jembatan layang

Ing tanggal 19 Agustus 1867, Peme­rintah Kerajaan Walanda menehi gaweyan marang NIS masang dalan sepur (rel) teruse kang tumuju Ambarawa, Magelang terus menyang Ngayogyakarta. Dene ana ing Ngayogyakarta kang kapiji  kanggo ngedegake Stasiun sepur kang sepisanan yakuwi ana tlatah Tegal Lempuyangan.

Desa Lempuyangan kang dipilih, jalar­an ana ing trantaman tatananing kutha kang diripta dening Kompeni Walanda. Gandheng tlatah Loji Gedhe (beteng Vre­deburg) lan Loji cilik wis dirasa sum­peg  kurang bawera. Mula kompeni Wa­landa banjur gawe ada-ada papan anyar kang sa­banjure kawentar kanthi jeneng Kota­baru. Kanggo nyedhakake calon papan panggonane bangsa Walanda karo sta­siun Sepur, mula stasiun sepur ing Nga­yogyakarta didegake ana sakidule Kota­baru, yakuwi ana tlatah desa Tegal Lem­puyangan.

Ing kawitane taun 1872, anggone masang rel dalan sepur tumuju Ngayog­yakarta, sarta anggone ngedegake Sta­siun Sepur Lempuyangan wis rampung Tanggal 2 Maret 1872 banjur diadani upacara kepyakan (peresmian) Stasiun Sepur Lempuyangan kang sepisanan ing wewengkon kutha Ngayogyakarta.

Papane Stasiun Lempuyangan iki ana ing sisih lor. Rikala semana Stasiun Lem­puyangan kang saiki isih regeng kuwi du­rung paja-paja dibangun. Saka stasiun Lem­puyangan mangulon terus menggok mengalor mandheg Stasiun Mlati- Kutu-Beran-Sleman nglumpati kreteg Kali Kra­sak mengalor ngliwati Muntilan, Blabag terus bablas tekan Magelang. Stasiun Lem­puyangan kang sepisanan iki saiki tetep isih digunakake kanggo ngunggah lan ngedhunake penumpang utawa  barang.

Stasiun Tugu

Kanggo  nyambung antarane kutha Batavia karo kutha Surabaya liwat jalur Kidul, Pemerintah Kolonial Walanda uga gawe dalan rel sepur kang liwat kutha Nga­yogyakarta – Surakarta – Madiun ngetan tekan Surabaya, Rikala semana kang jumeneng nata Sri Sultan HB VIII.  Gandheng adoh lete lan dawa dalane, kang dipasrahi nggawe dalan sepur mau yaiku jawatan sepur duweke pe­me­rintah Wa­landa yaiku Straats Spoorwagen kang ka­wentar kanthi cekakan Sepur SS.

Stasiun sepur ing kutha Ngayogya­karta kang dibangun dening jawatan sepur SS papane ana sacedhake dalan Tugu (iring kidul kulon Tugu). Sabanjure tekan saiki kawentar kanthi aran Stasiun Tugu Ngayogyakarta.

Stasiun Tugu Ngayogyakarta dikepya­kake kanthi mangsa tanggal 12 Mei 1887. Wektu semana rel dalan sepur kang ma­ngulon lagi tekan Cilacap. Sakbadane gawe dalan sepur tekan Cilacap sem­purna, nuli gawe dalan sepur anyar wiwit saka stasiun Kroya mengalor liwat Pur­wokerto terus Cirebon, mangulon tekan Batavia. Dene saka stasiun Ngayogya­karta kang ngetan liwat Surakarta, Madiun bablas tekan Surabaya.

Jaman biyen, sadurunge Indonesia merdika, ing tanah Jawa wis ana sepur gedhe kang lumaku ing wayah bengi saka Batavia tumuju Surabaya ngliwati Nga­yog­yakarta. Sepur sing mlaku wanci bengi jurusan  Batavia – Surabaya iku  mandheg tekan Stasiun Tugu Ngayogyakarta watara tabuh 11.00 bengi (23.00) saben dinane.

Jaman saiki para warga kang arep padha lelungan nitih sepur saka Stasiun Tugu utawa para warga kang padha mapag tamu kang teka, bisa mriksani lan maos seratan kang mapan ana saka-saka wesi wewangunan peron iring lor utawa sisih kidul Stasiun Tugu kang surasane  L.J Enthoven & Co Hage 1885. Tulisan mau mengku teges nuduhake yen saka-saka wesi peron Stasiun Tugu digawe dening pabrik L.J Enthoven & Co Hage kang dumunung ing Den Haq negara Wa­landa rikala taun 1886. Dalan sepur ing wewengkon tanah Jawa tinemu ing sajro­ning ramalan Jayabaya : Yen tanah Jawa wis sabuk wesi, wong jawa gari separo, Landa-China gari sajodho”.

Sepur Boemel

Tilas stasiun sepur truthuk ing Dongkelan

Sepur gedhe kuwi duweke jawatan pemerintah Walanda kang aran Straat Spoorwagen Maatschappie (SS). Gan­dheng lumakune kanggo dalan adoh lan suwe sarta rikat lumakune, kayata saka Ngayogyakarta tekan Batavia, Ngayogya­karta menyang Surabaya, mula lokomotip utawa ndhas-ndahsane sepur ukurane uga gedhe. Rodhane DD utawa CC, te­gese rodha papat utawa telu, sambung dadi siji, ukurane rel sepur dawa-dawa, ananging supaya bisa kanggo liwat banter anngone masang jejer radha ciyut. Sepur Truthuk utawa sepur Boemel ya­kuwi sepur sing mandheg saben tekan stasiun. Lumakune sepur truthuk iku ora banter. Biyasane kanggo tetumpakan bakul pasar, cah sekolah, pegawe lan liya-liyane. Regane karcis mung murah.

Sepur truthuk utawa sepur boemel yakuwi sepur sing ndhas-ndhasane  utawa lokomotipe ukuran cilik. Rodhane BB yaiku rodha loro gandheng dadi siji, ukurane rel rada cendhak. Ananging su­paya ora gam­pang nggoling, mapane jejer rel rele rada amba ketimbang sepur gedhe. Sepur tru­thuk utawa sepur kluthuk iki di­upakara dening NIS.

Sepur Boemel NIS ing Ngayogyakarta kejaba kang ngalor tumuju Magelang, uga ana kang mangidul tumuju tlatah Nga­yogyakarta iring sisih kidul. Kayata saka Stasiun Tugu mangidul liwat stasiun Ngabean (saiki wis dadi Taman Parkir) utawa stasiun Suryabrantan menggok mengetan Stasiun Timuran – Stasiun Basen (Kotagede) – terus mangidul tekan stasiun Barongan – stasiun Pundong – lan stasiun Bambanglipuro.

Stasiun cilik

Kawiwitan saka Stasiun Tugu – Nga­bean (Suryabrantan) terus mangidul tekan Dongkelan (saiki mung kari wewangun­ane ing ngarep PASTY – Pasar Satwa & Tanaman Yogyakarta) – Winanga (saka Stasiun Winanga ing dusun Glondong iki ana sing menggok ngulon tumuju Pabrik Gula Madukismo). Dene kang terus ma­ngidul saka Winanga – Cepit-Bantul-Pal­bapan-Srandakan – Brosot (mlebu we­wengkon Kulonprogo) lan Sewugalur.

Sepur Boemel kang mangkate saka Stasiun Lempuyangan mangulon- Tugu-Kutu- Mlati-Beran (saka stasiun Beran ana kang menggok mangulon tumuju Stasiun Cebongan). Dene kang terus mengalor tumuju Sleman-Medari-Tempel- terus mlebu tlatah Muntilan-Magelang.

Dene mangetan saka Stasiun Lempu­yang­an-Maguwa-Kalasan (saka Kalasan ana sing menggok ngidul tumuju Tan­jung­tirta). Dene sing terus mangetan saka Kalasan-Bogem-Prambanan bablas nyang Klaten.

Kuciwane rel dalan sepur Boemel kang ana tlatah Ngayogyakarta sabakdane taun 1970-an wis ilang kabeh, sebageyan isih ana nanging racake wis padha kependhem ing lemah. Ing jaman saiki mung ana perusahaan siji sing kajibah ngurusi thek-kliwere sepur yaiku PT Kereta Api Indonesia kang klebu minangka salah sijine  Badan Usaha Milik Negara (BUMN)

      Kanggo nglancarake lumakune sepur, wiwit taun 2000, pemerintah yasa rel dalan sepur rong jalur karan  rel sepur double track. Ing pangangkah kanggo nyuda sepur simpangan saengga luwih efisien. Rel double track iki sing siji kanggo sepur sing lumaku ngulon lan sing siji kanggo sepur sing lumaku ngetan. Saka Stasiun Tugu Ngayogyakarta mangetan tekan Surakarta, rel sepur doble track wis rampung. Semono uga sing tumuju Kutoarjo. (Isti Nugroho).